Tembung Andhahan PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

14 Andharanipun Sasangka wau dipunjangkepi Nurhayati bab ater-ater tripurusa. Klitika ingkang manggen ing sisih ngajeng ing basa Jawi kalebet ater- ater menawi ing basa ngoko. Ater-ater menika ewah dados tembung menawi ing basa krama kados andharanipun Nurhayati 2001:27 ater-ater {tak-}, {kok-}, saha {di-} ing basa krama boten nedahaken titikan minangka ater-ater ananging ewah dados tembung. Tembung menika saged madeg piyambak saha sampun gadhah makna nalika dipunginakaken ing pawicantenan. Panaliti sarujuk kaliyan pamanggihipun Nurhayati menawi {tak-}, {kok-}, saha {di-} kalebet ater-ater tripurusa menawi ing basa ngoko awit ahli sanesipun ugi ngandharaken menawi ater-ater {tak-}, {kok-}, saha {di-} kalebet ater-ater ing basa Jawi. Tabel. 2 Ater-ater Tripurusa Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Ater-ater Tripurusa {tak-} {tak-}+ {jupuk}  takjupuk ‘ngandharaken pakaryan ingkang dipuntindakaken tiyang kapisan tunggal inggih menika kula pendhet’ {kok-} {kok-}+ {gawa}kokgawa ‘ngandharaken pakaryan ingkaang dipuntindakaken tiyang kaping kalih inggih menika njenengan beta’ {di-} {di-}+ {buwang}dibuwang ‘kenging tumindak kados ingkang dipunsebut wujud dhasar inggih menika dipunbucal’

2. Seselan

Seselan inggih menika wuwuhan ingkang dunungipun ing madyaning tembung. Cacahipun seselan ing basa Jawi wonten sekawan, inggih menika {-um- }, {-in-}, {-er-}, saha {-el-}. Seselan {-um-}, saha{–in-} menika kathah dipunginakaken ing basa susastra kangge ndhapuk tembung endah. Pringgawidagda 2009: 200 ngandharaken menawi seselan kawi kathah 15 dipunginakaken ing basa pranata adicara. Seselan kawi ingkang dipuntegesaken inggih menika { √݅݊} saha {√ݑ݉}. Seselan menika dipunginakaken kangge nambah kawibawan saha kaendahan ukara pranata adicara nalika nyandra. Seselan tarkadhang ewah ing panganggenipun. Seselan {–um-} menawi dipunseselaken ing tembung lingga ingkang apurwa vokal ewah dados {m-}. Seselan {–um-} tarkadhang ugi ewah dados {–em-}. Seselan {–in-} menawi sumambung kaliyan tembung lingga ingkang apurwa vokal ewah dados {ing-}, dunungipun ing sangajengipun tembung. Seselan {–er-} terkadhang ewah dados {–r-}, seselan {–el-} ugi ewah dados {–l-}. Tabel. 3 Jinising Seselan Infiks Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Seselan {-um-} {ulur} + {-um-}  umulur  mulur ‘nindakaken pakaryan mulur tambah panjang’ {-in-} {edum} +{-in-}  inedum  ingedum ‘kenging tumindak inggih menika anggenipun ngedum merang’ {tulis} + {-in-}  tinulis kenging tumindak inggih menika dipunserat’ {-er-} {kelip} + {-er-}  kerelip  krelip ‘ngandharaken kawontenan inggih menika krelip’ {-el-} {jerit} + {-el-}  jelerit  jlerit ‘ngandharaken kawontenan inggih menika jlerit’

3. Panambang

Panambang tegesipun wuwuhan ingkang dunungipun ing sawingkingipun tembung utawi ing sisih tengenipun wujud dhasar. Panyeratipun panambang rumaket kaliyan tembung ingkang dipunimbuhi. Panambang ing basa Jawi wujudipun wonten sanga. Wujudipun panambang ing ngandhap menika. 16 Tabel. 4 Jinising Panambang Sufiks Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Panambang {-i} {tamba} +{-i}  tambai  tambani ‘ngaken supados nambani’ {-a} {tuku} +{-a}  tukua ‘ngaken supados mundhut’ {-e } {-ipun} {pari}+{-e} parie  parine asta+ -ipun  astaipun astanipun {-en} {isi}+{-en} isien  isinen ‘ngaken supados ngisi’ {-an} {timbang} +{-an}  timbangan ‘piranti kangge nimbang’ {-na} {jupuk} +{-na}  jupukna ‘ngaken supados mendhetaken’ {-ana} {kanca} +{-ana}  kancanana ‘ngaken supados ngancani’ {-ane} {pati} +{-ane}  patiane  patenane ‘anggenipun mateni’ {-ake} {-aken} {kendho} +{-ake}  dikendhokake  dikendhokke  kendhokaken ‘ngaken supados ngendhoaken’ Panambang ugi ewah ing panganggenipun. Panambang {–i} ewah dados {– ni}, panambanng {–a} ewah dados ya utawi wa, panambang {–ipun} ewah dados {–nipun}, panambang {–en} ewah dados {–nen}, panambang {–na} ewah dados {–kna}, panambang {–ana} ewah dados {–nana}, {–ane} ewah dados{–nane}, panambang {–ake} menawi ing basa krama ewah dados {–aken}, panambang {– ake} ewah dados {–kake}, saha panambang {–ake} terkadhang dipunwancah dados {–ke}.

4. Wuwuhan sesarengan

Wuwuhan sesarengan inggih menika wuwuhan ingkang dipunwuwuhaken sesarengan ing tembung lingga, wujudipun wuwuhan sesarengan menika ater-ater