Tembung Rangkep PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

30 Sekartaji, utawi beksan karonsih, saha 10 bubak kawah. Saben jinising panyandra gadhah titikan basa ingkang beda.

H. Buku Gati Wicara

Buku Gati Wicara menika salah satunggaling buku tuntunan kangge pranatacara saha pamedharsabdha ingkang dipunserat dening Suwardi Endraswara taun 2009. Cacahipun kaca buku menika 188 kaca. Buku Gati Wicara dipunterbitngaken kaliyan penerbit Narasi ing Yogyakarta. Buku menika wosipun wonten tatacara dados pranatacara saha pamedharsabda saha dipunjangkepi tuladhanipun. Buku Gati Wicara ngandharaken pranatacara ing saperangan adicara inggih menika pahargyan manten, pengetan dinten ageng, sripah, sekolah saha acara-acara sanes ing madyaning bebrayan. Pranatacara saha panyandra ing pawiwahan manten ing buku Gati Wicara dipunserat kanthi sekawan ragam basa Jawi. Ragam basanipun wonten basa prasaja, basa endah, basa rinenggatama saha basa ndakik. Panyandra manten ing buku menika dipunperang dados gangsal inggih menika rumpaka panyandra gati kirab kanarendran, panyandra kirabing kasatriyan, panyandra dhaup saha panggih, rumpaka rengga gati wiwahatama saha panyandra gati nebus kembar mayang.

I. Panaliten ingkang Gayut

Panaliten ingkang sami katindakaken relevan kaliyan panaliten “Pandhapuking Tembung Andhahan wonten Panyandra Manten Jawi ing Buku Gati Wicara Anggitanipun Suwardi Endraswara” inggih menika panalitenipun Alfiyah Ulfah 08205241044 taun 2013. Irah-irahanipun panaliten Alfiyah Ulfa 31 inggih menika “Afiks Gabung Dalam Novel Grombolan Gagak Mataram Karya Any Asmara”. Alfiyah Ulfa ngandharaken menawi wujudipun wuwuhan sesarengan menika kathah ing basa Jawi. Alfiyah Ulfa ugi ngandharaken menawi wuwuhan sesarengan menika salah satunggalipun unsur ingkang ndhapuk tembung. Wuwuhan sesarengan asring dipunginakaken ing basa Jawi, basa lisan saha basa seratan. Obyek panaliten Alfiyah Ulfa, novel Grombolan Gagak Mataram anggitanipun Any Asmara menawi panaliten menika Panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara, kekalih obyek panaliten menika sami-sami kalebet basa sinerat. Panaliten Alfiyah saha panaliten ingkang panaliti tindakaken sami nliti pandhapuking tembung. Alfiyah Ulfa, nliti salah satunggal jinis wuwuhan, inggih menika wuwuhan sesarengan, menawi panaliten menika sedaya jinis saha wujud wuwuhan. Cara ngempalaken data ugi sami inggih menika kanthi maos saha nyerat.

J. Nalaring Pikir

Widya tembung menika ngilmu ingkang ngudhari bab pandhapuking tembung saha ewah-ewahanipun. Ukara lisan menapa sinerat sami kathah kadhapuk kanthi proses widya tembung. Tembung saged dipunbedakaken miturut wujudipun saha jinisipun tembung. Salah satunggalipun inggih menika tembung andhahan. Tembung andhahan dipundhapuk saking proses wuwuhan. Wujudipun wuwuhan ingkang dipunginakaken kangge ndhapuk tembung andhahan menika wonten ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan.