Nadyan akèh wong mastani pingging Kanthi ilmu èsem kang katartya

AAK Culture Libray 2 www.alangalangkumitir.wordpress.com DHANDHANGGULA

5. Kawignyané wong urip puniki Yèn datan wruh sapuluh prakara

Nistha kuciwa dadiné Dhihin karem ing ngèlmu Kaping kalih bisa njinarwi Ping tiga bisa maca Mring lampahing kayun Catur tanggap maring rasa Panca laku kang aris lawan patitis Sat sarèh lan samadya

6. Sapta tuhu uning mangénjali Astha brata tarak durlaksana

Tebih saking lampah séjé Dé kaping nawanipun Olah suksma bekti mring Gusti Asih maring sasama Kamot jroning kalbu Dasa pasrah myang sumarah Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi Patitis ing kamuksan

7. Mangkya kiyé babaring pamardi Kang jinarwa nut gaduking nala

Ngèsthi ana pigunané Karem ngèlmu puniku Ibaraté sangsam kang salit Ngupaya toya gesang Datan kendhatipun Dyan kudu minggaha arda Tumuruna mring jurang paparang curi Tetep dipun upaya

8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis Datan kena pinisah-pisaha

Saking siji lan sijiné Pratama nami ilmu Kanthi jarwa sarwi pangerti Mring sagung kasunyatan Sempuluring umur Minangka sanguning lana Lelananing wong urip ing alam mangkin Ywa nganti tan jinangka

9. Nadyan akèh wong mastani pingging Kanthi ilmu èsem kang katartya

Nora gampang kabrangasé Dé darbya sangu cukup Kanggé olah lakuning dhiri Isarating agesang Datan badhé wurung AAK Culture Libray 3 www.alangalangkumitir.wordpress.com Pan ginayuh samangsanya Dèn butuhken nora bakal nguciwani Temah ayem ing driya 10. Boten namung kasunyatan èlmi Nanging nenggih wruh jatining sila Trapsilaning titah dhaté Ngerti tataning laku Lelakoné kang sarwi perti Permati datan gampang Kapéncut ing semu Giri-godha mawa wisa Wisunané wasana ambabar tuni Keduwung nora guna 11. Yekti sanggya tumitah sadyèki Pinaringan warah kang utama Endi bener lan luputé Ing salebeting kalbu Temah bisa sinaring sami Tan meleng mring kang ala Miling myang kang luhur Leluhuring bebudènnya Dèn leluri temahan manggih basuki Ngerti nering Hyang Suksma 12. Bebener kang sirik tindak juti Hyang Ma Agung wus amaringana Ya ing lathinira kiyé Tan cukup mung ingemut Nanging swawi dèn udanèni Supaya tinuturna Mring kang tindak luput Ywa ajrih sung pariwara Wiwarané bebener wiwit ing nguni Nulad maring Hyang Suksma 13. Kawruh mungguh bab bebener ugi Rinaketken jroning angganira Supaya glis kalairé Mung muni nora cukup Lamun datan bisa nglampahi Ywa kongsi kadya ditya Tan wruh rasa saru Surasané sarak rasa Datan nganggo rinasa-rasa kaèsthi Pan dadi kadhodhoran 14. Pan lakunira sadarum iki Hyang Suksma mesthi datan kèweran Ana ing ngendi jluntrungé AAK Culture Libray 4 www.alangalangkumitir.wordpress.com Kang iku sembah kalbu Nenalesi kèhing semèdi Wutuhing pancadriya Geleng gilig sèstu Mung meleng lenging Hanindha Sagung karya pinisungsung mring Hyang Widi Mrih mulyaning asmaNya 15. Kapindhoné kang winastan ngèlmi Iku nyakep trap ing lakunira Tan mandheg ing pangertosé Kanthi ilmu karuhun Jalma kudu bisa métani Endi laku kang nistha Miwah kang tan patut Siningkirana sadaya Kang piniji prakara kang bener kaki Trep traping rèh sampurna 16. Lamun sira, wruh jatining hagni Awewatak panas lir baskara Iya mangkono wujudé Yèn dèn gunakken cukup Kagunané pan munpangati Lamun kaladuk ndadra Mrabawani layu Ya mangkono ilmunira Ingecakna jumbuh klawan butuhrèki Empan papan samadya 17. Ngèlmu bener pepindhané rukmi Yèn binesot ngungkuli salaka Saya katon prabawané Déné cak-cakanipun Sineksènan sagung sujalmi Dadi tepa tuladha Ing salampahipun Dyan tan golèk pangastawa Prastawané sumunar-sunar madhangi Tumus harjaning janma 18. Ilmu uga nyakup kang puniki Uninga sangkan-paraning jalma Tan liya mung Pangérané Kang iku mung mituhu Sembah raga suksma myang ati Kanthi srah lan sumarah Sembah sujudipun Datan nyingkur pangwasa-Nya Kanthi setya ngabekti kang Maha Suci Kang ngruwat dosanira AAK Culture Libray 5 www.alangalangkumitir.wordpress.com

19. Pan tumanduk winedhar sadyèki Tresna-asih gung sapadha-padha