Nalaring Pikir PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

35

D. Pirantining Panaliten

Piranti ingkang dipunginakaken ing panaliten menika wujudipun tabel analisis saha kertu data minangka piranti pambiyantu. Tabel analisis dipunginakaken kangge nganalisis data jumbuh kaliyan kriteria panaliten. Dene panganggening kertu data menika mbiyantu panaliti anggenipun ngandharaken asiling panaliten. Lampahan menika dipuntindakaken supados data ingkang kapanggihaken ing panaliten langkung gampil dipunklompokaken saha dipuncocokaken. Panaliti maos data ing buku Gati wicara lajeng dipunserat wonten kertu data minangka piranti pambiyantu kangge ngasilaken data. Panaliti ngandharaken asilipun ngempalaken data sawetara ing kertu data menika. Kertu data ugi dipunginakaken kangge nyocokaken saha minangka dokumentasi data ingkang sampun dipunkempalaken. Data dipuncocokaken malih supados dipunpikantuk data ingkang ajeg. Salajengipun panaliti mantha data miturut wujud tembung, proses pandhapukipun saha maknanipun tembung kanthi pambiyantu tabel analisis data. Ginanipun tabel analisis inggih menika kangge nganalisis data ingkang sampun dipunkempalaken ing kertu data. Wujudipun kertu data inggih menika : Sumber : BGW Bab XI Kc 128 Par 1 Data :Sabet byar sanalika wau sri penganten tedhak saking bale sampun kairit wonten salebeting pahargyan, PP : kairit {ka-} + irit Makna : kenging tumindak ingkang kasebut wujud dhasar inggih menika dipunirit Analisis : tembung kairit kadhapuk kanthi muwuhaken ater-ater {ka-} ing sangajengipun wujud dhasar irit. ka- + BD  TA. 36 Katrangan : BGW : Buku Gati Wicara Bab : bab XI, Kc : kaca 128, Par : paragraf 1 PP : proses pandhapuking tembung

E. Caranipun Nganalisis Data

Data panaliten menika dipun-analisis kanthi cara analisis deskriptif. Wujudipun data panaliten menika tembung saengga dipun-analisis kanthi analisis deskriptif. Jumbuh kaliyan pamanggihipun Djajasudarma 1993: 15 inggih menika data ingkang dipunkempalaken wujudipun boten angka-angka ananging tembung utawi gambaran. Analisis menika kangge ngandharaken proses pandhapukipun saha makna tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara. Lampahan anggenipun nganalisis data inggih menika : 1. maos kanthi permati, panaliti maos panyandra ing buku Gati Wicara kanthi permati kangge manggihaken data ingkang jumbuh kaliyan ancasing panaliten. 2. data ingkang sampun dipunpanggihaken dipunserat wonten ing kertu data. 3. data dipunpantha-pantha, data dipunpantha miturut wujud tembungipun, proses pandhapukipun saha maknanipun. Asiling data miturut wujud tembung kadhapuk saking tembung andhahan limrah saha tembung rangkep kanthi wuwuhan. Data dipunpantha malih miturut prosses pandhapukipun tembung andhahan inggih menika saking panganggening wuwuhan ingkang kapantha dados sekawan, ater-ater, seselan, panambang, lan wuwuhan sesarengan saha 37 ngrangkep tembung kanthi wuwuhan. Sesarengan kaliyan nglompokaken data panaliti ugi nindakaken reduksi data supados data boten wonten ingkang rangkep. 4. nglebetaken data ing tabel analisis jumbuh kaliyan keabsahan panaliten. Data-data ingkang sampun dipunpantha kados andharan ing nginggil menika kedah dipungatosaken menawi data ingkang badhe dipun-analisis jumbuh kaliyan teori. Wujudipun tabel analisis-ipun wonten ngandhap menika. Tabel. 12 Analisis Pandhapuking Tembung Andhahan N o Data Proses Morfologi Proses Pandhapuking Makna Wuwuhan Rangkep A te r -at e r S es el an P an am b an g Wu w u h an S es ar en ga D w ip u rw a D w ili n gga D w iw as an R B R 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 13 14 1 Sabet byar sanalika wau sri penganten tedhak saking bale sampun kairit wonten salebeting pahargyan ඥ {ka-}+ irit ka- +BD kenging tumindak inggih menika dipunirit