Novel wonten ing Sudut Pandang Strukturalisme Genetik

12 ingkang nyariyosaken bab pagesangan manungsa menika saged dados piwulang saha tuntunan dhateng pamaos sastra. Pandangan dunia panganggit wonten ing novel menika saged dipunandharaken wonten ing panaliten kanthi cara strukturalisme genetik.

3. Strukturalisme Genetik

Strukturalisme genetik minangka salah satunggaling ngelmi wonten ing panaliten sosiologi sastra. Strukturalisme genetik menika teori ingkang dipunandharaken dening kritikus sastra modern saking Prancis inggih menika Lucien Goldmann. Strukturalisme genetik tuwuh amargi wonten raos kirang trep dhateng teori strukturalisme sakderengipun ingkang kajianipun namung wonten ing bab intrinsik, tanpa mirsani bab ekstrinsik wonten ing karya sastra menika. Sami kaliyan pamanggihipun Ratna 2009: 121 Strukturalisme genetik menika adhedhasar penolakan dhateng analisis strukturalisme murni ingkang namung nganalisis bab intrinsik kemawon wonten ing karya sastra tanpa mirsani prakawis-prakawis wonten ing njawi teks menika. Strukturalisme genetik ugi boten sarujuk dhateng basa sastra minangka basa ingkang khas kangge basa sastra. Teori strukturalisme genetik ngandharaken wontenipun pandangan dunia panganggit. Pandangan dunia menika ingkang dados sumbering struktur karya sastra. Karya sastra boten dipunanggep minangka gambaran pagesangan sosial ingkang namung awujud seratan, nanging strukturalisme genetik nggambaraken struktur sosial kanthi cara ngginakaken struktur karya 13 sastra minangka teks ingkang wonten gayutanipun kaliyan struktur sosial Faruk, 1999: 37. Katrangan wonten ing nginggil paring wedharan bilih strukturalisme genetik gadhah kemajengan, inggih menika saged nggambaraken kawontenan sosial. Sanes mekaten, wonten ing strukturalisme genetik panegesan boten asil saking struktur novel ingkang nedahaken kawontenan sosial. Strukturalisme genetik mliginipun paring pangertosan wonten ing pandangan dunia panganggit minangka asil saking pamanggih saking kawontenan sosial. Goldmann wonten ing Fananie, 2002: 117 gadhah pamanggih bilih karya sastra boten namung dipunpirsani saking bab intrinsik kemawon, nanging karya sastra menika minangka salah satunggaling sarana kangge nggambaraken kasunyatan pagesangan nalika karya sastra menika dipuntuwuhaken. Panganggit kanthi sadhar menapa boten sampun paring menapa ingkang dados pandangan masarakat. Latar sosial saha struktur wonten ing karya ingkang saklajengipun dipungayutaken menika ingkang dados bab ingknag utama saking teori menika. Saking prakawis menika saged nedahaken pandangan dunia panganggit. Goldmann gadhah watesan bilih karya sastra ingkang saged tumuju konsep strukturalisme genetik menika kedah karya ingkang ageng. Wontenipun watesan menika dados prakawis enggal. Prakawis menika saged dados winates anggenipun ngginakaken teori strukturalisme genetik wonten ing karya sastra Indonesia Fananie, 2002: 118. Saking andharan menika Goldmann ngandharaken bilih teori strukturalisme genetik saged 14 dipunginakaken namung wonten ing karya sastra ingkang ageng. Bab menika ndadosaken prakawis, inggih menika dipunwatesi anggenipun ngginakaken teori menika. Gayut kaliyan wontenipun sarat ingkang dipunandharaken dening Goldmann menika, Endraswara 2011: 60 paring panyaruwe bilih karya sastra ageng ingkang dipunanalisis kanthi teori strukturalisme genetik menika saged dipunpinggiraken rumiyin. Wedharan menika dipundhasari amargi karya sastra saged dipunsebut ageng nalika sampun kathah ingkang dipunteliti dening para ahli. Langkung pangertosan strukturalisme genetik saged dipunginakaken wonten ing saben karya sastra ingkang awujud prosa kangge medharaken asal-usuling pangriptan. Karya sastra menika gayut kaliyan masarakat saha sejarah ingkang dados dhasar wontenipun karya sastra, nanging boten sedaya dipungayutaken kaliyan prakawis menika. Miturut Sayuti 2000: 61 dhasaring sejarah, jaman saha sosial masarakat saged paring pangaribawanipun dhateng pangriptaning karya sastra. Bab menika sami kaliyan pamanggihipun Grebstein wonten ing Damono, 1978: 4 bilih karya sastra boten sedaya saged dipunwastani gambaran kawontenan masarakat nalika karya sastra menika dipunserat. Karya sastra boten saged dipunmangertosi kanthi wetah minangka dipunpisah saking pagesangan utawi kabudayan ingkang dados dhasar wontenipun karya sastra menika. Saking andharan para ahli ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih strukturalisme genetik nganalisis karya sastra kanthi prakawis genetik