Paedahing Panaliten Pangertosan PURWAKA

8

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori 1.

Karya Sastra minangka Gambaran Realitas Sosial Sampun kathah pangertosan bab sastra ingkang dipunandharaken dening para tokoh sastra. Miturut ancasipun, karya sastra menika gadhah pangertosan ingkang sami, nanging awit saking menika pangertosan sastra minangka gambaran realitas sosial dipunandharaken kanthi ukara saha basa ingkang beda. Karya sastra minangka samubarang ingkang tuwuh wonten ing pagesangan temtu wujud saha pangertosanipun beda-beda, pramila awit saking menika dipunpadosi panyaruwe saking teori-teori ingkang mujudaken satunggal pangertosan. Miturut Goldmannn wonten ing Faruk 1999 : 12 karya sastra minangka struktur ingkang tuwuh saking proses sejarah ingkang dinamis, proses strukturasi saha destrukturasi ingkang gesang saha dipunresepi dening masarakat ingkang gayut kaliyan karya sastra. Awit saking proses sejarah ingkang tuwuh ing masarakat menika, karya sastra dipundamel dening panganggit kanthi cara imajinatif satemah saged paring bingah dhateng pamaos sastra Aminuddin 1987: 37. Fananie 2002: 6 ugi ngandharaken bilih karya sastra minangka karya fiksi ingkang asil saking kreasi adhedhasar emosi ingkang dumadakan ingkang saged nggambaraken aspek estetis ingkang sae ingkang adhedhasar aspek basa saha aspek makna. Dados saking andharan menika, tuwuhipun 9 karya sastra boten uwal saking pagesangan budaya wonten ing sakiwa tengenipun panganggit. Panganggit gadhah kupiya kangge medalaken emosi, penggalih, saha daya imajinasi ingkang dumadakan lumantar karya sastra. Basa ingkang dipunginakaken wonten ing karya sastra menika gadhah makna ingkang boten uwal saking pagesangan masarakat saha minangka perangan saking karya seni. Bab menika sami kaliyan pamanggihipun Wellek saha Waren 1990: 3 ingkang sampun ngandharaken bilih sastra minangka wujud saking pandamelan kreatif saking karya seni. Karya sastra ingkang sae kedah saged paring piwulang marang pamaos. Karya sastra ingkang kados menika nggambaraken prastawa ingkang gayut kaliyan pagesangan manungsa. Miturut andharanipun Saleh Saad wonten ing Jabrohim, 1994: 5 sastra saged paring pangertosan babagan manungsa, piwulang dhateng prastawa-prastawa wonten ing pagesangan, saha gadhah mupangat kangge pagesangan manungsa saha bangsa. Sastra ugi saged paring pangaribawa ingkang ageng dhateng cara penggalihipun tiyang ngengingi pagesangan, ngengingi becik saha awon, ngengingi leres saha lepat, sarta cara penggalih tiyang dhateng bangsa. Saking andharan ingkang sampun kaserat wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih karya sastra minangka gambaran realitas sosial inggih menika seratan ingkang kacithak saking proses imajinasi adhedhasar emosi saking panganggit ingkang gesang wonten pagesangan sejarah ingkang dipunlampahi, saha wosipun saged paring piwulang ingkang sae dhateng masarakat pamaos sastra. Tuladhanipun karya sastra ingkang ngewrat babagan 10 ingkang gayut kaliyan masarakatipun ing antawisipun ingkang kalebet jinising novel.

2. Novel wonten ing Sudut Pandang Strukturalisme Genetik

Novel minangka jinising karya sastra ingkang sipatipun fiksi saha nggambaraken prakawis pagesangan. Miturut Northotp Frye wonten ing Wardani 2009: 15 novel inggih menika karya fiksi realistik ingkang miyaraken lelampahan pagesangan ingkang sipatipun khayalan utawi imajinasi saha gadhah ancas kangge mbeta pamaos dhateng donya ingkang maneka warni. Novel ingkang sipatipun imajinatif ngandharaken kanthi cara wetah bab pagesangan paraga. Lampahanipun cariyos kawiwitan saking prakawis ingkang dipunlampahi dening paraga ngantos paripurna. Novel mbetahaken cariyosan ingkang lumantar papan saha wekdal cariyos. Novel minangka gambaran saking pagesangan ingkang nyata nalika novel menika dipunserat. Kajawi mekaten, novel menika gadhah sipat realistis, ngrembaka saking dokumen-dokumen ingkang wujudipun naratif non fiksi ingkang ngrembag prakawis kanthi jangkep. Novel menika saged nuwuhaken pangrembaganing satunggal karakter, kahanan sosial ingkang ruwet, saha mapinten-pinten cariyos ruwet ingkang dumados mapinten-pinten taun kepungkur kanthi jangkep. Nurgiyantoro 2010: 4 ngandharaken bilih novel paring wujud donya imajiner ingkang sampun dipunrantam, donya imajiner menika kadhapuk saking unsur-unsur instrinsik kadosta prastawa, alur utawi plot, paraga, latar,