Fakta Cerita arupi Latar

46 No Latar Katrangan Indikator Data Pergundikan ing tangsi Nanging kerep wae pembantu- pembantu wadon iki cukup diwasa, durung ana sing ndhedheki, terus didadekake munci dening wong- wong Kampung Landa. Dimunci tegese didadekake babu, yen perlu nginep kono barang, dienggo kanca turu. 24 Lumantar Kadinah, Jemini kerep melu ngeterake matengan menyang omahe Radian. Radian mono kaya Sutras, oleh omah dhewe neng njaban tangsi,..... 75 Pasiksan dhateng munci utawi nyai Jemini wis ora sambat maneh. Rambute dijambak wong sempoyongan, dienggo teken. Wonge menyanyi karo misuh- misuh, karo ngece-ngece. 90 Dijambaki, ditepangi, digeceki, ora sambat, ora mbantah. Ora keduman papan nerangake apa sing kedadean esuk mau 96 Adhedhasar data ing tabel 2. ing nginggil, saged dipunmangertosi bilih latar wekdal nyariyosaken antawisipun warsa 1836-1950. Latar papan wonten ing tangsi kutha Surabaya, Betawi, saha Batujajar. Latar sosialipun inggih menika tiyang pribumi dados serdhadhu kumpeni, nikah peksan, pergundikan ing tangsi, saha pasiksan dhateng munci utawi nyai.

c. Fakta Cerita arupi Alur

Alur utawi plot minangka prakawis ingkang wigati wonten salebeting karya sastra fiksi. Prastawa-prastawa ingkang dipunpanggihi para paraga menika saged dipunmangertosi saking gegambaran satunggaling alur. Langkung saking makaten, alur ing salebeting cariyos gadhah fungsi kangge Tabel salajengipun: Tabel Fakta Cerita arupi Latar wonten ing Novel Jemini 47 medharaken sebab-akibat satunggaling cariyos ing novel. Wonten ing panaliten strukturalisme genetik, alur dipunandhraken kangge nggamblangaken kawontenan paraga wonten salebetipun cariyos. Mawi alur, saged kagambaraken lelampahanipun paraga anggenipun menggalih, saha tumindak anggenipun nanggepi prakawis pagesangan saengga mbiyantu panganggit ngandharaken pandangan dunia. Kangge mangertosi gegambaran alur wonten salebeting novel Jemini badhe dipuncawisaken tabel ing ngandhap menika. Tabel 3. Tabel Fakta Cerita arupi Alur wonten ing Novel Jemini No Tahap Alur Katrangan Kaca 1. Penyituasian Rikala dolanan kopyok, Jemini priksa menawi badhe dipundhaupaken kaliyan Urip. Bab dhaup menika dipunmangertosi Jemini saking Parni. Parni kandha bilih Jemini badhe dipunkramakaken kalih minggu malih. Jemini kaget, piyambakipun boten ngira menawi tiyang sepuhipun tumindak mekaten. Kanca-kancanipun sami nyuraki, Jemini wangsul sinambi sesenggukan nangis. Jemini kapeksa nyaguhi menapa ingkang dados kajengipun tiyang sepuh, inggih menika nikah kaliyan Urip. Sejatosipun Jemini boten tresna dhateng Urip, mila saksampunipun resepsi Jemini boten purun rumaket kaliyan Urip. Saksampunipun acara nikahan menika, Jemini dipunboyong wonten ing tangsinipun Urip. Wanci dalu nalika Urip sare, Jemini gage kesah saking papan menika, medal saking tangsi Sambongan lajeng pados margi ingkang tumuju wonten ing tangsinipun rumiyin. Urip kaget, nalika wungu mangertosi Jemini sampun boten wonten ing papan sare. Sawetara wekdal dipunantu Jemini boten enggal wangsul. Mlampah tigang wulan Urip 53, 54, 56, 59, 72, 74 48 No Tahap Alur Katrangan Kaca sabar ngentosi Jemini, nanging ingkang dipunentosi boten wangsul. Kapeksa Urip pasrah nguwalaken Jemini. Jemini saha Urip kadadeyan anggenipun pisahan. Saksampunipun pisahan, Jemini tumut tiyang sepuhipun, piyambakipun sampun dipunwastani randha, nanging solah bawanipun tasih sami kaliyan bocah. Sipatipun dereng ewah kamangka piyambakipun sampun diwasa. 2. Pemunculan Konflik Saksampunipun pisahan kaliyan Urip, Jemini dados rencang utawi munci wonten ing Kampung Landa. Jemini dados munci menika kawiwitan saking pangajakipun Kadinah. Kadinah menika tiyang tangsi ingkang dipunmunci dening Den Sutras. Kadinah nate ngajak Jemini paring dhaharan kangge Den Sutras. Sanesipun bab menika, piyambakipun ugi ngladosi Den Radian. Pakulinan Jemini ingkang asring tumut paring dhaharan wonten ing papanipun Den Radian menika ndadosaken Radian kesengsem dhateng Jemini. Radian ingkang sampun tresna dhateng Jemini meniki nyuwun supados Jemini saged dados muncinipun. Piyambakipun ngaturaken niyatipun menika dhateng Wagiman, ramanipun Jemini. Menawi purun, Jemini bakal dipunboyong menyang Betawi. 75, 77, 78 3. Peningkatan Konflik Jemini siyos dados muncinipun Radian, piyambakipun dipunboyong menyang Betawi. Tumindakipun Radian wonten ing Betawi beda sanged menawi dipunbandhingaken nalika tasih wonten ing Surabaya. Radian kalebet tiyang ingkang kirang srawung, kamangka kaliyan Jemini kemawon awis wicantenan. 86, 87 4. Klimaks Jemini asring nampi pasiksan saking Radian. Kahanan menika kalampahan nalika Radian tepang kaliyan ciu. Pasiksan ingkang dipuntampi dening Jemini boten namung pasiksan lair, nanging ugi awujud pasiksan batos saha tumindak ingkang 90, 96, 99, 103 Tabel salajengipun: Tabel Fakta Cerita arupi Alur wonten ing Novel