Penilaian kompetensi sikap antarpeserta didik

12 Tuladha Teks Berita Salam Pambuka Assalamualaikum Wr.Wb Sugeng enjing Pambuka Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi Kawaosaken dening dening Roro Sunyi Keris Isi Pawartos 13 Keris,duwung utawi curiga saged ampuh mboten namung amargi dipundamel saking unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni,lampah tirakat dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.Saengga keris nggadhahi kekiyatan magis ingkang saged ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul.Keris ingkang dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas Jawa.Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat Kolong Keris nggadhahi makna supados tiyang sampun ngantos nggadhahi watek brangasan,sesongaran,sewenang- wenang,kumalungkung utawi adigang, adigung, adiguna. Para Pamirsa,sutresna budaya. Isi Pawartos Wonten cariyos nalika Harya Penangsang kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi Tombak Kyai Plered.Padharan Harya Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saengga ususipun mbrodhol medal saking padharanipun.Lajeng Harya Penangsang ngalungaken ususipun ing pendhok kerisipun,nanging ketiwasan amargi mboten saged ngendhaleni raos muntab,kepingin males tumindakipun Sutawijaya,saengga Harya Penangsang kesupen ndudut kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi usus.Harya Penangsang gugur dening pusakanipun piyambak,amargi ususipun pedhot kepronggol kerisipun.Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika kedah sareh,ening,waspada,mboten grusa- grusu.Saengga sesekaran inggih punika kembang kolong keris nglambangaken ususipun Harya Penangsang,wonten malih pemanggih bilih tiyang kedah ngatos-atos supados mboten cilaka kados Harya Penangsang. Panutup Para Pamirsa, Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih menika Giyaran Kethoprak Mataram. Sugeng midhangetaken sarta nuwun Salam Panutup Sugeng Enjing Wassalamualaikum Wr.Wb