Penilaian kompetensi sikap melalui penilaian diri

11 LAMPIRAN 1 : Bahan Ajar Materi Pembelajaran Berita Berbahasa Jawa

A. Pemahaman Berita Berbahasa Jawa

1. Hakikat Berita Berbahasa Jawa

Pawartos utawi kabar saged dipuntegesi minangka andharan pelapuran ingkang kababar lumantar medhia, ingkang angkahipun wonten ingkang kangge paring kabar lan wawasan kemawon, wonten ingkang paring ngelmi, pendhidhikan, kangge hiburan, utawi saged ugi paring penggalihan opini tumrap masyarakat ingkang nampi pawartos kala wau. Pawarta inggih menika teks minangka prastawa atur kanthi paugeran kohesi, koherensi, intensionalitas akseptabilitas, informativitas, situasionalitas, intertekstualitas de Beaugrande dan dressler, 1981. Wujud pawartos inggih menika dokumen cetak ugi visual surat kabar, radio, televisi, grafiti, iklan, film, surat pribadi, buku, kitab suci, lan selebaran. Tiyang ingkang ngaturaken Berita Berbahasa Jawa dipunsebat penyiar. Wondene tiyang ingkang pados Berita Berbahasa Jawa dipunsebat wartawan. Penyiar ingkang ngaturaken wosing pawartos dipunsebat orator, dene ingkang maosaken isinipun pawartos kanthi jlentreh dipunsebat narator. Kanthi nyemak pawartos, masyarakat saged pikantuk nilai-nilai pendidikan ingkang sae, raos panglipur salebeting gesang ingkang tansaya awrat saha panggalihan-panggalihan ing maneka werna bidhang. Samukawis bab ingkang magepokan kaliyan dumadosing pawartos, saking ngempalaken warta, medhianipun, anggenipun nyetak, paraganipun, limrahipun dipunwastani jagad jurnalisme. Sipatipun jurnalistik. Ateges sadaya ingkang gegayutan kaliyan palapuran pawartos katujokaken dhumateng masyarakat mlebet bidhang jurnalisme, sipatipun jurnal utawi pelapuran

2. Kata-kata sukar di dalam Berita Berbahasa Jawa

Kata-kata sukar inggih menika tembung-tembung ingkang boten mangertos tegesipun wonten ing lebeting teks Pawarta. Salajengipun saged dipunpadosi tegesipun lumantar Kamus Baoesastra Djawa.

3. Struktur teks Berita Berbahasa Jawa

12 Tuladha Teks Berita Salam Pambuka Assalamualaikum Wr.Wb Sugeng enjing Pambuka Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi Kawaosaken dening dening Roro Sunyi Keris Isi Pawartos