Sumungkêm Katrêsnan Èstri dhatêng Jalêr

116 rahasia kulawarganipun. Wadi mênika bab prêmana saha sagêd anjalari fitnah, mila mênika tiyang èstri kêdah sagêd jagi mênika. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Rumêksa, liripun: anjagi karikuhaning kakung ngênêp wados, botên calak lancang sêsaminipun. 21; A11 Terjemahan -ipun, Menjaga , artinya : menjaga hal-hal yang dapat menimbulkan rasa malu suami, menyimpan rahasia, tidak berbuat sekehendak hati sendiri. Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri kêdah sagêd njagi wadi saking kulawarganipun. Wadi mênika sipatipun rahasia ingkang nyumêrêpi namung tiyang jalêr kaliyan èstrinipun saha gusti Allah. Wadi samangké sagêd nimbulakên fitnah saha sagêd nimbulakên kulawarganipun botên rukun. Pramila tiyang èstri mênika kêdah sagêd njagi wadi saking kulawarganipun.

g. Biyantu

Biyantu tiyang èstri kêdah rêréncangan saha conggahipun mênapa ingkang kados kapakên tuwin wrastaning kakung kêdah dipunlabêti. Biyantu têgêsipun ngêwangi tiyang jalêripun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Biyantu, liripun: rêréncangan saha conggahipun punapa ingkang kados kapakên tuwin wrastaning kakung, kêdah dipunlabêti. 21; A12 Terjemahan -ipun, Membantu , artinya : menolong sesuai kemampuan atas perintah suami dan membela kesulitannya Saking pêthikan teks SNP ing nginggil bilih tiyang èstri sasagêdipun biyantu guru lakinipun. Têgêsipun tiyang èstri mênika anggènipun biyantu guru lakinipun kêdah wontên pasarujukan garwanipun, mênawi garwanipun botên sarujuk botên dipunlampahi. 117 Biyantu wontên mriki têgêsipun makarya pados arta, pados arta mênika jêjibahanipun tiyang jalêr. Tiyang èstri anggènipun biyantu guru lakinipun namung samadya kêmawon saha angsal pasarujukan kaliyan garwanipun. Jaman samênika kathah para èstri ingkang makarya pados arta nanging ampun kêsupèn bilih tiyang èstri mênika botên wajib pados kaya saha tansah ngurmati ingkang kakung.

h. Ngaji-aji

Ngaji-aji tiyang èstri mênika kêdah mundhi-mundhi sarta ngluhurakên ing kakung, punapa déné botên mêngku inggih punika botên ngrumiyini karsaning laki. Ngaji-aji mênika prinsip ngunggulakên kulawarganipun kanthi cara ngluhurakên garwanipun. Pêthikanipun kados ing ngandhap mênika. Ngaji-aji, liripun: mundhi-mundhi sarta ngluhurakên ing kakung, punapa déné botên mêngku inggih punika botên ngrumiyini karsaning laki. 21; A13 Terjemahan -ipun, Menghargai , artinya : sangat menghormati dan menjunjung tinggi suami dan tidak mendahuluhi kehendaknya. Saking pêthikan ing nginggil bilih tiyang èstri mênika ngurmati èstu kaliyan garwanipun, mênapa paréntahipun dipunlampahi saha mundhi-mundhi tiyang jalêripun. Tuladhanipun tiyang èstri tansah midhangêtakên ngêndikanipun garwanipun saha njagi hak garwanipun sanadyan garwanipun botên wibawa, kirang kawruhipun saha botên nandhingakên tiyang jalêripun kaliyan priya sanèsipun. Tiyang èstri makatên mênika ingkang ngaji-aji kaliyan garwnipun têgêsipun ngunggulakên garwanipun saha ngluhurakên garwanipun. Tiyang èstri mênika kawastanan èstri ingkang solihah .