Buku Gati Wicara PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

34 rumpaka panyandra gati kirab kanarendran, panyandra kirabing kasatriyan, panyandra dhaup saha panggih, rumpaka rengga gati wiwahatama saha panyandra gati nebus kembar mayang. Gunggungipun kaca inggih menika 188 kaca kaperang dados 17 bab. Saking 17 bab menika gangsal bab ingkang ngewrat bab panyandra manten Jawi inggih menika bab XI ngantos dumugi bab XV.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara ngempalaken data ingkang jumbuh kaliyan sumbering data. Data panaliten dipunpikanthuk saking sumber ingkang kaserat saengga panaliten dipuntindakaken kanthi cara maos saha nyerat. Cara anggenipun panaliti ngempalaken data ing panaliten menika kanthi cak- cakan ing ngandhap makaten. 1. Maos, panaliti maos panyandra ing buku Gati Wicara kanthi permati kangge manggihaken data awujud tembung andhahan. 2. Nyerat, data ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunserat wonten kertu data supados gampil anggenipun nganalisis. Ananging kedah dipungatosaken menawi wonten wujud data ingkang sami kaliyan data saderengipun, data menika boten dipunginakaken malih utawi data kedah dipun-reduksi. 3. Sasampunipun data dipunserat wonten kertu data, data dipun-analisis miturut proses pandhapukipun saha maknanipun tembung andhahan kanthi cara unsur bagi langsung. 4. Salajengipun data dipunpantha-panthah miturut proses pandhapukipun. 35

D. Pirantining Panaliten

Piranti ingkang dipunginakaken ing panaliten menika wujudipun tabel analisis saha kertu data minangka piranti pambiyantu. Tabel analisis dipunginakaken kangge nganalisis data jumbuh kaliyan kriteria panaliten. Dene panganggening kertu data menika mbiyantu panaliti anggenipun ngandharaken asiling panaliten. Lampahan menika dipuntindakaken supados data ingkang kapanggihaken ing panaliten langkung gampil dipunklompokaken saha dipuncocokaken. Panaliti maos data ing buku Gati wicara lajeng dipunserat wonten kertu data minangka piranti pambiyantu kangge ngasilaken data. Panaliti ngandharaken asilipun ngempalaken data sawetara ing kertu data menika. Kertu data ugi dipunginakaken kangge nyocokaken saha minangka dokumentasi data ingkang sampun dipunkempalaken. Data dipuncocokaken malih supados dipunpikantuk data ingkang ajeg. Salajengipun panaliti mantha data miturut wujud tembung, proses pandhapukipun saha maknanipun tembung kanthi pambiyantu tabel analisis data. Ginanipun tabel analisis inggih menika kangge nganalisis data ingkang sampun dipunkempalaken ing kertu data. Wujudipun kertu data inggih menika : Sumber : BGW Bab XI Kc 128 Par 1 Data :Sabet byar sanalika wau sri penganten tedhak saking bale sampun kairit wonten salebeting pahargyan, PP : kairit {ka-} + irit Makna : kenging tumindak ingkang kasebut wujud dhasar inggih menika dipunirit Analisis : tembung kairit kadhapuk kanthi muwuhaken ater-ater {ka-} ing sangajengipun wujud dhasar irit. ka- + BD  TA.