Panyandra a. Pangertosan PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA.

31 inggih menika “Afiks Gabung Dalam Novel Grombolan Gagak Mataram Karya Any Asmara”. Alfiyah Ulfa ngandharaken menawi wujudipun wuwuhan sesarengan menika kathah ing basa Jawi. Alfiyah Ulfa ugi ngandharaken menawi wuwuhan sesarengan menika salah satunggalipun unsur ingkang ndhapuk tembung. Wuwuhan sesarengan asring dipunginakaken ing basa Jawi, basa lisan saha basa seratan. Obyek panaliten Alfiyah Ulfa, novel Grombolan Gagak Mataram anggitanipun Any Asmara menawi panaliten menika Panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara, kekalih obyek panaliten menika sami-sami kalebet basa sinerat. Panaliten Alfiyah saha panaliten ingkang panaliti tindakaken sami nliti pandhapuking tembung. Alfiyah Ulfa, nliti salah satunggal jinis wuwuhan, inggih menika wuwuhan sesarengan, menawi panaliten menika sedaya jinis saha wujud wuwuhan. Cara ngempalaken data ugi sami inggih menika kanthi maos saha nyerat.

J. Nalaring Pikir

Widya tembung menika ngilmu ingkang ngudhari bab pandhapuking tembung saha ewah-ewahanipun. Ukara lisan menapa sinerat sami kathah kadhapuk kanthi proses widya tembung. Tembung saged dipunbedakaken miturut wujudipun saha jinisipun tembung. Salah satunggalipun inggih menika tembung andhahan. Tembung andhahan dipundhapuk saking proses wuwuhan. Wujudipun wuwuhan ingkang dipunginakaken kangge ndhapuk tembung andhahan menika wonten ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan. 32 Panyandra minangka basa lisan ugi katah ngginakaken tembung andhahan ing ukaranipun. Tembung andhahan dipunginakaken kangge ndhapuk basa endah utawi rinengga ing panyandra. Tuladhanipun tembung wulang ingkang dipuntambah ater-ater anuswara dados hamulang. Wujud tetembungan kados menika asring dipunginakaken ing basa susastra panyandra manten Jawi mliginipun ing buku Gati Wicara. Buku Gati Wicara menika salah satunggalipun buku ingkang paring andharan mawerni-werni panyandra temanten Jawi kanthi ragam basa ingkang kathah. Basa ingkang dipunginakaken ing panyandra temanten buku Gati Wicara wonten basa endah, basa rinenggatama, basa prasaja saha basa ndakik. Jinisipun panyandra ing buku menika ugi mawerni-werni. Buku menika ngremengaken sanget kangge dipuntliti bab basanipun mliginipun bab pandhapuking tembung andhahan. Panaliten menika dipunangkah saged ngandharaken pandhapuking tembung andhahan ingkang wonten ing panyandra manten Jawi buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Cara ngempalaken data kanthi maos saha nyerat data ing kertu data. Data lajeng dipunanalisis kanthi analisis deskriptif mawi tabel analisis. Validitas panaliten menika validitas ahli saha reliabilitas ingkang dipunginakaken reliabilitas stabilitas. 33 BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif, inggih menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Miturut Sudaryanto 1988 :62 panaliten deskriptif inggih menika panaliten adhedhasar kasunyatan ing gesangipun panutur kanthi empiris, saengga asil ingkang dipunpikantuk wujudipun andharan bab kawontenan ing kasunyatanipun. Ancasipun panaliten deskriptif miturut Djadjasudarma 1993: 8 inggih menika damel andharan ingkang nggambaraken kanthi sistematis, faktual, saha akurat ngengingi data, sipatipun, saha gegayutanipun kaliyan fenomena. Panaliten menika badhe ngandharaken pandhapuking tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara.

B. Data saha Sumber Data

Sumber data panaliten menika buku Gati Wicara anggitaipun Suwardi Endraswara. Dene data panaliten menika awujud tembung inggih menika tembung andhahan. Buku Gati Wicara dipundadosaken sumber data panaliten menika amargi kathah dipunpanggihaken jinis saha wujud tembung andhahan. Basa ingkang dipunginakaken ing panyandra manten Jawi buku Gati wicara menika ragam-ipun kathah, wonten basa prasaja, basa rinengga, basa endah, saha basa ndakik. Buku menika ngewrat maneka warni jinis panyandra inggih menika 34 rumpaka panyandra gati kirab kanarendran, panyandra kirabing kasatriyan, panyandra dhaup saha panggih, rumpaka rengga gati wiwahatama saha panyandra gati nebus kembar mayang. Gunggungipun kaca inggih menika 188 kaca kaperang dados 17 bab. Saking 17 bab menika gangsal bab ingkang ngewrat bab panyandra manten Jawi inggih menika bab XI ngantos dumugi bab XV.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara ngempalaken data ingkang jumbuh kaliyan sumbering data. Data panaliten dipunpikanthuk saking sumber ingkang kaserat saengga panaliten dipuntindakaken kanthi cara maos saha nyerat. Cara anggenipun panaliti ngempalaken data ing panaliten menika kanthi cak- cakan ing ngandhap makaten. 1. Maos, panaliti maos panyandra ing buku Gati Wicara kanthi permati kangge manggihaken data awujud tembung andhahan. 2. Nyerat, data ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunserat wonten kertu data supados gampil anggenipun nganalisis. Ananging kedah dipungatosaken menawi wonten wujud data ingkang sami kaliyan data saderengipun, data menika boten dipunginakaken malih utawi data kedah dipun-reduksi. 3. Sasampunipun data dipunserat wonten kertu data, data dipun-analisis miturut proses pandhapukipun saha maknanipun tembung andhahan kanthi cara unsur bagi langsung. 4. Salajengipun data dipunpantha-panthah miturut proses pandhapukipun.