Ater-ater Pandhapuking Tembung Andhahan

16 Tabel. 4 Jinising Panambang Sufiks Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Panambang {-i} {tamba} +{-i}  tambai  tambani ‘ngaken supados nambani’ {-a} {tuku} +{-a}  tukua ‘ngaken supados mundhut’ {-e } {-ipun} {pari}+{-e} parie  parine asta+ -ipun  astaipun astanipun {-en} {isi}+{-en} isien  isinen ‘ngaken supados ngisi’ {-an} {timbang} +{-an}  timbangan ‘piranti kangge nimbang’ {-na} {jupuk} +{-na}  jupukna ‘ngaken supados mendhetaken’ {-ana} {kanca} +{-ana}  kancanana ‘ngaken supados ngancani’ {-ane} {pati} +{-ane}  patiane  patenane ‘anggenipun mateni’ {-ake} {-aken} {kendho} +{-ake}  dikendhokake  dikendhokke  kendhokaken ‘ngaken supados ngendhoaken’ Panambang ugi ewah ing panganggenipun. Panambang {–i} ewah dados {– ni}, panambanng {–a} ewah dados ya utawi wa, panambang {–ipun} ewah dados {–nipun}, panambang {–en} ewah dados {–nen}, panambang {–na} ewah dados {–kna}, panambang {–ana} ewah dados {–nana}, {–ane} ewah dados{–nane}, panambang {–ake} menawi ing basa krama ewah dados {–aken}, panambang {– ake} ewah dados {–kake}, saha panambang {–ake} terkadhang dipunwancah dados {–ke}.

4. Wuwuhan sesarengan

Wuwuhan sesarengan inggih menika wuwuhan ingkang dipunwuwuhaken sesarengan ing tembung lingga, wujudipun wuwuhan sesarengan menika ater-ater 17 saha panambang. Pangertosan menika wau dipunjangkepi Wedhawati 2010: 38 inggih menika wuwuhan ingkang saperangan dipunronce ing sisih kiwa utawi dipunseselaken ing salebeting wujud dhasar sarta saperangan sanesipun dipunronce ing sisih tengen wujud dhasar. Wuwuhan sesarengan menika dipunperang dados kalih, wuwuhan sesarengan rumaket saha wuwuhan sesarengan renggang. 1. Wuwuhan Sesarengan Rumaket Wuwuhan bebarengan rumaket menika wuwuhan ingkang dumunung ing tembung lingga kanthi rumaket. Wuwuhan sesarengan rumaket kadhapuk saking ater-ater saha panambang utawi seselan saha panambang. Wuwuhan sesarengan rumaket ugi dipunsebut konfiks. Tabel. 5 Jinising Wuwuhan Sesarengan Rumaket Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Wwuwuhan sesarengan rumaket paA--an {pam--an} {pam-} + {buwang} +{-an}  pambuwangan ‘panggenan kangge mbucal’ {pan--an} {pan-} +{titip} +{-an}  panitipan ‘panggenan kangge nitipaken’ {pang--an} {pang-} +{urip} +{-an}  panguripan ‘piranti kangge gesang’ {pany--an} {pany-} + {jujug} +{-an}  panyjujugan ‘panggenan kangge njujug’ Wwuwuhan sesarengan rumaket ke- -en {ke--en} {ke-} + {cilik} + {-en}  keciliken ‘alit sanget’ {keA--en} {kem-} + {pinggir} +{-en}  keminggiren ‘minggir sanget’ Wwuwuhan sesarengan rumaket {pra--an} {pra-} + {janji} +{-an}  prajanjen ‘sami janji’ utawi ‘panggenan kangge janji’ {pa--an} {pa-} + {pring} +{-an}  papringan ‘panggenan empring’ {ka--an} {ka-}+ {bledhos} +{-an}  kabledhosan  kebledhosan ‘boten sengaja mbledhosi’ {tak--ane} {tak-}+ {resik}+{-ane}  takresikane ‘kula resiki’ 18 2. Wuwuhan Sesarengan Renggang Wuwuhan sesarengan renggang saestunipun sami kaliyan wuwuhan sesarengan rumaket anaging wuwuhan menika anggenipun ngangge saged dipunpisah. Wuwuhan sesarengan renggang khadhapuk saking ater-ater saha panambang tuwin seselan sarta panambang. Cacahipun wuwuhan sesarengan rengan kathah ing tetembungan panyandra manten Jawi. Tabel. 6 Jinising Wuwuhan Sesarengan Renggang Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Wwuwuhan sesarengan renggang {A--i} {m-}+ {lumpat} + {-i}  mlumpati ‘nindakaken pakaryan mlumpat’ {A--a} {ny-} + {sabrang} +{-a}  nyabranga ‘aken supadossanadyan nyabrang’ {A--ake} {n-}+ {tulis} +{-ake}  nulisaken  nuliske ‘nindakaken pakaryan nyerat’ {A--ana} {ng-} +{ liwat} +{-ana}  ngliwatana ‘aken supados ngliwati’ {A- -e} {n-} + {joged} +{-e}  jogede ‘anggenipun njoged’ {sa--e} {sa-}+{kesel} +{-e}  sakesele ‘ngantos kesel’ {-in- -ana} {-in-} + {tangis} +{–ana}  tinangisana  ditangisana ‘sanadyan ditangisi’ {-in-–an} {-in-} + {gambar}+{–an}  ginambaran ‘Jejer kenging tumndak ingih menika dipungambari’ {-in- -ake} {-in-} + {sambung} + {–ake}  sinambungake ‘dipunsambungaken’ {-um--a} {-um-} + {laku} +{–a}  lumakua ‘aken supados mlampah’ {di--i} {di-} + {weling} +{-i}  diwelingi ‘nindakaken pakaryan ngantos makaping-kaping inggih menika dipunwelingi’ {di--a} {di-}+ {campur}+{-a}  dicampura ‘sanadyan dipuncampur’ {di- -ana} {di-}+ {kandha} +{-ana}  dikandhanana ‘sanadyan dipunkandani ngantos wola-wali’ utawi ‘sanadyan dipunkandhani’ {di--ake} {di-}+ {wales}+{-ake}  diwalesake  diwaleske ‘Tiyang sanes nindakaken pakaryan kangge tiyang kapisan inggh menika malesaken’