Jinising Panaliten Data saha Sumber Data

37 ngrangkep tembung kanthi wuwuhan. Sesarengan kaliyan nglompokaken data panaliti ugi nindakaken reduksi data supados data boten wonten ingkang rangkep. 4. nglebetaken data ing tabel analisis jumbuh kaliyan keabsahan panaliten. Data-data ingkang sampun dipunpantha kados andharan ing nginggil menika kedah dipungatosaken menawi data ingkang badhe dipun-analisis jumbuh kaliyan teori. Wujudipun tabel analisis-ipun wonten ngandhap menika. Tabel. 12 Analisis Pandhapuking Tembung Andhahan N o Data Proses Morfologi Proses Pandhapuking Makna Wuwuhan Rangkep A te r -at e r S es el an P an am b an g Wu w u h an S es ar en ga D w ip u rw a D w ili n gga D w iw as an R B R 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 13 14 1 Sabet byar sanalika wau sri penganten tedhak saking bale sampun kairit wonten salebeting pahargyan ඥ {ka-}+ irit ka- +BD kenging tumindak inggih menika dipunirit 38 Katrangan: R : Rumaket BR : Boten Rumaket

F. Caranipun Ngesahaken Data

Panaliti ngginakaken validitas saha reliabilitas kangge ngesahaken data panaliten. Triangulasi teori dipuntindakaken kanthi adhedhasar gegaran teori panaliten menika. Triangulasi teori dipuntindakaken kanthi teori morfologis mliginipun ing proses morfologis. Menawi analisis ingkang katindakaken sampun jumbuh kaliyan teori, data menika diapunanggep valid. Ancasipun triangulasi teori inggih menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Apilikasi saking triangulasi teori kanthi teori morfologis wonten ngandhap menika. Tuladha: Sabet byar sanalika wau sri penganten tedhak saking bale sampun kairit wonten salebeting pahargyan. Dt. Lamp I Tuladha ing nginggil saged dipunpanggihaken tembung andhahanipun inggih menika kairit ka- + irit ‘kenging tumindak inggih menika dipunirit’, dipunanalisis miturut wujudipun tembung inggih menika tembung andhahan ingkang kadhapuk saking wuwuhan kanthi nyocokaken kaliyan teori. Miturut teori wuwuhan ingkang dipunginakaken kangge dhapuk tembung kairit inggih menika ater-ater {ka-}. Menika jumbuh andharanipun Wedhawati 2010: 125 menawi tembung ingkang dipunwuwuhi ater-ater{ka-} salah satunggal maknanipun inggih menika ‘kenging tumindak ingkang dipunsebut ing wujud