8
BAB II GÊGARAN
TEORI
A.
Filologi
Filologi
inggih mênika ngèlmi bab asiling
karya tulis
ingkang têmbungipun wiyar, inggih ingkang gayut kaliyan ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan.
Miturut Shipley saha Wagenvoort lumantar Baroroh-Baried, 1985:1, têmbung
filologi
mênika aslinipun saking basa Yunani inggih mên ika têmbung „philos’
têgêsipun „rêmên’ saha têmbung „
logos
’ têgêsipun „têmbung’. Dhapukaning kalih têmbung dados satunggal têmbung inggih
„
filologi
’ lajêng têgêsipun „rêmên têmbung’ utawi „rêmên micara’ utawi „rêmên budaya’.
Pamanggih sanèsipun dipunandharakên déning Wagenvoort lumantar Sulastin-Sutrisno, 1981: 1 ingkang ngandharakên bab
filologi
bilih
filologi
asalipun saking basa Yunani „philologia’ têgêsipun „rêmên gineman’. Kanthi makatên, têgêsipun
filologi
inggih mênika ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nyinau bab basa, kasusastran, saha kabudayan.
Pamanggih sanèsipun dipunandharakên déning Saputra 2008: 79 ingkang ngandharakên pangrêtosan ngèlmi
filologi.
Miturut Saputra 2008: 79,
filologi
dumados saking kalih têmbung, inggih mênika têmbung
philos
ingkang têgêsipun „têmbung’ saha
logos
ingkang têgêsipun „rêmên utawi ngèlmi’. Kanthi makatê,
têgêsipun
filologi
inggih mênika ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nyinau bab kabudayan jaman rumiyin adhêdhasar
naskah
saha
teks
ingkang kapanggihakên
.
Wondéné Lubis 2001:16 ngandharakên bilih
filologi
inggih mênika sêsêrêpan ngéngingi sastra-sastra ingkang têbanipun wiyar ingkang gêgayutan
kaliyan ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan.
Filologi
inggih mênika
disiplin
9
ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nliti kanthi prêmati
naskah
-
naskah klasik
saha wosipun.
Wondéné Djamaris 2003: 3 ngandharakên bilih “filologi ialah suatu ilmu
yang objek penelitiannya berupa naskah-
naskah lama”. Ngéngingi bab pangrêtosan
filologi
miturut Djamaris ing nginggil, sagêd dipunpêndhêt dudutanipun bilih
filologi
inggih mênika salah satunggaling ngèlmi ingkang
objek
panalitènipun awujud
naskah-naskah
kina. Ingkang kawastanan
naskah,
inggih mênika sadaya anggitan ingkang taksih sinêrat mawi tangan sêratan carik ingkang
taksih asli mênapa déné santunanipun ingkang kasêrat ing ron tal lontar, dlancang, saha dlancang
saking Eropa dumugi jaman samênika wontên
naskah
ingkang taksih sinêrat tangan sêratan carik, nanging ugi wontên ingkang sampun sinêrat cithak.
Pamanggih sanèsipun dipunandharakên déning Mulyani 2009:1, bilih
filologi
inggih satunggaling ngèlmi ingkang gêgayutan kaliyan wohing
karya tulis
ingkang magêpokan kaliyan bab ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan. Adhêdhasar pangrêtosan ing nginggil sagêd kadudut pangrêtosanipun bilih
filologi
inggih mênika ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé nyinaoni bab
naskah
-
naskah
kina ingkang ancasipun nggandharakên isining
teks
ingkang kawrat ing salêbêting
naskah
. Pangrêtosan
filologi
dipunginakakên ing panalitèn mênika amargi panalitèn mênika nliti
naskah
kanthi irah-irahan
SNP
ingkang sinêrat mawi aksara Jawa cithak. Panalitèn mênika nggandharakên wosing
teks SNP
ingkang gêgayutan kaliyan ngèlmi basa, kasusastran, saha kabudayan.