Underaning Prakawis PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

7 BAB II GEGARAN TEORI

A. Morfologi

Miturut etimologi “morfologi” asalipun saking basa Yunani, morphe ‘wujud’ saha logos ‘ilmu’, inggih menika ngilmu bab wujud tembung. Morfologi ing paramasastra Jawi dipunsebut widya tembung. Sasangka 2001: 34 ngandharaken menawi widya tembung utawi tata tembung kalebet sempalaning paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung saha ewahipun tembung dados tembung sanes amargi dipunwuwuhi wuwuhan. Pamanggihipun Sasangka sami kaliyan pamanggihipun Wibawa dkk 2004: 1 inggih menika dumadosing saha ewahing satunggaling tembung dados tembung sanes. Chaer lumantar Muhammad, 2011: 130 ugi ngandharaken menawi morfologi menika ngelmu ingkang ngandharaken bab wujud saha pandhapuking tembung. Miturut pamanggih menika tembung saged dipuntegesaken minangka asil saha proses. Pamanggih Chaer dipunjangkepi dening Mulyana 2011: 2 inggih menika sempalaning linguistik ingkang ngudhari bab wujud tembung, ewah-ewahanipun tembung, saha pangribawanipun ewah-ewahan tembung tumrap makna saha jinisipun tembung. Pamanggihipun Mulyana wau jumbuh kaliyan andharanipun Ramlan 1997: 21 menawi morfologi menika peranganing ngilmu basa ingkang ngandharaken wujudipun tembung sarta pangribawanipun ewahing wujud tembung tumrap jinis saha maknaipun tembung. Morfologi ugi saged dipuntegesaken ngilmu ingkang 8 nyinau asal-usulipun tembung saha fungsi ewahipun tembung saking perangan fungsi gramatik sarta fungsi semantik. Dudutan tegesipun morfologi saking pamanggih para ahli ingkang sampun kaandharaken ing nginggil inggih menika ngilmu ingkang nliti tembung bab wujudipun, proses pandhapuking saha pangribawanipun tumrap makna saha jinisipun tembung. Proses pandhapuking tembung menika saged ngewahi makna saha jinising tembung. Ruang lingkup kajian morfologi dipunwatesi ing kalih bab miturut Mulyana 2011: 37 inggih menika morfem objek kajian ingkang paling alit saha kata berafiks objek kajian ingkang paling ageng. Morfem menika perangan basa paling alit ingkang kadhapuk saking reroncening fonem saha ndhapuk struktur sarta makna gramatik tartamtu. Tembung andhahan minangka tembung ingkang kadhapuk kanthi wuwuhan kalebet salah satunggaling proses morfologis ingkang sinebut afiksasi. Andharan menika nedahaken menawi gayutanipun teori morfologi kaliyan topik panaliten inggih menika proses pandhapuking tembung andhahan kalebet ing objek kajian morfologi.

B. Tembung

Perangan paling alit saking ukara inggih menika tembung. Tembung tegesipun reroncening swanten ingkang kawedhar kanthi lisan ingkang kadhapuk saking setunggal wanda utawi langkung saha ngemu teges Sasangka, 2001: 34 saha Poerwadarminta, 1939: 601. Pamanggih Sasangka saha Poerwadarminta menika sami kalih pamanggihipun Wibawa dkk 2004: 1 menawi tembung