Morfologi Tembung PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

11 wujud wuwuhan gadhah makna ingkang beda sanajan wonten saperangan wuwuhan ingkang maknanipun sami. Wuwuhan ingkang gadhah makna sami tuladhanipun makna ater-ater anuswara kaliyan ater-ater bawa ha- ingkang sami gadhah makna ‘nindakaken pakaryan kados ingkang dipunsebut ing wujud dhasar’, sanesipun inggih menika wuwuhan sesarengan renggang {–in--ana} sami kaliyan {di--ana}. Panyandra manten Jawi kathah ngginakaken tembung andhahan kangge ndhapuk tembung susastra. Wuwuhan ingkang dipunginakaken kangge ndhapuk tembung andhahan ugi wonten ingkang saking basa kawi. Bab menika dipunandharaken Pringgawidagda 2009: 191-193 menawi ater-ater ha-, seselan {-in-}, {–um-}, {–ira} saha {–nira} ingkang dipunginakaken ing panyandra menika asalipun saking basa kawi. Panganggening tembung andhahan ing panyandra saged dipuntingali ing pethikan panyandra ngandhap menika. Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar angebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane panganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Yatmana, 1994: 64 Tembung andhahanipun inggih menika binarung, angrangin, angambar, angebeki, pawiwahan, kawuryan, angenguwung, tejane, binayangkare, saha rinengga. Tembung ingkang kadhapuk kanthi ater-ater inggih menika angrangin ang- + ngrangin ‘nyaring’ saha angenguwung ang- + ngenguwung ‘sumorot’. Tembung ingkang kadhapuk kanthi seselan inggih menika binarung barung + - in- ‘dipuniringi’, binayangkare bayangkare + -in-. ‘dipunarak’ saha rinengga rengga+ -in- ‘dipunpaes’. Tembung kanthi panambang inggih menika tejane 12 teja + -ne ‘cahyanipun’. Tembung kanthi wuwuhan sesarengan inggih menika angebeki ang- + kebak + -i ‘dipunkebaki’, pawiwahan pa- + wiwaha + -an ‘papan kanggo wiwaha’, saha kawuryan ka- + wurya +-an ‘katingal’.

D. Pandhapuking Tembung Andhahan

Pandhapuking tembung andhahan wonten sekawan miturut Sasangka 2001: 36 inggih menika kanthi ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan.

1. Ater-ater

Ater-ater menika wuwuhan ingkang dunungipun ing sangajengipun tembung lingga utawi wiwitanipun tembung lingga. Pamanggih sanes bab tegesipun ater-ater dipunandharaken dening Wedhawati 2010: 38 ater-ater inggih menika wuwuhan ingkang dipunronce ing sisih kiwa wujud dhasar. Saben ater-ater gadhah alomorf saha makna piyambak. Salah satunggal wujud ater-ater ingkang asring dipunginakaken ing panyandra inggih menika ater-ater anuswara. Ater-ater anuswara ing basa rinengga ewah dados am- ham, an- han, ang- hang, saha any- hany-. Ewah- ewahan menika amargi swanten saking ewah-ewahan dipunraos langkung endah saha saged nambah kawibawan pranatacara. Wujudipun ater-ater ingkang langkung jangkep ing ngandhap menika. Tabel. 1 Jinising Ater-ater Prefiks Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Ater-ater Anuswara {ny-} {ny-} + {suling}  nyuling ‘nindakaken pakaryan nyuling’ 13 Tabel salajengipun 1 2 3 Ater-ater Anuswara {m-} {m-}+ {pacul} macul ‘nindakaken pakaryan macul’ {ng-} {ng-}+ {kancing} ngancing ‘nindakaken pakaryan ngancing’ {n-} {n-}+ {thuthuk}  nuthuk ‘nindakaken pakaryan nuthuk’ Ater-ater bawa ha- {a-} {a-}+ {wujud}  awujud ‘gadhah wujud’ {ma-} {ma}- + {gawe} magawe ‘nindakaken pakaryan damel’ {mer-} {mer-}+ {tamba}  mertamba ‘nindakaken pakaryan pados tamba’ Ater-ater maA- maN- {man -} {man-}+ {tunggal} manunggal ‘nindakaken pakaryan inggih menika ngempal dados setunggal’ {mang-} {mang-}+ {wetan} mangetan ‘tindak ngetan’ {many-} {many-}+ {sembah} manyembah ‘nindakaken pakaryan inggih menika sembah’ Ater-ater paA-paN- {pa-} {pa-}+ {warta}  pawarta {pam-} {pam-} + {panggih}  pamanggih {pan-} {pan-} + {jaluk}  panjaluk {pany-} {pany-}+ {candra} panyandra Ater-ater Ater-ater {kuma-} {kuma-}+ {wani} kumawani {kami-} {kami-}+ {seseg} en kamiseseg en ‘ngandharaken jejer wonten ing kawontenan inggih menika napasipun seseg’ {kapi-} {kapi-}+ {lare}  kapilare ‘sipatipun kados lare mbocahi’ {ka-} {ka-}+ {iring} kairing ‘nindakaken pakaryan kanthi sengaja inggih menika ngiring’ {ke-} {ke-}+ {buwang} kebuwang ‘boten sengaja dipunbuwang’ {di-} {dipun-} {di-}+ {balang}  dibalang  dipunbalang ‘nindakaken pakaryan kanthi sengaja inggih menika mbalang’ {sa-} {sa-}+ {gelas}sagelassegelassakgelas ‘setunggal gelas’’ {pi-} {pi-} + {tutur}  pitutur ‘ingkang dituturake’ {pra-} {pra-}+ {lambang} pralambang prelambang {pri-} {pri-}+ {angga}  priangga ‘dhewe’ {tar-} {tar-} + {buka}  tarbuka ‘kabukak’ 14 Andharanipun Sasangka wau dipunjangkepi Nurhayati bab ater-ater tripurusa. Klitika ingkang manggen ing sisih ngajeng ing basa Jawi kalebet ater- ater menawi ing basa ngoko. Ater-ater menika ewah dados tembung menawi ing basa krama kados andharanipun Nurhayati 2001:27 ater-ater {tak-}, {kok-}, saha {di-} ing basa krama boten nedahaken titikan minangka ater-ater ananging ewah dados tembung. Tembung menika saged madeg piyambak saha sampun gadhah makna nalika dipunginakaken ing pawicantenan. Panaliti sarujuk kaliyan pamanggihipun Nurhayati menawi {tak-}, {kok-}, saha {di-} kalebet ater-ater tripurusa menawi ing basa ngoko awit ahli sanesipun ugi ngandharaken menawi ater-ater {tak-}, {kok-}, saha {di-} kalebet ater-ater ing basa Jawi. Tabel. 2 Ater-ater Tripurusa Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Ater-ater Tripurusa {tak-} {tak-}+ {jupuk}  takjupuk ‘ngandharaken pakaryan ingkang dipuntindakaken tiyang kapisan tunggal inggih menika kula pendhet’ {kok-} {kok-}+ {gawa}kokgawa ‘ngandharaken pakaryan ingkaang dipuntindakaken tiyang kaping kalih inggih menika njenengan beta’ {di-} {di-}+ {buwang}dibuwang ‘kenging tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar inggih menika dipunbucal’

2. Seselan

Seselan inggih menika wuwuhan ingkang dunungipun ing madyaning tembung. Cacahipun seselan ing basa Jawi wonten sekawan, inggih menika {-um- }, {-in-}, {-er-}, saha {-el-}. Seselan {-um-}, saha{–in-} menika kathah dipunginakaken ing basa susastra kangge ndhapuk tembung endah. Pringgawidagda 2009: 200 ngandharaken menawi seselan kawi kathah