Dhasaring Panalitèn PURWAKA

5

D. Wosing Prakawis

Adhêdhasar undêraning prakawis saha watêsaning prakawis sagêd dipundamêl wosing prakawisipun. Wosing prakawis wontên panalitèn mênika katata kados ing ngandhap mênika. 1. Kadospundi inventarisasi naskah SNP ? 2. Kadospundi deskripsi naskah SNP ? 3. Kadospundi transliterasi teks SNP saha suntingan teks SNP ? 4. Kadospundi terjemahan teks SNP ? 5. Kadospundi jinising katrêsnan dhatêng garwa wontên teks SNP ?

E. Ancasipun Panalitèn

Ancasipun panalitèn mênika adhêdhasar wosing panalitèn ing nginggil. Wondéné ancasipun panalitèn mênika katata kados ing ngandhap mênika. 1. Ngandharakên inventarisasi naskah SNP. 2. Ngandharakên deskripsi naskah SNP . 3. Ndamêl transliterasi teks SNP saha suntingan teks SNP . 4. Ndamêl terjemahan teks SNP . 5. Ngandharakên jinising katrêsnan dhatêng garwa wontên teks SNP .

F. Paédahipun Panalitèn

1. Paédah teoritis Ancasing panalitèn mênika kanggé mangrêtosi wosing teks wontên satunggaling naskah SNP . Awit panalitèn mênika dipunkajêngakên sagêd nambahi 6 kontribusi kanggé ngêcakakên ngèlmi filologi . Bab mênika jumbuh kaliyan wosing teks ingkang kawrat ing satunggaling naskah Jawi inggih supados pamaos sagêd langkung gampil anggènipun mahami satunggaling naskah SNP. 2. Paédah praktis a. Asiling transliterasi , suntingan , saha terjemahan teks sagêd nggampilakên pamaos anggènipun maos teks SNP ingkang salajêngipun sagêd dipunpêndhêt piwulangipun . b. Asiling ngrêmbag jisining teks sagêda nambahi informasi jinising katrêsnan wontên SNP . Jinising katrêsnan kasêbut, salajêngipun sagêd dipunginakakên wontên ing gêsang bêbrayan.

G. Pangrêtosan

1. Kajian Filologi inggih mênika asiling telaah satunggaling ngèlmi ingkang kawrat wontên naskah Jawi kina ingkang awujud naskah kanthi ngginakakên lampahing panalitèn filologi. Lampahing panalitèn filologi ingkang katindakakên inggih mênika 1 inventarisasi naskah , 2 deskripsi naskah , 3 transliterasi teks, 4 suntingan teks , saha 5 terjemahan teks, lampah salajêngipun inggih mênika analisis teks. 2. Sêrat Ngèlmi Pangasihan SNP inggih mênika satunggaling irah-irahan naskah Jawi koleksi Museum Taman Siswa Dewantara Kirti Griya ingkang kasimpên kanthi nomêr kode Bb.1.092. SNP kacithak ing Kediri taun 1931, kaanggit déning R. Poedjahardja saking Surakarta . 7 3. Katrêsnan katrêsnan dhatêng garwa inggih mênika mulunging manah dhatêng tiyang jalêr utawi tiyang èstri kanthi nêdahakên tumindak saé, sarèh, saha sopan. 8

BAB II GÊGARAN

TEORI A. Filologi Filologi inggih mênika ngèlmi bab asiling karya tulis ingkang têmbungipun wiyar, inggih ingkang gayut kaliyan ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan. Miturut Shipley saha Wagenvoort lumantar Baroroh-Baried, 1985:1, têmbung filologi mênika aslinipun saking basa Yunani inggih mên ika têmbung „philos’ têgêsipun „rêmên’ saha têmbung „ logos ’ têgêsipun „têmbung’. Dhapukaning kalih têmbung dados satunggal têmbung inggih „ filologi ’ lajêng têgêsipun „rêmên têmbung’ utawi „rêmên micara’ utawi „rêmên budaya’. Pamanggih sanèsipun dipunandharakên déning Wagenvoort lumantar Sulastin-Sutrisno, 1981: 1 ingkang ngandharakên bab filologi bilih filologi asalipun saking basa Yunani „philologia’ têgêsipun „rêmên gineman’. Kanthi makatên, têgêsipun filologi inggih mênika ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nyinau bab basa, kasusastran, saha kabudayan. Pamanggih sanèsipun dipunandharakên déning Saputra 2008: 79 ingkang ngandharakên pangrêtosan ngèlmi filologi. Miturut Saputra 2008: 79, filologi dumados saking kalih têmbung, inggih mênika têmbung philos ingkang têgêsipun „têmbung’ saha logos ingkang têgêsipun „rêmên utawi ngèlmi’. Kanthi makatê, têgêsipun filologi inggih mênika ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nyinau bab kabudayan jaman rumiyin adhêdhasar naskah saha teks ingkang kapanggihakên . Wondéné Lubis 2001:16 ngandharakên bilih filologi inggih mênika sêsêrêpan ngéngingi sastra-sastra ingkang têbanipun wiyar ingkang gêgayutan kaliyan ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan. Filologi inggih mênika disiplin