Piranti Panaliten CARA PANALITEN

34 Tuladha Tabel Pandangan Dunia Suparto Brata wonten ing Novel Jemini No Fakta Cerita Latar Belakang Sosial Latar Belakang Panganggit Pandangan Dunia Suparto Brata No Data 1. Paraga: Jemini Latar: Kawonten an masarakat pribumi nalika pembentuk an tentara KNIL Alur: Progresif Perkawinan campur rikala abad antawisipun pegawai kumpeni kaliyan wanita pribumi saha perekrutan masarakat pribumi dados serdhadhu kumpeni Pitepanganip un kaliyan wartawan kalawarti, ndadosaken panjenengani pun dipuntawani ngurus penerbitan majalah Gapura http:supart obrata.blogsp ot.com Suparto Brata paring kalih pandangan sikap ing tradhisi nikah peksan inggih menika manut saha mbalela. sejatosipun Jemini boten remen nglampahi bab nikah peksan menika. 55, 79, 83, 84

E. Cara Nganalisis Data

Cara nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten strukturalisme genetik inggih menika model dialektik Endraswara, 2011: 61. Cara dialektik wonten ing strukturalisme genetik dipunginakaken wonten ing panaliten sastra kangge medalaken asal-usul ingkang arupi pandangan dunia panganggit kanthi struktur intrinsik ingkang mbangun karya sastra saha struktur ekstrinsik ingkang dados dhasar tuwuhipun karya sastra menika. Saking andharan menika, dados wonten ing panaliten menika nganalisis perangan saking novel, inggih menika unsur intrinsik ingkang wonten ing sajroning novel saha unsur ekstrinsik ingkang dados dhasaring tuwuhipun novel menika. Data ingkang sampun dipunpendhet kanthi cara nyerat data salajengipun dipunidentifikasi miturut kategori ingkang sampun dipuntemtokaken, 35 salajengipun dipuntafsiraken maknanipun kanthi cara nggayutaken antawisipun data kaliyan prakawisipun. Salajengipun asil saking tafsiran pandangan dunia saha struktur sosial historis dipunginakaken kangge mangertosi malih struktur novel Jemini. Miturut Pradopo, dkk 2001: 61 lampahan panaliten mawi cara strukturalisme genetik saged dipuntindakaken kados mekaten: 1. Panaliten kedah dipunwiwiti saking kajian unsur intrinsik sastra ingkang arupi fakta cerita wonten ing salebeting novel ingkang gayut kaliyan data ingkang sampun dipunserat, 2. Mengkaji latar belakang sosial panganggit, amarga panganggit minangka perangan saking masarakat tartamtu, 3. Mengkaji latar belakang sosial saha sejarah ingkang dipunginakaken panganggit kangge nuwuhaken karya sastra. Saking tigang lampahan menika saged dipunmangertosi bilih pandangan dunia panganggit gayut kaliyan fakta cerita, latar belakang panganggit, saha latar belakang sejarah.

F. Cara Ngesahaken Data

Validitas ing panaliten menika ngginakaken validitas semantis. Ginanipun validitas menika kangge mangertosi tingkat kesensitifan makna simbolik ingkang gayut kaliyan konteks ingkang badhe dipunanalisis Endraswara, 2011: 164. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika intrarater saha interrater. Reliabilitas intrarater inggih menika mawi cara maos novel Jemini 36 dipuntindakaken kanthi dipunambalisaengga data ingkang sampun wonten boten ewah. Wondene reliabilitas interrater inggih menika dipuntindakaken kanthi cara konsultasi dhateng dosen pembimbing. Tuladha anggenipun ngesahaken data mawi validitas semantis kados ing ngandhap menika. “Jajan maneh? O, dhapurmu Mau rak wis entek gethuk rong wungkus esuk-esuk? Saiki jajan maneh? Weteng apa kowe iki? Kowe mbesuk ki dadi apa, ta, Jem? Bocah kok olehe ngluthis” 5 Nalika dipunjiwit Jemini boten nangis, namung ngendika bilih menawi mangke wentisipun medal rahipun malih kados pundi. Emakipun mangertosi babagan menika, dipunpenggalihi menawi Jemini menika sampun kenya. Jemini wangsulan bilih kenya menika kados pundi. Emak tambah mangkel, amargi Jemini wangsulan saha langkung milih dados tiyang jaler tinimbang tiyang estri. Bab kasebut saged katingal saking pethikaning ngandhap menika. “Prawan ki yok apa, se, Mak?” ‘Stt, embuh Bocah kok bandele eram Pantes-pantese rak cah lanang sing mbandele kaya kowe ngono kuwi, Jem” “Iya, Mak. Seneng lek aku dadi arek lanang. Nontok jesben gak disengkang-sengkang mbarek arek lanang liyane Enak, arek lanang Gak tau dikongkon tuku miri apa laos” “Huss” 6 Data-data ing nginggil kalebet watakipun paragatama Jemini. Data menika dipunpendhet amargi nedahaken watakipun Jemini inggih menika bandel. Data 5 nedahaken watak Jemini kanthi andharan boten langsung utawi katrangan saking panganggit. Wondene data 6 menika nedahaken watak Jemini kanthi andharan langsung utawi saged dipunmangertosi saking pawicantenan