37
paragatama kaliyan paraga sanesipun. Data-data ingkang sampun katliti kanthi dipunambali kalawau lajeng dipuntafsiraken ngginaaken basanipun piyambak
kanthi migatosaken konteksipun. Konteks ingkang dipunkajengaken menika konteks wacana ing cariyos kanthi ningali saking tetembungan, pawicantenan,
tindak-tanduk paraganapiun, saha katrangan saking panganggit. Uji reliabilitas dipuntindakaken mawi cara tliti anggenipun maos saha
nyerat data-datanipun. Data dipunwaos kanthi dipunambali saengga saged pikantuk data ingkang ajeg kawontenanipun. Salajengipun dipunsuwunaken pirsa
dhateng dosen pembimbing kangge nliti data.
38
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
Kanthi adhedhasar data ingkang dipunpendhet saking sumber data, saged dipunmangertosi gambaran struktur novel ingkang arupi fakta cerita
paraga, latar, saha alur saking novel Jemini. Data-data ingkang dipunkempalaken lajeng dipunmangertosi saha dipunklasifikasi kanthi setiti.
Pangertosan menika
dipuntindakaken amargi
boten sedaya
data dipunginakaken. Namung data-data ingkang wonten gayutipun kaliyan
pandangan dunia panganggit ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten strukturalisme genetik. Data struktur novel ingkang arupi fakta cerita menika
dipunginakaken kangge ngandharaken pandangan dunia Suparta Brata. Perangan kangge ngandharaken pandangan dunia sanesipun inggih
menika latar belakang sosial. Latar belakang sosial menika saged nedahaken karakter saking Suparto Brata. Latar belakang sosial ugi saged paring
pambiyantu anggenipun mendhet dudutan pandangan dunia ingkang wonten ing salebeting novel Jemini. Pandangan Suparto Brata boten uwal saking
kahanan sosial masarakat. Pangertosan prastawa sejarah ingkang maneka warni menika saged dados gambaran kados pundi Suparto Brata anggenipun
nglampahi prastawa sejarah. Asiling panaliten saking data-data ingkang sampun dipunkempalaken,
dipuncaosaken kanthi wujud tabel paraga, tabel alur, tabel latar, saha tabel latar belakang sosial ingkang sinerat wonten ing novel Jemini. Tabel-tabel
39
menika gayut kaliyan ancasing panaliten. Data-data ingkang wonten ing tabel saklajengipun dipunandharaken wonten ing bab pirembagan.
1. Fakta Cerita wonten ing Novel Jemini
a. Fakta Cerita arupi Paraga
Novel Jemini nyariyosaken pagesangan wanita ing jaman Walandi. Rikala jaman samanten drajatipun wanita langkung asor tinimbang priya.
Wanita dipunanggep boten saged tumindak kaya dene priya. Wanita menika kaya dene samubarang ingkang saged dipunpilih, dipunregani, lajeng
dipunrabi dening para priya. Nalika jaman samanten, saperangan tiyang ngupiya supados tiyang Walandi saged oncad saking nusantara, nanging ugi
wonten saperangan tiyang ingkang milih tumut kelompok Walandi dados serdhadhu kumpeni. Serdhadhu Walandi menika gadhah nama KNIL. KNIL
menika singkatan
saking basa
Belandha Koninklijke
Nederlands Indische Leger, utawi gadhah teges tentara kerajaan Hindhia-Belandha.
Kahanan ingkang dipuncariyosaken wonten ing nginggil sami kaliyan menapa ingkang dipunlampahi dening Jemini minangka paragatama wonten
ing novel Jemini. Wiwit alit, Jemini gesang wonten ing tangsi. Kasunyatan menika kadadosan amargi ramanipun Jemini ingkang asmanipun Wagiman
dados tentara KNIL. Tentara KNIL menika kedah mboyong kulawarganipun kangge gesang wonten ing ndalem tangsi. Tangsi inggih menika papan
ingkang awujud asrama kangge para tentara. Kasunyatan ing tangsi menika ndadosaken kasangsaran ingkang dipunlampahi dening Jemini. Bab kapisan
ingkang dados gambaran kasangsaran gesang sajroning novel Jemini inggih
40
menika nikah peksan. Jemini dipunikahaken kanthi cara peksan dening priya ingkang boten dipuntresnani. Saking nikah peksan menika nuwuhaken
sipatipun Jemini ingkang mbalela, sanes menika ugi nuwuhaken kahanan ingkang gayut kaliyan paraga tambahan. Paraga tambahan kasebut inggih
menika Emak, Wagiman, Ngadinem, Siti, Urip, Radian, saha Piet Coertszoon. Kangge mangertosi paraga-paraga kasebut, ing ngandhap menika badhe
kaandharaken wataking para paraga. Data dipunandharaken utawi
dipunpanggihaken saking gegambaran langsung. Sanesipun mawi analitik watak para paraga dipuntindakaken mawi boten langsung, utawi adhedhasar
saking wicantenan kaliyan paraga sanesipun.
Tabel 1. Tabel Fakta Cerita arupi Wataking Paraga wonten ing Novel Jemini
No Nama
Paraga Watak
Indikator Data
1. Jemini
Bandel .....“Stt, embuh Bocah kok
bandele eram Pantes-pantese rak cah lanang sing mbandele kaya
kowe ngono kuwi, Jem” 5
“Kowe aja sok melu blusukan nyang kamare Den Sutras ya”
“Apa se, Mak?” “Cah cilik kok neges-neges
Dituturi wongtuwa ya manut ngono wae”
8
Penginan mangertos
Jemini kaget. Ana suwara lanang Dheweke
ngempet ambegan,
anggone kepengin weruh sapa sing omong-omongan kuwi saya
banget...... 15
...... Lan atine ya kepengin weruh, sapa wong nganggo
klambi putih clana biru mau. 24