5
F. Paedahing Panaliten
Panaliten menika dipunangkah saged paring paedah teoritis saha praktis. Paedah panaliten inggih menika :
a. Paedah Teoritis 1. Suka kawruh bab wujud, jinis, saha makna tembung andhahan wonten
panyandra manten mliginipun ing bab pandhapuking tembung andhahan. 2. Sarana sinau bab pandhapuking tembung andhahan ing panyandra manten
Jawi. 3. Sarana sinau tetembungan ingkang wonten ing panyandra manten Jawi.
b. Paedah Praktis 1. Paring andharan bab morfologi basa Jawi kangge tembung andhahan bab
wujudipun, jinisipun, saha makna tembung andhahan. 2. Asilipun panaliten saged dipundadosaken
pandom kangge panaliten salajengipun ngengingi basa panyandra manten Jawi sanesipun.
G. Pangertosan Tembung ingkang Mirunggan
Gayut kaliyan irah-irahan panaliten, saged kaandharaken pangertosan tembungipun kados ing ngandhap menika.
1. Tembung andhahan, tembung ingkang sampun ewah saking wujud dhasar amargi ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan.
2. Panyandra, narasi utawi cariyos ingkang dipunandharaken dening pranata adicara bab penganten, tamu tuwin sasana pawiwahan kanthi basa susastra
utawi pepindhan ing salebeting upacara pahargyan temanten Jawi.
6
3. Buku Gati
Wicara, buku
tuntunan pranatacara
saha pamedharsabda
anggitanipun Suwardi Endraswara.
7
BAB II GEGARAN TEORI
A. Morfologi
Miturut etimologi “morfologi” asalipun saking basa Yunani, morphe ‘wujud’ saha logos ‘ilmu’, inggih menika ngilmu bab wujud tembung. Morfologi
ing paramasastra Jawi dipunsebut widya tembung. Sasangka 2001: 34
ngandharaken menawi widya tembung utawi tata tembung kalebet sempalaning paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung
saha ewahipun tembung dados tembung sanes amargi dipunwuwuhi wuwuhan. Pamanggihipun Sasangka sami kaliyan pamanggihipun Wibawa dkk 2004: 1
inggih menika dumadosing saha ewahing satunggaling tembung dados tembung sanes.
Chaer lumantar Muhammad, 2011: 130 ugi ngandharaken menawi morfologi menika ngelmu ingkang ngandharaken bab wujud saha pandhapuking
tembung. Miturut pamanggih menika tembung saged dipuntegesaken minangka asil saha proses. Pamanggih Chaer dipunjangkepi dening Mulyana 2011: 2
inggih menika sempalaning linguistik ingkang ngudhari bab wujud tembung, ewah-ewahanipun tembung, saha pangribawanipun ewah-ewahan tembung
tumrap makna saha jinisipun tembung. Pamanggihipun Mulyana wau jumbuh kaliyan andharanipun Ramlan 1997:
21 menawi morfologi menika peranganing ngilmu basa ingkang ngandharaken wujudipun tembung sarta pangribawanipun ewahing wujud tembung tumrap jinis
saha maknaipun tembung. Morfologi ugi saged dipuntegesaken ngilmu ingkang