Paedahing Panaliten Pangertosan Tembung ingkang Mirunggan

9 mujudaken rerangkening swanten ingkang kawedhar dening lisan ingkang ngemu teges saha kasumurupan suraosipun. Andharan ingkang sami dipunaturaken dening Ramlan 1997: 33 tembung inggih menika satuan bebas ingkang paling alit utawi perangan basa ingkang kadhapuk saking setunggal utawi mapinten-pinten morfem. Pamanggihipun Djajasudarma 1993: 33 ugi sami menawi tembung menika kesatuan unsur basa ingkang saged madeg piyambak saha sipatipun terbuka. Sipat terbuka menika tegesipun tembung saged kadhapuk kanthi afiksasi ing proses morfemis. Pamanggih Djajasudarma dipunjangkepi Chaer 1994: 162 inggih menika perangan basa ingkang ngewrat setunggal pangertosan utawi reroncening aksara ingkang dipunapit kalih spasi saha gadhah setunggal teges. Pandhapuking tembung umumipun menika wonten tiga, sepisan, kanthi nambahaken wuwuhan, kalih, kanthi ngrangkep utawi pangrangkep, saha ingkang kaping tiga kanthi nggandheng kalih utawi langkung tembung Nurhayati, 2001: 58, Subroto, Verhaar saha Sudaryanto lumantar Mulyana, 2011: 13. Dene Wedhawati 2010: 40 ngandharaken menawi proses pandhapukipun tembung menika kaperang dados sanga inggih menika 1 afiksasi, 2 modifikasi vokal, 3 pendiftongan utawi diftongisasi, 4 ngrangkep, 5 camboran, 6 proses kombinasi, 7 pemaduan, 8 pemenggalan, saha 9 pengakroniman. Tembung basa Jawi saged dipunbedakaken adhedhasar wujud saha jinisipun Sasangka, 2001: 34. Adhedhasar wujudipun tembung saged dipunbedakaken dados sekawan, inggih menika 1 tembung lingga, 2 tembung andhahan, 3 tembung rangkep, saha 4 tembung camboran. Miturut jinisipun, tembung 10 dipunbedakaken dados sedasa jinis. Sedasa jinisipun tembung inggih menika tembung 1 aran, 2 kriya, 3 sipat, 4 katrangan, 5 sesulih, 6 wilangan, 7 panggandheng, 8 ancer-ancer, 9 panyilah, saha 10 panguwuh. Dudutan tegesipun tembung saking pamanggih para ahli ing nginggil inggih menika reroncening basa ingkang kadhapuk paling sekedhik setunggal wanda utawi setunggal morfem saha gadhah makna. Tembung kalebet ing morfem bebas, inggih menika morfem ingkang saged madeg piyambak kanthi sipat terbuka. Tembung dipunbedakaken dados kalih, saking wujud saha jinisipun tembung. Salah satunggaling wujud tembung inggih menika tembung andhahan ingkang kadhapuk kanthi proses pengimbuhan utawi afiksasi.

C. Tembung Andhahan

Salah setunggal jinis tembung miturut wujudipun inggih menika tembung andhahan utawi ing basa Indonesia sinebut kata jadian. Tembung andhahan tegesipun tembung ingkang sampun ewah saking wujud dhasar amargi dipunwuwuhi wuwuhan afiks Sasangka, 2001: 36. Proses wuwuhan utawi afiksasi inggih menika proses pengimbuhan wonten satunggaling wujud tunggal utawi wujud kompleks kangge ndhapuk morfem enggal utawi wujud ingkang langkung wiyar Nurhayati, 2001: 12. Wujudipun wuwuhan ing basa Jawi wonten sekawan inggih menika ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan. Proses pengimbuhan saged ngewahi makna tembung. Tuladhanipun ing tembung macul m- + pacul maknanipun ewah saking ‘piranti kangge nggarap siti’ dados ‘nindakaken satunggaling pakaryan inggih menika macul’. Saben 11 wujud wuwuhan gadhah makna ingkang beda sanajan wonten saperangan wuwuhan ingkang maknanipun sami. Wuwuhan ingkang gadhah makna sami tuladhanipun makna ater-ater anuswara kaliyan ater-ater bawa ha- ingkang sami gadhah makna ‘nindakaken pakaryan kados ingkang dipunsebut ing wujud dhasar’, sanesipun inggih menika wuwuhan sesarengan renggang {–in--ana} sami kaliyan {di--ana}. Panyandra manten Jawi kathah ngginakaken tembung andhahan kangge ndhapuk tembung susastra. Wuwuhan ingkang dipunginakaken kangge ndhapuk tembung andhahan ugi wonten ingkang saking basa kawi. Bab menika dipunandharaken Pringgawidagda 2009: 191-193 menawi ater-ater ha-, seselan {-in-}, {–um-}, {–ira} saha {–nira} ingkang dipunginakaken ing panyandra menika asalipun saking basa kawi. Panganggening tembung andhahan ing panyandra saged dipuntingali ing pethikan panyandra ngandhap menika. Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar angebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane panganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Yatmana, 1994: 64 Tembung andhahanipun inggih menika binarung, angrangin, angambar, angebeki, pawiwahan, kawuryan, angenguwung, tejane, binayangkare, saha rinengga. Tembung ingkang kadhapuk kanthi ater-ater inggih menika angrangin ang- + ngrangin ‘nyaring’ saha angenguwung ang- + ngenguwung ‘sumorot’. Tembung ingkang kadhapuk kanthi seselan inggih menika binarung barung + - in- ‘dipuniringi’, binayangkare bayangkare + -in-. ‘dipunarak’ saha rinengga rengga+ -in- ‘dipunpaes’. Tembung kanthi panambang inggih menika tejane