Neping rasa kang kaèsthi Tan kabranang watak murka Patitising lakunira Waskithèng lampahirèki Poma praya sabar drana Antèr pamikir sayekti Lantip ngudhari ruhara Nyimpang sawarnining sisip Miyat paékaning liyan Nora kadereng ing kingkin Aywa ngrèmèhken sa

AAK Culture Libray 14 www.alangalangkumitir.wordpress.com Janma tan kena ingina Tinitah nut pepancèné Ajènana lir Hyang Suksma Supayantuk nugraha Tinebih manah adigung Andhap-asor lembah nala

82. Raos asih myang premati Sumrambah sagung tumitah

Rinumat mrih lestariné Samukawis jro bawana Wus patitis tinata Pangwasané Hyang Ma Agung Rumeksa kanthi samekta

83. Mula hèh titahing Widi Aywa nuruti angkara

Mbujung senengira kiyé Nging nglirwakaken pranata Mung mburu rèh hardanta Nilar waskithaning kalbu Supé wisiking Hyang Suksma 84. Rasajati wèh pawerti Myang sujanma kang rumangsa Butuh wruh mring kajatiné Murih tumanggap ing rasa Rasanta mèt raharja Raharjaning sanggya manu Nurutana nering rasa

85. Neping rasa kang kaèsthi Tan kabranang watak murka

Nora rongèh pangrasané Anteng manekung jatmika Temah tanggap sasmita Dyan ringkih pinaring surup Mungguh werdi kang utama 86. Sarpa kresna sekul gurih Wreksa rekta pahit wohnya Namung semanten gaduké Lamun tan tebih tebanya Ywa maoni kéwala Pupus asem tibèng laku Sinom jumangkahing lana S I N O M AAK Culture Libray 15 www.alangalangkumitir.wordpress.com

87. Patitising lakunira Waskithèng lampahirèki

Samubarang pinikirna Tan grusa-grusu sayekti Tinimbang kang taliti Tumindak tan kumawantun Angger purun lan sagah Tan wurung wekasan tuni Mangka getun keduwung nora piguna 88. Lamun sira darbya sedya Ywa kadereng hardanèki Lumuh aglis kalakyanta Lupa daksina myang paksi Tan wruh jantraning margi Ngangsa lir wataking diyu Luhung ris linimbanga Mirid kaoting tyasrèki Jinumbuhna klawan sanggya kawikanta

89. Poma praya sabar drana Antèr pamikir sayekti

Sélak kabrananging rana Paribaya dèn adhepi Kanthi sarèh premati Tan mingkuh kèhing pakéwuh Nyidhem mulading rudra Waspaos sajroning kapti Sanggya gati tinuntas kanthi waskitha

90. Lantip ngudhari ruhara Nyimpang sawarnining sisip

Pramana milah prakara Tan worsuh cinampur sami Wijang jroning pambudi Dèn lusi lir lawé kusut Ingijir temah cetha Gampil rampung kanthi rampit Sanggya karya tan bingung mbebidhung nala

91. Miyat paékaning liyan Nora kadereng ing kingkin

Lir mulat lèsing warastra Waspaos graitèng budi Tumindak ngati-ati Ywa gampil pracayèng rungrum Pranyana dèn landhepna Dimèn trawaca ing gati Temah titis luput saking sandi kala AAK Culture Libray 16 www.alangalangkumitir.wordpress.com

92. Aywa ngrèmèhken sasama Drajat semat donya arti

Kabisan wah kagunannya Myang agal-alusing budi Angèl yèn dèn jajagi Sring nyolong pethèk sadarum Luhung yèn dèn anggepa Samukawis anglangkungi Luwih begja tan kecélik ing panduga

93. Watak umbag sesongaran Rumaos wasis nglangkungi