Jinising Panaliten Data saha Sumbering Data

32 kapustakan inggih dipunginakaken kangge ngempalaken pangertosan ngengingi pandangan dunia Suparto Brata.

D. Piranti Panaliten

Piranti wonten panaliten inggih menika kertu data kangge nggampilaken panaliti minangka ingkang nindakaken panaliten. Pradopo, dkk. 2001: 16 ngandharaken pangertosan babagan bahan ingkang badhe dipuntliti nedahaken pangertosan saha setitinipun panaliti tumrap asilipun panaliten. Saking maos saha pengamatan panaliti dhateng subjek panaliten, saged pikantuk data-data ingkang dipunginakaken ing panaliten. Data kasebut lajeng dipunserat wonten ing kertu data. Kertu data dipunginakaken kangge nggampilaken panaliti saengga panaliten saged dipuntindakaken kanthi sistematis. Data-data ingkang sampun wonten, salajengipun dipunkelompokaken miturut kriteria ingkang trep kaliyan prakawis ingkang dipuntliti kangge nggampilaken analisis saha pirembagan panaliten. Tuladha Kertu Data Fakta Cerita Novel Jemini Tuladha Tabel Fakta Cerita arupi Wataking Paraga wonten ing Novel Jemini No Nama Paraga Watak Indikator Data 1. Jemini Bandhel .....“Stt, embuh Bocah kok bandele eram Pantes-pantese rak cah lanang sing mbandele kaya kowe ngono kuwi, Jem” 5 No Kutipan saking Novel Kaca Katrangan 1. Jemini banjur engkle suwe, mlaku sikil siji, ora tumuju Pasar Turi kaya pakone emake, nanging menggok menyang Stadstuin, gedhong gedhe asal swarane musik. 2 Latar Papan 33 Tuladha Tabel Fakta Cerita arupi Latar wonten ing novel Jemini No Latar Katrangan Indikator Data 1. Wekdal 31 Agustus .....marga esuk tanggal 31 Agustus, dina wetone Ratu Wilhelmina, serdhadhu kumpeni arep nganakake parade..... 94 Tuladha Tabel Fakta Cerita arupi Alur wonten ing novel Jemini No Tahap Alur Katrangan Kaca 1. Penyituasian Rikala dolanan kopyok, Jemini priksa menawi badhe dipundhaupaken kaliyan Urip. Bab dhaup menika dipunmangertosi Jemini saking Parni. Parni kandha bilih Jemini badhe dipunkramakaken kalih minggu malih. Jemini kaget, piyambakipun boten ngira menawi tiyang sepuhipun tumindak mekaten. Kanca-kancanipun sami nyuraki, Jemini wangsul sinambi sesenggukan nangis. Jemini kapeksa nyaguhi menapa ingkang dados kajengipun tiyang sepuh, inggih menika nikah kaliyan Urip ...... 53, 54 Tuladha Tabel Gegambaran Latar Belakang Sejarah wonten ing Novel Jemini No Latar Sosial Kaca Indikator Aspek Sejarah 1. Perekrutan Serdhadhu Kumpeni 12 Wong Jawa tulen dadi serdhadhu kumpeni duwe pangkat dhuwur, bisa basa Landa cas-cis- cus. Kuwi sing oleh manggon ing omah loji ing Kampung Landa. Warsa 1836 – 1898, perekrutan serdhadhu pribumi dados serdhadhu kumpeni supados masarakat pribumi boten mbalela saha temtunipun angsal upah. Baay, 2011: 93