14
dipunginakaken namung wonten ing karya sastra ingkang ageng. Bab menika ndadosaken prakawis, inggih menika dipunwatesi anggenipun ngginakaken
teori menika. Gayut kaliyan wontenipun sarat ingkang dipunandharaken dening
Goldmann menika, Endraswara 2011: 60 paring panyaruwe bilih karya sastra ageng ingkang dipunanalisis kanthi teori strukturalisme genetik menika
saged dipunpinggiraken rumiyin. Wedharan menika dipundhasari amargi karya sastra saged dipunsebut ageng nalika sampun kathah ingkang dipunteliti
dening para ahli. Langkung pangertosan strukturalisme genetik saged dipunginakaken wonten ing saben karya sastra ingkang awujud prosa kangge
medharaken asal-usuling pangriptan. Karya sastra menika gayut kaliyan masarakat saha sejarah ingkang
dados dhasar wontenipun karya sastra, nanging boten sedaya dipungayutaken kaliyan prakawis menika. Miturut Sayuti 2000: 61 dhasaring sejarah, jaman
saha sosial masarakat saged paring pangaribawanipun dhateng pangriptaning karya sastra. Bab menika sami kaliyan pamanggihipun Grebstein wonten ing
Damono, 1978: 4 bilih karya sastra boten sedaya saged dipunwastani gambaran kawontenan masarakat nalika karya sastra menika dipunserat.
Karya sastra boten saged dipunmangertosi kanthi wetah minangka dipunpisah saking pagesangan utawi kabudayan ingkang dados dhasar wontenipun karya
sastra menika. Saking andharan para ahli ing nginggil saged dipunpendhet dudutan
bilih strukturalisme genetik nganalisis karya sastra kanthi prakawis genetik
15
utawi asal-usuling karya sastra ingkang gayut kaliyan sosiologis historis ingkang dados dhasar tuwuhipun karya sastra menika saha kedah mirsani
unsur intrinsik ingkang awujud fakta cerita ingkang gayutanipun kaliyan strukturalisme genetik saking karya sastra menika.
4. Fakta Cerita
Wontenipun karya sastra boten saged dipunpisah saking unsur ekstrinsik ingkang dados dhasar tuwuhipun novel kalawau, satemah
antawisipun unsur intrinsik saha ekstrinsik dados unsur ingkang utami anggenipun nuwuhaken karya sastra. Anggenipun nyerat karya sastra
utaminipun ingkang awujud gancaran utawi prosa, panganggit kedah nggatosaken fakta cerita, sarana cariyos saha tema.
Stanton wonten ing Nurgiyantoro, 2010: 25 ngandharaken bilih unsur pengembang novel dipunperang dados tiga, inggih menika fakta cerita,
sarana cariyos, saha tema. Fakta cerita inggih wonten peranganipun kados dene paraga, latar, saha alur menawi sarana cariyos peranganipun inggih
menika irah-irahan, sudut pandang, gaya saha nada. Sedaya perangan wonten ing fakta cerita dipunrantam dados prastawa ingkang badhe dipuncariyosaken
wonten ing karya fiksi. Awit saking menika, wonten ing panaliten strukturalisme genetik
perangan saking unsur intrinsik ingkang dipunrembag namung ing babagan fakta cerita paraga, latar, saha alur. Saklajengipun badhe dipunandharaken
16
ngengingi fakta cerita ingkang wonten gayutanipun kaliyan panaliten struktur sosial ingkang dados lataripun.
a. Paraga
Wonten ing panaliten strukturalisme genetik paraga gadhah peran medalaken
pandangan dunia
panganggit. Sami
kaliyan ingkang
dipunandharaken dening Goldmann wonten ing Faruk, 1999: 17 ingkang ngandharaken bilih kupiya kangge nuwuhaken pandangan dunia menika
panganggit ngripta paraga-paraga, objek-objek, saha gayut kanthi cara imajiner. Saking andharan menika saged dipunmangertosi bilih gayutan
ingkang wonten antawisipun paraga kaliyan paraga, saha paraga kaliyan prakawis wonten ing pagesangan.
Saking andharan ing nginggil saged dipunpirsani bilih saking paraga- paraga wonten ing novel menika, pandangan dunia panganggit saha
kelompok sosialipun saged dipunmangertosi. Pandangan dunia menika saged dipunpirsani saking karakter, tumindak, saha penggalih-penggalih paraga
wonten ing novel kaliyan prakawis-prakawis ingkang dipunlampahi. Karakter saking paraga saged medal menawi paraga menika wonten interaksi kaliyan
paraga sanesipun utawi pagesangan wonten ing novel menika. Paraga inggih menika tiyang ingkang dipuntuwuhaken wonten ing
karya naratif utawi drama ingkang dening pamaos dipuntegesi gadhah peran sami kaliyan tiyang wonten ing donya ingkang saged dipunmangertosi wonten
ing wicantenan saha tindak tanduk paraga wonten ing karya sastra Abraham wonten ing Nurgiyantoro, 2010: 165. Awit saking menika, wonten ing
17
panaliten strukturalisme genetik, paraga dados perangan ingkang ewet ingkang saged dados sarana kangge nggambaraken pandangan dunia
panganggit. Paraga ingkang dados sarana kangge nggambaraken pandangan dunia
panganggit kedah dipunpenggalih. Tegesipun, gayut kaliyan strukturalisme genetik anggenipun nemtokaken paraga langkung saenipun paraga ingkang
gadhah prakawisingkang dipungayutaken kaliyan kawontenan sosial, satemah paraga kalawau gadhah kupiya kangge nggayuh piwulang wonten ing
masarakat. Sami kaliyan pamanggihipun Goldmann wonten ing Faruk, 1999: 18 ingkang paring winates bilih wonten ing novel ingkang paraganipun
gadhah prakawis menika nglampahi kawontenan sosial ingkang awon saha gadhah kupiya kangge nggayuh piwulang ingkang sahih.
Cara kangge nganalisis strukturalisme genetik ingkang utama inggih menika madosi paraga utama minangka hero problematik. Miturut Sayuti
2000: 74 paraga utama saged dipuntemtokaken kanthi tigang cara. Sepisan, paraga menika ingkang kathah gayutanipun kaliyan tema. Kalih, paraga
menika ingkang asring gayut kaliyan paraga sanesipun. Tiga, paraga menika ingkang asring dipuncariyosaken wonten ing novel.
b. Latar
Latar minangka perangan saking karya fiksi ingkang nedahaken wonten ing pundi saha kapan kadadosan wonten ing cariyos kalampahan
Sayuti, 2000: 126. Dados, latar menika saged nggambaraken papan ingkang dados bahan kangge panaliten, wekdal ingkang saged nedahaken petangan