Panambang Pandhapuking Tembung Andhahan

19 Tabel Salajengipun 1 2 3 Wwuwuhan sesarengan renggang {kok--na} {kok--ana} {kok-}+ {tulis} +{-na}  koktulisna ‘Njenengan serataken’ {kok-}+ {tulis} +{-na}  koktulisana ‘sanajan sumpami njenengan serat’

E. Makna Nosi Wuwuhan Afiks

Makna utawi ing basa Indonesia dipunsebut nosi inggih menika samukawis ingkang wonten ing ujaran utawi gejala ing ujaran Hardiyanto, 2008: 19. Saben wuwuhan gadhah makna ingkang beda sanajan wonten saperangan ingkang sami. Jangkeping andharan bab makna wuwuhan ingkang gayut panaliten menika dipunandharaken Wedhawati sakanca 2010: 116-144, 191-196 saha 226-232 saha Sasangka 2001: 36-89 ing ngandhap menika. Tabel. 7 Makna Nosi Ater-ater Jinising Ater- ater Makna Nosi 1 2 Ater-ater Anuswara  Nindakaken pakaryan kados ingkang dipunsebut ing wujud dhasar, tuladhanipun njupuk ingkang ‘nindakaken pakaryan jupuk’.  Ngandharaken kawontenan sipat kados ingkang kasebut ing wujud dhasar, tuladhanipun mlengkung ‘ngandharaken kahanan lengkung’.  Ngandharaken panggenan kados ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun ngarcapada ‘ngandharaken panggenan inggih menika arcapada’. Ater-ater a-  Nindakaken pakaryan ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun adol ‘nindakaken pakaryan inggih menika do’.  Gadhah lingga, tuladhanipun arupa ‘gadhah rupa’. Ater-ater ma- mer-  Nindakaken pakaryan kados ingkang kasebut ing wujud dhasar, tuladhanipun magawe ‘nindakaken pakaryan gawe’. 20 Tabel salajengipun 1 2 Ater-ater sa-  Setunggal lingga, tuladhanipun sagelas ‘setunggal gelas’.  Padha karo lingga, tuladhanipun sapundhak ‘padha karo pundhak’.  Sedaya ingkang wonten ing lingga, tuladhanipun saomah ‘sedaya ingkang wonten ing omah’. Ater-ater maA- maN-  Nindakaken tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun mangetan ‘nindakaken pakaryan inggih menika tindak wetan’. Ater-ater bawa ka-  Nindakaken pakaryan kanthi niyat utawi dipunsengaja, tuladhanipun karembag ‘nindakaken pakaryan kanthi niyat rembag’.  Kenging tumindak kados dipunsebut wujud dhasar, kalebur ‘kenging tumindak inggih menika lebur’. Ater-ater di- dipun-  Kenging tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun digawa ‘kenging tumindak inggih menika gawa’. Ater-ater bawa ke-  Ngandharaken nindakaken pakaryan tanpa dipunjarag utawi tanpa dipunsengaja, tuladhanipun kasiram ‘ngandharaken boten sengaja nyiram’. Ater-ater paA-paN-  Sing di- lingga, tuladhanipun panganggo ‘sing dinggo’.  Sing di- lingga -ake, tuladhanipun pangucap ‘sing diucapake’.  Tiyang ingkang nindakaken pakaryan kados ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun pangapit ‘tiyang ingkang nindakaken pakaryan apit’.  Piranti ingkang dipunginakaken kangge nindakaken pakaryan kados kasebut wujud dhasar, tuladhanipun pangukur ‘piranti ingkang dipunginakaken kangge ukur’. Ater-ater pi-  Sing di- lingga -ake’, tuladhanipun pitutur ‘sing dituturake’. Ater-ater pra-, pri- saha tar- Wuwuhan menika boten wonten maknanipun, wuwuhan menika asring dipunsebut minangka “pemanis”. Ater-ater kuma-  Ngandharaken jejer nindakaken pakaryan gayut ingkang dipunsebut ing wujud dhasar. Tuladhanipun kumawasis ‘jejer nindakaken pakaryan inggih menika wasis’. Ater-ater kami-  Ngandharaken jejer wonten ing kawontenan ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun kamisesegen maknanipun jejer wonten ing kawontenan seseg.