Among wantu marmané trep traping laku Raras yèn rinasa Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk Jumbuh myang kahanan Aja tambuh waspadakna amrih weruh Sabarang kang makna Budi sadu katitik sajroning laku Patrap kang utama Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut U

AAK Culture Libray 26 www.alangalangkumitir.wordpress.com Ngrerantam kang mbilaèni Pilangbara meleng maring rèh utama

157. Nering kalbu prenahna tan nganti kliru Mikir kang prayoga

Pijinen barang kang èdi Tumusira raras rerem jro wardaya

158. Among wantu marmané trep traping laku Raras yèn rinasa

Éndah kalamun kaèksi Samudaya badhé tansah nuju prana

159. Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk Jumbuh myang kahanan

Sarwa-sarwi katon pèni Kawistara titis lantip olah kridha

160. Aja tambuh waspadakna amrih weruh Sabarang kang makna

Pilihen ingkang taliti Singkirana apus kramaning panggodha

161. Budi sadu katitik sajroning laku Patrap kang utama

Iku cihnaning pangerti Piniliha mawèh harjanta nugraha

162. Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut Uning mring karsanta

Tan mbadal sagung karsèki Lega-lila kéntar nut ing sapangrèhNya

163. Yèn pinesu jiwa raga myang bebayu Bisa dinayanan

Ing panguwaosing Bathari Pinaringan aji jaya kawijayan

164. Kang dèn bujung sanès atosing bebalung Miwah wuletira

Kulit daging amrih sekti Paribasan tan tedhas lamun jinara

165. Bisa larut nyawiji kumepyur pulut Kalayan Hyang Suksma

Tan ana ginggang samreki Satindaknya namung nut ingkang pinancya

166. Tan kumrungsung kasesa dadya linangkung mBebujung karosan

AAK Culture Libray 27 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi Yèn mangkana sumimpang kesasar marga

167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh Ura ngambra-ambra

Pangèsthiné salah dadi Kawruh mentah datan éca dipun tedha

168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu Éman dèn tilarna

Milaur dipun prasudi Dèn èstokna dadya darma kang utama D U R M A

169. Apa baya wewarah kang kaping astha Brataning wong nenepi

Laku angupaya Mustikaning manuswa Supados amunpangati Ing samudaya Ywa muspra tanpa werdi 170. Atetarak tan muhung ing kalairan Cegah dhahar lan guling Pasa lan aderma Tlatèn maring agama Nging ati tan dèn rawati Pan nora tanja Sami kadi tyang pingging

171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan Kaya tan ana malih