Caranipun Ngempalaken Data PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

38 Katrangan: R : Rumaket BR : Boten Rumaket

F. Caranipun Ngesahaken Data

Panaliti ngginakaken validitas saha reliabilitas kangge ngesahaken data panaliten. Triangulasi teori dipuntindakaken kanthi adhedhasar gegaran teori panaliten menika. Triangulasi teori dipuntindakaken kanthi teori morfologis mliginipun ing proses morfologis. Menawi analisis ingkang katindakaken sampun jumbuh kaliyan teori, data menika diapunanggep valid. Ancasipun triangulasi teori inggih menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Apilikasi saking triangulasi teori kanthi teori morfologis wonten ngandhap menika. Tuladha: Sabet byar sanalika wau sri penganten tedhak saking bale sampun kairit wonten salebeting pahargyan. Dt. Lamp I Tuladha ing nginggil saged dipunpanggihaken tembung andhahanipun inggih menika kairit ka- + irit ‘kenging tumindak inggih menika dipunirit’, dipunanalisis miturut wujudipun tembung inggih menika tembung andhahan ingkang kadhapuk saking wuwuhan kanthi nyocokaken kaliyan teori. Miturut teori wuwuhan ingkang dipunginakaken kangge dhapuk tembung kairit inggih menika ater-ater {ka-}. Menika jumbuh andharanipun Wedhawati 2010: 125 menawi tembung ingkang dipunwuwuhi ater-ater{ka-} salah satunggal maknanipun inggih menika ‘kenging tumindak ingkang dipunsebut ing wujud 39 dhasaripun’. Maknanipun tembung kairit ‘kenging tumindak inggih menika dipunirit’. Cara validitas ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih menika validitas ahli. Panaliti rembagan kaliyan tiyang ingkang nguwaosi bab ingkang dipuntliti, ing panaliten menika panaliti rembagan kaliyan dosen pembimbing. Dosen pembimbing paring pamrayogi saha pamanggih bab asilipun panaliten. Pamanggih dosen pembimbing menika dipundadosaken dhasar anggenipun panaliti ngecek data asiling panaliten, kanthi makaten dipunpikantuk data ingkang valid. Reliabilitas ingkang dipunginakaken panaliti inggih menika reliabilitas stabilitas. Reliabilitas stabilitas inggih menika cara nguji data ingkang dipuntindakaken kanthi ngambali anggenipun maos data arupi tembung andhahan ngantos pikantuk data ingkang ajeg. Asiling data ingkang sampun dipunkempalaken saking proses ngambali maos kalawau salajengipun dipun-kaji jumbuh kaliyan prakawis ingkang dipuntliti, inggih menika pandhapukipun tembung andhahan saha maknanipun tembung.