Cara Ngempalaken Data CARA PANALITEN

33 Tuladha Tabel Fakta Cerita arupi Latar wonten ing novel Jemini No Latar Katrangan Indikator Data 1. Wekdal 31 Agustus .....marga esuk tanggal 31 Agustus, dina wetone Ratu Wilhelmina, serdhadhu kumpeni arep nganakake parade..... 94 Tuladha Tabel Fakta Cerita arupi Alur wonten ing novel Jemini No Tahap Alur Katrangan Kaca 1. Penyituasian Rikala dolanan kopyok, Jemini priksa menawi badhe dipundhaupaken kaliyan Urip. Bab dhaup menika dipunmangertosi Jemini saking Parni. Parni kandha bilih Jemini badhe dipunkramakaken kalih minggu malih. Jemini kaget, piyambakipun boten ngira menawi tiyang sepuhipun tumindak mekaten. Kanca-kancanipun sami nyuraki, Jemini wangsul sinambi sesenggukan nangis. Jemini kapeksa nyaguhi menapa ingkang dados kajengipun tiyang sepuh, inggih menika nikah kaliyan Urip ...... 53, 54 Tuladha Tabel Gegambaran Latar Belakang Sejarah wonten ing Novel Jemini No Latar Sosial Kaca Indikator Aspek Sejarah 1. Perekrutan Serdhadhu Kumpeni 12 Wong Jawa tulen dadi serdhadhu kumpeni duwe pangkat dhuwur, bisa basa Landa cas-cis- cus. Kuwi sing oleh manggon ing omah loji ing Kampung Landa. Warsa 1836 – 1898, perekrutan serdhadhu pribumi dados serdhadhu kumpeni supados masarakat pribumi boten mbalela saha temtunipun angsal upah. Baay, 2011: 93 34 Tuladha Tabel Pandangan Dunia Suparto Brata wonten ing Novel Jemini No Fakta Cerita Latar Belakang Sosial Latar Belakang Panganggit Pandangan Dunia Suparto Brata No Data 1. Paraga: Jemini Latar: Kawonten an masarakat pribumi nalika pembentuk an tentara KNIL Alur: Progresif Perkawinan campur rikala abad antawisipun pegawai kumpeni kaliyan wanita pribumi saha perekrutan masarakat pribumi dados serdhadhu kumpeni Pitepanganip un kaliyan wartawan kalawarti, ndadosaken panjenengani pun dipuntawani ngurus penerbitan majalah Gapura http:supart obrata.blogsp ot.com Suparto Brata paring kalih pandangan sikap ing tradhisi nikah peksan inggih menika manut saha mbalela. sejatosipun Jemini boten remen nglampahi bab nikah peksan menika. 55, 79, 83, 84

E. Cara Nganalisis Data

Cara nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten strukturalisme genetik inggih menika model dialektik Endraswara, 2011: 61. Cara dialektik wonten ing strukturalisme genetik dipunginakaken wonten ing panaliten sastra kangge medalaken asal-usul ingkang arupi pandangan dunia panganggit kanthi struktur intrinsik ingkang mbangun karya sastra saha struktur ekstrinsik ingkang dados dhasar tuwuhipun karya sastra menika. Saking andharan menika, dados wonten ing panaliten menika nganalisis perangan saking novel, inggih menika unsur intrinsik ingkang wonten ing sajroning novel saha unsur ekstrinsik ingkang dados dhasaring tuwuhipun novel menika. Data ingkang sampun dipunpendhet kanthi cara nyerat data salajengipun dipunidentifikasi miturut kategori ingkang sampun dipuntemtokaken,