Ancasing Panaliten PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

8 nyinau asal-usulipun tembung saha fungsi ewahipun tembung saking perangan fungsi gramatik sarta fungsi semantik. Dudutan tegesipun morfologi saking pamanggih para ahli ingkang sampun kaandharaken ing nginggil inggih menika ngilmu ingkang nliti tembung bab wujudipun, proses pandhapuking saha pangribawanipun tumrap makna saha jinisipun tembung. Proses pandhapuking tembung menika saged ngewahi makna saha jinising tembung. Ruang lingkup kajian morfologi dipunwatesi ing kalih bab miturut Mulyana 2011: 37 inggih menika morfem objek kajian ingkang paling alit saha kata berafiks objek kajian ingkang paling ageng. Morfem menika perangan basa paling alit ingkang kadhapuk saking reroncening fonem saha ndhapuk struktur sarta makna gramatik tartamtu. Tembung andhahan minangka tembung ingkang kadhapuk kanthi wuwuhan kalebet salah satunggaling proses morfologis ingkang sinebut afiksasi. Andharan menika nedahaken menawi gayutanipun teori morfologi kaliyan topik panaliten inggih menika proses pandhapuking tembung andhahan kalebet ing objek kajian morfologi.

B. Tembung

Perangan paling alit saking ukara inggih menika tembung. Tembung tegesipun reroncening swanten ingkang kawedhar kanthi lisan ingkang kadhapuk saking setunggal wanda utawi langkung saha ngemu teges Sasangka, 2001: 34 saha Poerwadarminta, 1939: 601. Pamanggih Sasangka saha Poerwadarminta menika sami kalih pamanggihipun Wibawa dkk 2004: 1 menawi tembung 9 mujudaken rerangkening swanten ingkang kawedhar dening lisan ingkang ngemu teges saha kasumurupan suraosipun. Andharan ingkang sami dipunaturaken dening Ramlan 1997: 33 tembung inggih menika satuan bebas ingkang paling alit utawi perangan basa ingkang kadhapuk saking setunggal utawi mapinten-pinten morfem. Pamanggihipun Djajasudarma 1993: 33 ugi sami menawi tembung menika kesatuan unsur basa ingkang saged madeg piyambak saha sipatipun terbuka. Sipat terbuka menika tegesipun tembung saged kadhapuk kanthi afiksasi ing proses morfemis. Pamanggih Djajasudarma dipunjangkepi Chaer 1994: 162 inggih menika perangan basa ingkang ngewrat setunggal pangertosan utawi reroncening aksara ingkang dipunapit kalih spasi saha gadhah setunggal teges. Pandhapuking tembung umumipun menika wonten tiga, sepisan, kanthi nambahaken wuwuhan, kalih, kanthi ngrangkep utawi pangrangkep, saha ingkang kaping tiga kanthi nggandheng kalih utawi langkung tembung Nurhayati, 2001: 58, Subroto, Verhaar saha Sudaryanto lumantar Mulyana, 2011: 13. Dene Wedhawati 2010: 40 ngandharaken menawi proses pandhapukipun tembung menika kaperang dados sanga inggih menika 1 afiksasi, 2 modifikasi vokal, 3 pendiftongan utawi diftongisasi, 4 ngrangkep, 5 camboran, 6 proses kombinasi, 7 pemaduan, 8 pemenggalan, saha 9 pengakroniman. Tembung basa Jawi saged dipunbedakaken adhedhasar wujud saha jinisipun Sasangka, 2001: 34. Adhedhasar wujudipun tembung saged dipunbedakaken dados sekawan, inggih menika 1 tembung lingga, 2 tembung andhahan, 3 tembung rangkep, saha 4 tembung camboran. Miturut jinisipun, tembung