Latar Belakang Sosial Deskripsi Teori 1.

23 prakawis sosial saha politik. Biografi saha strukturalisme genetik menika saged dipungayutaken amargi pamangih-pamanggih saking panganggit menika dipundadosaken pandangan dunia panganggit wonten ing karya sastra. Pandangan dunia kalawau gayutanipun kaliyan prakawis ingkang kalampahan wonten ing pagesangan. Biografi ingkang dipunserat menika awujud dokumen, layang, saha seratan-seratan sanesipun kedah dipungatosaken dening panaliti Wellek saha Warren, 1990: 83. Pandangan dunia panganggit wonten ing panaliten strukturalisme genetik dados gambaran saking donya sosial sakiwa tengenipun panganggit. Awit saking menika, biografi panganggit dipunginakaken wonten ing panaliten strukturalisme genetik kangge pados informasi ingkang gayutanipun kaliyan pandangan dunia panganggit.

7. Pandangan Dunia Panganggit

Karya sastra tuwuh saking asil kreasi panganggit ingkang minangka perangan saking kelompok sosial tartamtu. Karya sastra ingkang dipunasilaken kangge paring penggalih dhateng kahanan sosial ingkang kadadosan wonten ing donyanipun panganggit. Sastra boten namung minangka satunggaling karya ingkang sipatipun imajinatif saha pribadhi, nanging minangka rekaman budaya, satunggaling wujud gagasan tartamtu nalika karya menika dipunripta Taine, wonten ing Fananie, 2002: 117. Goldmann ngandharaken bilih panganggit boten nedahaken pandanganipun piyambak, nanging piyambakipun nedahaken pandangan dunia satunggaling 24 kelompok sosial. Pandangan kasebut minangka satunggaling gagasan ingkang dipunandharaken kanthi imajinatif Junus, wonten ing Fananie, 2002: 165. Dados, pandangan ingkang dipuncawisaken wonten ing karya sastra menika dipungayutaken kaliyan struktur intrinsik karya sastra. Lumantar paraga- paraga saha prakawis-prakawis ingkang dipunlampahi menika panganggit minangka wakil saking kelompok masarakat tartamtu paring pandangan ngengingi kadadosan sosial wonten ing masarakatipun. Pandangan dunia minangka wujud saking kawontenan sosial masarakatipun. Panganggit ngetrepaken donyanipun supados subjek saha pagesangan saged selaras Pradopo, 2001: 1. Wujud menika saged kagambaraken kanthi nyatamawi karya sastra ingkang dipunripta panganggit. Saking mekaten, pandangan dunia minangka gagasan saking respon ngengingi kawontenan sosial ingkang dipuncawisaken ing karya sastra. Pandangan dunia minangka reaksi saking panganggit anggenipun ngraosaken prakawis ingkang kalampahan wonten ing masarakat. Panganggit minangka anggota masarakat gadhah pandangan dunia ingkang sami kaliyan kelompok sosial ingkang nyengkuyung anggenipun nuwuhaken karya sastra Damono, 1978: 42. Pamanggih menika sami kaliyan pamanggihipun Ratna 2009: 124 ingkang ngandharaken bilih karya sastra menika dados wakil saking kelompok sosial, amargi karya sastra menika isinipun saking penggalih panganggit saha kelompok sosial ingkang nyengkuyung ingkang ngemot prakawis-prakawis ingkang kedadeyan wonten ing masarakat. Dados panganggit menika minangka wakil saking kelompok sosial ingkang paring