Pandangan Dunia Panganggit Deskripsi Teori 1.

25 wedharan bab pandangan dunia saking kelompok sosial ingkang nyengkuyung kalawau. Panganggit wonten ing karya sastra dados juru micara saking kelompok sosial. Karya sastra ingkang nggambaraken kawontenan sosial ing masarakat saged dipunsebut karya ageng, amargi wonten ing karya sastra menika saged paring informasi babagan sejarah saha kasunyatan sosial ingkang gesang wonten ing jamanipun Hardjana, 1985: 80. Bab menika nedahaken bilih panganggit anggenipun nyerat karya sastra dados juru cariyos saking prakawis-prakawis saha pamanggih saking kelompok sosial tartamtu. Ewah-ewahan ingkang wonten ing masarakat dados prakawis ingkang saged ngewahi isi saking karya sastra. Isi saking karya sastra menika kadadosan saking pamanggihipun panganggit dhateng prakawis-prakawis ingkang wonten ing masarakat. Awit saking menika, karya sastra boten namung dados sarana panglipur, nanging inggih kedah gadhah piwulang tartamtu. Wardani 2009: 47 ngandharaken bilih gayutan antawisipun struktur karya sastra kaliyan struktur sosial sipatipun boten langsung, nanging antawisipun kekalih menika dipundhasari saking pandangan dunia panganggit. Goldmann wonten ing Damono, 1978: 42 gadhah pamanggih bilih karya sastra ageng menika gadhah fakta estetis. Fakta estetis ngandhut kalih korespondensi. Setunggal, gayutan antawisipun pandangan dunia minangka kasunyatan ingkang dipunlampahi saha alam reriptaning panganggit. Kalih, gayutan antawisipun alam reriptaning panganggit kaliyan sarana kasusastraan 26 tartamtu kadosta sintaksis, gaya, saha citra ingkang dipunbetahaken panganggit wonten ing seratanipun. Damono 1978: 43 ugi paring andharan bilih karya sastra minangka karya estetis wonten ing pandangan strukturalisme genetik gadhah kalih estetis, inggih menika estetis sosiologis saha estetis sastra. Gayutanipun kaliyan estetis sosiologis, strukturalisme genetiknedahaken gayutan antawisipun pandangan dunia kaliyan paraga- paraga sarta prakawis ingkang dipunripta panganggit wonten ing karya sastranipun. Gayutanipun kaliyan estetis sastra, strukturalisme genetik nedahaken gayutan antawisipun alam reriptaning panganggit kaliyan sarana sastra ingkang dipunginakaken panganggit kangge nyerat. Wonten ing panaliten strukturalisme genetik, struktur karya sastra kedah dipungatosaken. Goldmann wonten ing Endraswara, 2003: 57 ngandharaken, karya sastra minangka struktur ingkang gadhah makna menika makili pandangan dunia vision du monde panganggit, boten minangka individu nanging minangka anggota masarakat. Saking mekaten, saged dipunandharaken bilih strukturalisme genetik minangka panaliten sastra ingkang nggayutaken antawisipun struktur sastra kaliyan struktur masarakat mawi pandangan dunia ingkang dipuncawisaken. Saking menika karya sastra boten saged dipunmangertosi kanthi wetah menawi sedaya gesang masarakat ingkang sampun nglairaken karya sastra dipunuwalaken. Pandangan dunia panganggit menika saged dipungambaraken lumantar paraga-paraga wonten ing karya sastra. Paraga ingkang dipunginakaken mliginipun paragatama utawi paraga hero prolematik. Kupiya 27 ingkang dipunlampahi dening paragatama inggih menika kupiya saking kelompok sosialipun. Paraga sanesipun minangka subjek kolektif ing njawi kelompok sosial paragatama. Penggalih-penggalih paragatama minangka pamanggih saha gagasan panganggit anggenipun nggambaraken kelompok sosial panganggit Sitepu, 2009: 23. Wonten ing novel Jemini anggitanipun Suparto Brata, tuladhanipun prakawis ingkang dipunlampahi dening paraga Jemini minangka paragatama inggih menika usaha anggenipun nanggepi kelompok sosial panguwasa ingkang mliginipun ndamel kasangsaraning gesang. Saking andharan ing nginggil saged dipunmangertosi bilih kangge nggayuh pandangan dunia kedah wonten perpaduan. Perpaduan menika antawisipun struktur kasrya sastra saha struktur masarakat. Struktur karya sastra inggih menika fakta cerita saha struktur masarakat antawisipun unsur latar belakang panganggit saha latar belakang sosial rikala karya menika dipunripta. Saking perpaduan unsur-unsur kalawau saged dipunmangertosi pandangan dunia, kadospundi panganggit nindakaken cariyos ing salebetipun wonten gagasan saking respon pagesangan.

B. Panaliten ingkang Gayut

Panaliten ingkang ngginakaken strukturalisme genetik inggih menika panalitenipun Aziz Abdullah ingkang irah-irahanipun “Strukturalisme Genetik Novel Jaring Kalamangga karya Suparto Brata”. Fakta cerita arupi paraga, saha latar nggambaraken pagesang sosial politik rikala jaman Agresi Militer 28 Belanda I. Asil panaliten ingkang dipunandharaken inggih menika 1 Fakta cerita arupi paraga saha latar nggambaraken gejolak sosial bangsa Indonesia rikala warsa 1966. 2 Latar belakang sejarah ingkang nglairaken novel Jaring Kalamangga inggih menika prastawa Agresi Militer Belanda I rikala warsa 1966. 3 Pandangan dunia panganggit salebeting novel Jaring Kalamangga inggih menika kemerosotan mental individu amargi ego saha bandha donya, gejolak sosial, saha pangginaan unggah-ungguh ingkang sampun boten dipungatosaken malih. Gayutan antawisipun fakta cerita kaliyan pandangan dunia panganggit babagan kawontenan sosial sejarah bangsa Indonesia katingal saking alur saha gambaran latar ingkang dipunlampahi para paraga. Perjuwangan paraga ingkang pados piwulang- piwulang otentik minangka perjuwangan Suparto Brata kaliyan kelompokipun ingkang wonten satengahing kawontenan sosialing donya ingkang piwulang- piwulang kamanungsanipun sampun terdegradasi. Panaliten ingkang dipuntindakaken Hendi Widyatmoko ingkang ira- irahanipun “Kajian Strukturalisme Genetik Novel Nopember Abang karya Suparto Brata” ugi ngginakaken teori strukturalisme genetik. 1 Fakta cerita saha tema salebeting novel Nopember Abang nggambaraken kawontenan sosial ingkang kadadosan ing Surabaya rikala wulan November 1945. 2 Latar belakang sejarah ingkang nglairaken novel Nopember Abang inggih menika prastawa pertempuran 10 Nopember ing Surabaya rikala taun 1945. 3 Pandangan dunia panganggit salebeting novel Nopember Abang inggih menika rela berkorban, nasionalisme, ikhtiar, duka dhateng penghinaan, 29 takut ancaman. 4 Gayutan antawisipun fakta cerita saha tema kaliyan pandangan dunia panganggit katingal saking gambaran alur saha latar ingkang dipunlampahi paraga hero problematik. Kalih panaliten kalawau sami kaliyan panaliten menika, inggih menika ngginakaken pendekatan strukturalisme genetik. Bedanipun, panaliten menika fokus ing fakta cerita saha pandangan dunia panganggit, saha data panalitenipun inggih menika novel Jemini anggitanipun Suparto Brata. Panaliten ingkang dipuntindakaken Aziz Abdullah saha Hendi Widyatmoko nedahaken bilih panaliten dhateng novel Jemini mawi teori strukturalisme genetik dereng nate dipuntindakaken, saengga saged dipuntliti ngginakaken teori kasebut.