Kepeksa Kedah Pasrah Nampi Pasiksan

138 ndadosaken Jemini pasrah. Sanesipun pasrah nampi pasiksan lair, Jemini ugi pasrah nampi pasiksan batos. Radian ingkang ngilokaken Jemini mawi tetembungan ingkang boten pantes, saha nalika Radian nggrayangi badanipun. Jemini pasrah saha dedonga supados saged kesah saking papanipun Radian. Suparto Brata paring pandangan bilih kemlaratan pribumi dados prakawis ingkang utami. Kahanan menika ingkang ndadosaken para wanita pribumi mlebet ing donyanipun gundhik. Tipis sanged antawisipun perbudakan kaliyan pelacuran ingkang dipunhalalaken. Dipunhalalaken amargi nalika abab 17-18 kathah para priya pendhatang saking Eropa ingkang mbetahaken wanita kangge ngruwat griya saha nyekapi kabetahan seksual. Nalika samanten namung wanita pribumi ingkang wonten. Para wanita pribumi pasrah nalika dipundadosaken rencang utawi nyai dening priya menika. Sanesipun budaya pergundikan ing tangsi, pengiriman tiyang Jawi dhateng Tanah Deli ugi saged dados gambaran sikap pasrah saking wanita pribumi. Tanah Deli inggih menika dhaerah kolonisasi ing pesisir wetan Sumatra Baay, 2011: 129. Tiyang Jawi ingkang tindak menyang Tanah Deli menikas tiyang ingkang dipunkontrak dados rencang kangge nyambutdamel ing tanah perkebunan tembako. “Ah, nasibku pancen luwih ala tinimbang wong wadon liyane Ora ana sing gelem dakiloni. Kowe rak isih kelingan dakjaluki kacang neng Stadstuin biyen kae? Ya neng kae aku dicekel. Dipelet. Saiki arep dikon layar nang Tanah Deli. Eh, ya sapa ngreti, Tanah Deli luwih becik tinimbang Tanah Jawa” Brata, 2012: 188 139 Lumantar paraga wanita sanes Suparto Brata paring pandangan ngengingi sikap pasrah saking wanita pribumi. Wanita ingkang gesangipun langkung asor dipunkirim menyang dhaerah perkebunan ing tanah seberang pulo Jawi. Wonten ing tanah perkebunan inggih menika Tanah Deli, para wanita pribumi dipundadosaken rencang kangge nyambutdamel ing mriku. Baay 2011: 129 ngandharaken bilih nalika 1860-an, wonten kelompok masarakat perintis ing Deli ingkang anggotanipun para pengusaha Eropa, pegawai perkebunan, saha buruh kontrak Asia ingkang priya saha wanita. Kathah buruh utawi rencang wanita ingkang boten jarang dipunpeksa gesang wonten ing pergundikan kaliyan priya Eropa ing Tanah Deli. Para wanita menika namung saged pasrah. Gesang ing Tanah Deli kanyata ugi sami kaliyan ing Tanah Jawi.

c. Sabar Ngadhepi Pacobaning Gesang

Saben tiyang kedah gadhah sipat sabar anggenipun nglampahi pagesangan. Miturut Poerwadarminta 1937: 536 sabar inggih menika boten cepak nepsunipun. Suparto Brata paring pandangan ngengingi sipat sabar menika lumantar paraga Jemini. Piyambakipun nedahaken sikap sabaripun Jemini nalika nampi pacobaning gesang. Jemini ngraosaken rekaosipun gesang nalika dados muncinipun Radian. Piyambakipun sabar nalika ngadhepi Radian ingkang remen duka saha remen paring pasiksan. Sanes menika, Jemini kedah ngurusi sedaya kabetahan griya. Jemini kanthi sabar nglampahi menika sedaya, piyambakipun ugi kedah ngempet nepsunipun. Kanepson 140 menika boten saged dipunmarekaken kanthi cara kanepson, mila Jemini kedah sabar nglampahi pasiksan menika saha boten sesambat. Saungkure Tuwane, Jemini ora enak-enak. Umbah-umbah, ngepel, reresik omah, nyrebeti kursi, dhipan lan lemari, lagek bisa menyang pasar. Mulih saka pasar mangsak. Adate jam siji lagi rampung. Bengi dheweke ditakoni Tuwane. “Pira? Lombok pira regane? Mau olehmu tuku menyang wlija apa budhal nyang pasar dhewe?” Brata, 2012: 88 Jemini saiki raine katon kenceng. Mripate atos. Jungkatan rambute luwih klimis. Pawakane kuru lan keset, kaya ora tau kena siram banyu. Katon luwih tumuwa katimbang umur kang sejatine. Pamawase jembar, pengalaman jero. Dierami Siti mung mesem wae. Ora katon sedhih utawa kebangeten nalangsane. Sipat nrima, ngalah lan prihatin kacetha ing guwayane kang pucet. Mangka satemene pawakane lagi ndendel-ndedele ngrembaka. “Urip mono rak ora sateruse nemu apes. Terkadhang anjlog. Terkadhang munggah. Ora beda karo lakune rodha cikar. Saiki alon-alon mudhun, mengko utawa taun mbesuk alon-alon munggah. Mara-mara munggah ya mesthi ora bisa,” ujare Jemini. Malah mituturi. Brata, 2012: 91 Miturut pandangan Suparto Brata, bab pasiksan dhateng nyai utawi rewang mujudaken prakawis ingkang limrah dipunpanggihi. Pasiksan menika saged dipuntindakaken tuwan dhateng rencangipun amargi jaman semanten boten wonten larangan ingkang ngatur ngengingi bab panyiksan menika. Menawi kesah saking tuwanipun, para nyai menika ajrih. Kesah saking tuwanipun menika wonten resikonipun. Nyai ingkang kesah utawi minggat saking tuwanipun gesangipun saged langkung rekasa menawi ngantos kecekel malih. Nyai ingkang asring dipunsiksa dening tuwanipun boten saged tumindak menapa-menapa kajaba sabar. Piyambakipun ajrih boten antuk padamelan sanes. Kahanan menika saged kadadeyan amargi tingkat pendhidhikanipun rencang utawi nyai menika tasih kirang. Wonten 141 saperangan nyai ingkang boten kiyat ngadhepi tumindak pasiksan ingkang dipuntidakaken dening tuwanipun. Nyai menika milih kesah saking griya tuwanipun. Nanging jaman sakmenika sampun wonten aturan bab pasiksan dhateng wanita mliginipun kangge para rencang. Undang-Undang perlindungan dhateng rencang menika kaajab saged ngirangi saha mbrastha tumindak pasiksan.