Pirantining Panaliten PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

39 dhasaripun’. Maknanipun tembung kairit ‘kenging tumindak inggih menika dipunirit’. Cara validitas ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih menika validitas ahli. Panaliti rembagan kaliyan tiyang ingkang nguwaosi bab ingkang dipuntliti, ing panaliten menika panaliti rembagan kaliyan dosen pembimbing. Dosen pembimbing paring pamrayogi saha pamanggih bab asilipun panaliten. Pamanggih dosen pembimbing menika dipundadosaken dhasar anggenipun panaliti ngecek data asiling panaliten, kanthi makaten dipunpikantuk data ingkang valid. Reliabilitas ingkang dipunginakaken panaliti inggih menika reliabilitas stabilitas. Reliabilitas stabilitas inggih menika cara nguji data ingkang dipuntindakaken kanthi ngambali anggenipun maos data arupi tembung andhahan ngantos pikantuk data ingkang ajeg. Asiling data ingkang sampun dipunkempalaken saking proses ngambali maos kalawau salajengipun dipun-kaji jumbuh kaliyan prakawis ingkang dipuntliti, inggih menika pandhapukipun tembung andhahan saha maknanipun tembung. 40 BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Jumbuh kaliyan ancasing panaliten menika, ing ngandhap menika badhe kaandharaken asiling panaliten saha pirembaganipun. Asilipun panaliten menika awujud data ingkang sampun dipunpanggihaken ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara, inggih menika pandhapuking tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Dene saking wujuding data ingkang sampun dipunpanggihaken, salajengipun dipun-analisis jumbuh kaliyan ancasing panaliten inggih menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan saha makna tembung andhahan. Bab menika dipunandharaken ing salebeting asiling analisis ing tabel analisis saha pirembagan ing ngandhap menika. Tabel. 13 Proses Pandhapuking Tembung Andhahan saha Maknanipun No Proses Pandhapuking Tembung Makna Indikator 1 2 3 4 Ater-ater 1 {ny-} + BD Nindakaken pakaryan kados kasebut wujud dhasar, inggih menika nyiram .... panganten putri nyiram tumper. Dt. Lamp 179 {m-} + BD Ngandharaken kawontenan kados ingkang kasebut wujud dhasar, inggih menika amalengkung Atela awarni ingkang sinulam benang kencana pinentha roning gadhung amalengkung , Dt. Lamp 81 {ng-}+ BD Ngandharaken panggenan kados kasebut wujud dhasar, inggih menika ngarsa Tataning lampah kawitan saking ngarsa, Dt. Lamp 10