Panaliten ingkang Gayut GEGARAN TEORI

29 takut ancaman. 4 Gayutan antawisipun fakta cerita saha tema kaliyan pandangan dunia panganggit katingal saking gambaran alur saha latar ingkang dipunlampahi paraga hero problematik. Kalih panaliten kalawau sami kaliyan panaliten menika, inggih menika ngginakaken pendekatan strukturalisme genetik. Bedanipun, panaliten menika fokus ing fakta cerita saha pandangan dunia panganggit, saha data panalitenipun inggih menika novel Jemini anggitanipun Suparto Brata. Panaliten ingkang dipuntindakaken Aziz Abdullah saha Hendi Widyatmoko nedahaken bilih panaliten dhateng novel Jemini mawi teori strukturalisme genetik dereng nate dipuntindakaken, saengga saged dipuntliti ngginakaken teori kasebut. 30

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika minangka panaliten mawi cara strukturalisme genetik. Wonten ing panaliten strukturalisme genetik ingkang ngginakaken novel minangka sumber data panaliten, data ingkang dipunkempalaken minangka data verbal saking pethikan-pethikan ing novel kasebut. Data menika salajengipun dipunanalisis mawi cara deskriptif, saengga panaliten menika ngginakaken panaliten kualitatif. Wonten ing panaliten kualitatif, data ingkang dipunkempalaken minangka data-data deskriptif arupi tembung-tembung. Panaliten dipuntindakaken kangge ngandharaken asal lairipun novel Jemini anggitanipun Suparto Brata. Asal novel saged dipunmangertosi saking pandangan dunia panganggit. Pandangan dunia panganggit saged dipunmangertosi saking latar, paraga, saha alur wonten salebeting novel ingkang dipungayutaken kaliyan kawontenan latar belakang panganggit saha sejarah rikala novel menika dipunripta.

B. Data saha Sumbering Data

Sumber data wonten ing panaliten menika novel ingkang irah-irahanipun Jemini anggitanipun Suparto Brata. Novel menika dipunwedharaken Penerbit “Narasi” Yogyakarta warsa 2012. Data panaliten menika sedaya ingkang wonten gayutipun kaliyan strukturalisme genetik ing salebeting novel Jemini, buku utawi 31 artikel minangka referensi kangge mangertosi latar belakang saha pandangan dunia Suparto Brata.

C. Cara Ngempalaken Data

Cara ingkang dipunginakaken kangge madosi data wonten ing panaliten ingkang badhe dipuntindakaken inggih menika cara maos-nyerat saha studi kapustakan. Cara maos-nyerat inggih menika cara ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken data mawi cara maos kanthi setiti saha dipunambali, salajengipun prakawis-prakawis ingkang dipunraosaken wigatos dipunserat saha dipunkempalaken wonten ing tabel. Anggenipun nindakaken panyeratan, data kedah sampun dipunpilah, inggih menika data-data ingkang boten gayut kaliyan panaliten dipuntilar, nanging data ingkang gayut kaliyan panaliten dipunpsukani tandha supados gampil anggenipun nemtokaken indikator Endraswara, 2011: 103. Cara studi kapustakan inggih menika sedaya kupiya ingkang dipuntindakaken dening panaliti kangge ngempalaken data saha informasi ingkang gayut kaliyan prakawis ingkang badhe utawi nembe dipunteliti. Data saha informasi menika saged dipunpendhet saking buku-buku, artikel, jurnal, kalawarti, saha sumber seratan ingkang sampun dipuncithak utawi dereng. Cara menika dipunginakaken kangge pados, nemtokaken, saha nelaah buku-buku utawi artikel minangka sumber seratan ingkang dipunwedhar prastawa sosial ingkang ndadosaken tuwuhipun novel Jemini menika. Kejawi mekaten, cara studi 32 kapustakan inggih dipunginakaken kangge ngempalaken pangertosan ngengingi pandangan dunia Suparto Brata.

D. Piranti Panaliten

Piranti wonten panaliten inggih menika kertu data kangge nggampilaken panaliti minangka ingkang nindakaken panaliten. Pradopo, dkk. 2001: 16 ngandharaken pangertosan babagan bahan ingkang badhe dipuntliti nedahaken pangertosan saha setitinipun panaliti tumrap asilipun panaliten. Saking maos saha pengamatan panaliti dhateng subjek panaliten, saged pikantuk data-data ingkang dipunginakaken ing panaliten. Data kasebut lajeng dipunserat wonten ing kertu data. Kertu data dipunginakaken kangge nggampilaken panaliti saengga panaliten saged dipuntindakaken kanthi sistematis. Data-data ingkang sampun wonten, salajengipun dipunkelompokaken miturut kriteria ingkang trep kaliyan prakawis ingkang dipuntliti kangge nggampilaken analisis saha pirembagan panaliten. Tuladha Kertu Data Fakta Cerita Novel Jemini Tuladha Tabel Fakta Cerita arupi Wataking Paraga wonten ing Novel Jemini No Nama Paraga Watak Indikator Data 1. Jemini Bandhel .....“Stt, embuh Bocah kok bandele eram Pantes-pantese rak cah lanang sing mbandele kaya kowe ngono kuwi, Jem” 5 No Kutipan saking Novel Kaca Katrangan 1. Jemini banjur engkle suwe, mlaku sikil siji, ora tumuju Pasar Turi kaya pakone emake, nanging menggok menyang Stadstuin, gedhong gedhe asal swarane musik. 2 Latar Papan