Wuwuhan sesarengan Pandhapuking Tembung Andhahan

20 Tabel salajengipun 1 2 Ater-ater sa-  Setunggal lingga, tuladhanipun sagelas ‘setunggal gelas’.  Padha karo lingga, tuladhanipun sapundhak ‘padha karo pundhak’.  Sedaya ingkang wonten ing lingga, tuladhanipun saomah ‘sedaya ingkang wonten ing omah’. Ater-ater maA- maN-  Nindakaken tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun mangetan ‘nindakaken pakaryan inggih menika tindak wetan’. Ater-ater bawa ka-  Nindakaken pakaryan kanthi niyat utawi dipunsengaja, tuladhanipun karembag ‘nindakaken pakaryan kanthi niyat rembag’.  Kenging tumindak kados dipunsebut wujud dhasar, kalebur ‘kenging tumindak inggih menika lebur’. Ater-ater di- dipun-  Kenging tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun digawa ‘kenging tumindak inggih menika gawa’. Ater-ater bawa ke-  Ngandharaken nindakaken pakaryan tanpa dipunjarag utawi tanpa dipunsengaja, tuladhanipun kasiram ‘ngandharaken boten sengaja nyiram’. Ater-ater paA-paN-  Sing di- lingga, tuladhanipun panganggo ‘sing dinggo’.  Sing di- lingga -ake, tuladhanipun pangucap ‘sing diucapake’.  Tiyang ingkang nindakaken pakaryan kados ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun pangapit ‘tiyang ingkang nindakaken pakaryan apit’.  Piranti ingkang dipunginakaken kangge nindakaken pakaryan kados kasebut wujud dhasar, tuladhanipun pangukur ‘piranti ingkang dipunginakaken kangge ukur’. Ater-ater pi-  Sing di- lingga -ake’, tuladhanipun pitutur ‘sing dituturake’. Ater-ater pra-, pri- saha tar- Wuwuhan menika boten wonten maknanipun, wuwuhan menika asring dipunsebut minangka “pemanis”. Ater-ater kuma-  Ngandharaken jejer nindakaken pakaryan gayut ingkang dipunsebut ing wujud dhasar. Tuladhanipun kumawasis ‘jejer nindakaken pakaryan inggih menika wasis’. Ater-ater kami-  Ngandharaken jejer wonten ing kawontenan ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun kamisesegen maknanipun jejer wonten ing kawontenan seseg. 21 Tabel Salajengipun 1 2 Ater-ater kapi-  Ngandharaken jejer nindakaken pakaryan ingkang gayut kaliyan wujud dhasar, tuladhanipun kapirangu ‘jejer nindakakne pakaryan ingkang gaut kaliyan rangu’.  Sanget, tuladhanipun kapiadreng ‘sanget anggenipun kapingin ngertos’. Ater-ater tak- dak-  Ngandharaken pakaryan ingkang dipuntindakaken dening tiyang kapisan tunggal, tuladhanipun takgawa. Ater-ater kok-  Ngandharaken pakaryan ingkang dipuntindakaken dening tiyang kaping kalih, tunggal menapa jamak, tuladhanipun kokjupuk ‘pakaryan ingkang dipuntindakaken tiyang kaping kalih’. Tabel. 8 Makna Nosi Seselan Jinising Seselan Makna Nosi 1 2 Seselan -um-  Nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun lumumpat ‘nindakaken pakaryan lumpat’.  Tumindakipun kados ing wujud dhasar, tuladhanipun sumugih ‘tumindakipun kados sugih’.  Gadhah sipat kados kasebut wujud dhasar, tuladhanipun sumanak ‘gadhah sipat sanak’.  Ngandharaken wonten ing kawontenan kados kasebut wujud dhasar, tuladhanipun sumeleh ‘wonten ing kahanan seleh’. Seselan -in-  Kenging tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun jiniwit ‘kenging tumindak jiwit’. Seselan-er- -el-  Ngandharaken kawontenan ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun jlerit ‘ngandharaken kawontenan jerit’. Tabel. 9 Makna Nosi Panambang Jinising Panambang Makna Nosi 1 2 Panambang -i  Pakon, aken supados tiyang sanes nindakaken sawijining bab kados ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun jupuki ‘aken supados jupuk’. 22 Tabel salajengipun 1 2  Aken supados A- lingga, tuladhanipun tambani ‘aken supados nambani’. Panambang -a  Pakon, aken supados nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun lungaa ‘aken seupados lunga’.  Pangajab, mugi-mugi kadadosan kados wujud dhasar, tuladhanipun lebura ‘pangajab, mugi-mugi lebur’.  Saumpami nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun muliha ‘saumpami mulih’.  Sanajan ingkang dipunandharaken wujud dhasar, tuladhanipun eleka ‘sanajan elek’. Panambang -e -ipun  ‘tartemtu’, tuladhanipun jogede ‘tartemtu inggih menika joged’. Panambang -en  Pakon supados nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun tutupen ‘pakon supados nutup’.  Ngraosaken utawi gadhah ing bab ingkang boten ngremenaken kados wujud dhasar, tuladhanipun uwanen ‘gadhah uwan’. Panambang -an  Piranti kange A-lingga, tuladhanipun timbangan ‘piranti kangge nimbang’.  Sing di- lingga, tuladhanipun tanduran ‘sing ditandur’.  Ngandharaken ‘ngangge lingga’, tuladhanipun kemulan ‘ngangge kemul’.  Sipat kados kasebut wujud dhasar, tuladhaipun isinan ‘sipatipun isin’.  Nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun kluyuran ‘nindakaken pakaryan kluyur’. Panambang -na  Pakon, prentah supados nindakaken pakaryan A- lingga -ake, tuladhanipun kandhakna ‘pakon supados ngandhakake’.  Sanajan nindakaken kados wujud dhasar, tukokna ‘sanajan tuku’.  Saumpami nindakaken kados wujud dhasar, tuladhanipun turokna ‘saumpami diturukaken’. Panambang -ana  Pakon, prentah supados nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun grujugana ‘aken supados grujuk’.  Sanadyan di- lingga -i, tuladhanipun senenana ‘sanajan diseneni’. Panambang -ane  Anggenipun A- lingga, tuladhanipun lirikane ‘anggenipun nglirik’. 23 Tabel salajengipun 1 2 Panambang -ake-aken  Pakon, prentah supados nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun kendhokake ‘pakon supados kenndho’.  Nindakaken pakaryan kados wujud dhasar kangge tiyang sanes, tuladhanipun gawakake ‘nindakaken pakaryan gawa kangge tiyang sanes’. Tabel. 10 Makna Nosi Wuwuhan Sesarengan Rumaket Jinising Wwuwuhan Sesarengan Rumaket Makna Nosi 1 2 Wuwuhan sesarengan rumaket ka--an  Ngandharaken ‘kenging satunggaling pakaryan kanthi boten sengaja’, tuladhanipun kabledosan ‘mboten sengaja mbledosi’.  Ngandharaken ‘di- lingga -i’, tuladhanipun kadhayohan ‘didhayohi’.  Ngandharaken panggenan kados ingkang sinebut ing wujud dhasar, tuladhanipun kapatihan ‘panggenanipun patih’.  Ngandharaken bab ingkang dipunsebut wujud dhasar, tuladhanipun kasugihan ‘ngandharaken bab sugih’. Wuwuhan sesarengan rumaket ke--en  Ngandharaken ingkang kasebut ing wujud dhasar gadhah sipat sanget, tuladhanipun kabangen ‘abrit sanget’.  Sanget lingga –e, tuladhanipun keciliken ‘sanget cilike’.  Sanget A- lingga -e, tuladhanipun keminggiren ‘sanget minggire’. Wuwuhan sesarengan rumaket paA--an  Ngandharaken bab panggenan ingkang dipunsebut ing wujud dhasar, tuladhanipun pambuwangan ‘panggenan kangge buwang’.  Satunggaling pakaryan ingkang dipuntindakaken gayut wujud dhasar, tuladhanipun pagawean ‘satunggaling pakaryan ingkang diuntindakaken gayut gawe’.  Piranti kangge nindakaken pakaryan kados wujud dhasar, tuladhanipun panggilingan ‘piranti kangge nggiling’.