Seselan Pandhapuking Tembung Andhahan

18 2. Wuwuhan Sesarengan Renggang Wuwuhan sesarengan renggang saestunipun sami kaliyan wuwuhan sesarengan rumaket anaging wuwuhan menika anggenipun ngangge saged dipunpisah. Wuwuhan sesarengan renggang khadhapuk saking ater-ater saha panambang tuwin seselan sarta panambang. Cacahipun wuwuhan sesarengan rengan kathah ing tetembungan panyandra manten Jawi. Tabel. 6 Jinising Wuwuhan Sesarengan Renggang Jinis Wujud Tuladha 1 2 3 Wwuwuhan sesarengan renggang {A--i} {m-}+ {lumpat} + {-i}  mlumpati ‘nindakaken pakaryan mlumpat’ {A--a} {ny-} + {sabrang} +{-a}  nyabranga ‘aken supadossanadyan nyabrang’ {A--ake} {n-}+ {tulis} +{-ake}  nulisaken  nuliske ‘nindakaken pakaryan nyerat’ {A--ana} {ng-} +{ liwat} +{-ana}  ngliwatana ‘aken supados ngliwati’ {A- -e} {n-} + {joged} +{-e}  jogede ‘anggenipun njoged’ {sa--e} {sa-}+{kesel} +{-e}  sakesele ‘ngantos kesel’ {-in- -ana} {-in-} + {tangis} +{–ana}  tinangisana  ditangisana ‘sanadyan ditangisi’ {-in-–an} {-in-} + {gambar}+{–an}  ginambaran ‘Jejer kenging tumndak ingih menika dipungambari’ {-in- -ake} {-in-} + {sambung} + {–ake}  sinambungake ‘dipunsambungaken’ {-um--a} {-um-} + {laku} +{–a}  lumakua ‘aken supados mlampah’ {di--i} {di-} + {weling} +{-i}  diwelingi ‘nindakaken pakaryan ngantos makaping-kaping inggih menika dipunwelingi’ {di--a} {di-}+ {campur}+{-a}  dicampura ‘sanadyan dipuncampur’ {di- -ana} {di-}+ {kandha} +{-ana}  dikandhanana ‘sanadyan dipunkandani ngantos wola-wali’ utawi ‘sanadyan dipunkandhani’ {di--ake} {di-}+ {wales}+{-ake}  diwalesake  diwaleske ‘Tiyang sanes nindakaken pakaryan kangge tiyang kapisan inggh menika malesaken’ 19 Tabel Salajengipun 1 2 3 Wwuwuhan sesarengan renggang {kok--na} {kok--ana} {kok-}+ {tulis} +{-na}  koktulisna ‘Njenengan serataken’ {kok-}+ {tulis} +{-na}  koktulisana ‘sanajan sumpami njenengan serat’

E. Makna Nosi Wuwuhan Afiks

Makna utawi ing basa Indonesia dipunsebut nosi inggih menika samukawis ingkang wonten ing ujaran utawi gejala ing ujaran Hardiyanto, 2008: 19. Saben wuwuhan gadhah makna ingkang beda sanajan wonten saperangan ingkang sami. Jangkeping andharan bab makna wuwuhan ingkang gayut panaliten menika dipunandharaken Wedhawati sakanca 2010: 116-144, 191-196 saha 226-232 saha Sasangka 2001: 36-89 ing ngandhap menika. Tabel. 7 Makna Nosi Ater-ater Jinising Ater- ater Makna Nosi 1 2 Ater-ater Anuswara  Nindakaken pakaryan kados ingkang dipunsebut ing wujud dhasar, tuladhanipun njupuk ingkang ‘nindakaken pakaryan jupuk’.  Ngandharaken kawontenan sipat kados ingkang kasebut ing wujud dhasar, tuladhanipun mlengkung ‘ngandharaken kahanan lengkung’.  Ngandharaken panggenan kados ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun ngarcapada ‘ngandharaken panggenan inggih menika arcapada’. Ater-ater a-  Nindakaken pakaryan ingkang kasebut wujud dhasar, tuladhanipun adol ‘nindakaken pakaryan inggih menika do’.  Gadhah lingga, tuladhanipun arupa ‘gadhah rupa’. Ater-ater ma- mer-  Nindakaken pakaryan kados ingkang kasebut ing wujud dhasar, tuladhanipun magawe ‘nindakaken pakaryan gawe’.