Ngéman Katrêsnan Jalêr dhatêng Èstri

114 Saking pêthikan teks SNP ing nginggil mituhu marang garwanipun tiyang èstri mênawi dipundhawuhi dipuntindakakên kanthi saèstu. Sadaya paréntah, piwulang dipuneling-eling saha dipunlampahai. Mênawi paréntahipun mênika nindakakên ala, paréntah mênika sagêd botên dipunlampahi. Wujudipun mituhu patrapipun dhatêng tiyang jalêripun nyêngsêmakên, ulatipun manis saha têmbungipun saé, sarèh saha ruruh. Tuladhanipun tiyang jalêripun botên marêngakên ngrasuk busana sarwa gumêbyar, bab mênika kêdah dipunlampahi amargi mênika saé.

d. Ngladosi

Ngladosi mênika tiyang èstri kêdah nglampahi tumindak mênapa paréntahipun tiyang jalêr. Têgêsipun ngladosi mênika nglampahi sadaya paréntah garwanipun minangka paréntah ingkang saé saha botên kliwat watês. Anggènipun nglampahi paréntah mênika kanthi suka ing tyas. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngladosi, liripun: nglampahi pangrèh inggih punika tumindak punapa paréntah ing kakung kalayan pantês, têgêsipun pantêsipun lampahi tiyang èstri, botên manèk krambil. 21; A9 Terjemahan -ipun, Melayani , artinya : melaksanakan aturan yakni bertindak atas perintah suami dengan pantas, maksudnya pantas sebagai seorang perempuan, tidak memanjat pohon kelapa. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil ngladosi mênika tiyang èstri nglampahi sadaya paréntah garwanipun, tiyang èstri mênika kêrsa dipunparéntah kaliyan garwanipun. Ngladosi mênika ngladosi lair saha batin, mênawi wontên kabudayan Jawi mênika masak, macak saha manak. 115 Masak mênika tiyang èstri kêdah prigêl ndamêl dhaharan, nyaosakên dhaharan saha tumbas jangan uatawi sayuran. Macak mênika dandan anggènipun dandan namung kanggé garwanipun. Dandan botên namung aspek lairipun nanging ugi aspek batinipun inggih mênika nganggé tumindak ingkang bêcik. Manak mênika ngladosi garwanipun arupi sarêsmi inggih mênika nurunakên wiji suci dados putra. Satêmah ngladosi mênika nglampahi sadaya paréntah garwanipun ingkang saé, ngladosi mênika macak, masak saha manask mênawi wontên kabudayan Jawi.

e. Sêtya

Sêtya mênika tiyang èstri kêdah têmên. Têgêsipun tiyang èstri kêdah wantah, lugu, saha prasaja utawi botên bêbèngèsan, lêlèmèran, saha botên dora cara. Têgêsipun sêtya mênika sêtya marang garwanipun saha tindak tandukipun saé. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Sêtya, liripun: têmên inggih punika wantah, lugu, tuwin pasaja utawi botên bêbèngèsan tuwin botên lêlèmèran punapa déné botên dora cara. 21; A10 Terjemahan -ipun, Setia , artinya : tidak dusta, yaitu apa adanya dan sederhana atau tidak selingkuh apalagi berbohong. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri mênika kêdah solah bawanipun prasaja, mênapa wontênipun saha botên tumindak ala. Tiyang èstri mênika kêdah mênapa wontênipun, botên nutup-nutupi mênawi wontên prakawis-prakawis ingkang wigati.

f. Rumêksa

Rumêksa tiyang èstri kêdah anjagi karingkuhaning kakung, ngênêp wados saha botên calak lancang. Têgêsipun rumêksa mênika sagêd jagi wadi utawi