Cara Nganalisis Data CARA PANALITEN
36
dipuntindakaken kanthi dipunambalisaengga data ingkang sampun wonten boten ewah. Wondene reliabilitas interrater inggih menika dipuntindakaken kanthi cara
konsultasi dhateng dosen pembimbing. Tuladha anggenipun ngesahaken data mawi validitas semantis kados ing
ngandhap menika. “Jajan maneh? O, dhapurmu Mau rak wis entek gethuk rong wungkus
esuk-esuk? Saiki jajan maneh? Weteng apa kowe iki? Kowe mbesuk ki dadi apa, ta, Jem? Bocah kok olehe ngluthis” 5
Nalika dipunjiwit Jemini boten nangis, namung ngendika bilih menawi mangke wentisipun medal rahipun malih kados pundi. Emakipun mangertosi
babagan menika, dipunpenggalihi menawi Jemini menika sampun kenya. Jemini wangsulan bilih kenya menika kados pundi. Emak tambah mangkel, amargi
Jemini wangsulan saha langkung milih dados tiyang jaler tinimbang tiyang estri. Bab kasebut saged katingal saking pethikaning ngandhap menika.
“Prawan ki yok apa, se, Mak?”
‘Stt, embuh Bocah kok bandele eram Pantes-pantese rak cah lanang sing mbandele kaya kowe ngono kuwi, Jem”
“Iya, Mak. Seneng lek aku dadi arek lanang. Nontok jesben gak disengkang-sengkang mbarek arek lanang liyane Enak, arek lanang Gak
tau dikongkon tuku miri apa laos”
“Huss” 6 Data-data ing nginggil kalebet watakipun paragatama Jemini. Data menika
dipunpendhet amargi nedahaken watakipun Jemini inggih menika bandel. Data 5 nedahaken watak Jemini kanthi andharan boten langsung utawi katrangan
saking panganggit. Wondene data 6 menika nedahaken watak Jemini kanthi andharan
langsung utawi saged dipunmangertosi saking pawicantenan
37
paragatama kaliyan paraga sanesipun. Data-data ingkang sampun katliti kanthi dipunambali kalawau lajeng dipuntafsiraken ngginaaken basanipun piyambak
kanthi migatosaken konteksipun. Konteks ingkang dipunkajengaken menika konteks wacana ing cariyos kanthi ningali saking tetembungan, pawicantenan,
tindak-tanduk paraganapiun, saha katrangan saking panganggit. Uji reliabilitas dipuntindakaken mawi cara tliti anggenipun maos saha
nyerat data-datanipun. Data dipunwaos kanthi dipunambali saengga saged pikantuk data ingkang ajeg kawontenanipun. Salajengipun dipunsuwunaken pirsa
dhateng dosen pembimbing kangge nliti data.