Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan Nyalad adrenging karsi Wit hartaka asih darma waged musna Tegel maring pepati Lamun donya dadya punjer atinira Sinembah kadya Gusti Yèn ketaman branta ngempalaken brana Wuru tetandho rukmi Poma-poma aywa tilar kautama

AAK Culture Libray 29 www.alangalangkumitir.wordpress.com Lalis datanpa werdi 180. Muja tapa atetarak durlaksana Mungkurken sagung yogi Meleng ing karsanta Manekung pancadriya Manunggil karsèng Hyang Widi Mat kautaman Mulung myang kang pinanci

181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa Nilarna watak dhiri

Milaur prasaja Tan ngendhakken sasama Nyingkiri tumindak sisip Wisésanira Nora kanggé ngakali 182. Tinahena salir pikir tan pakena Miwah sir kang nalisir Poma dèn cegaha Ywa jinarken ngrembaka Yèn kadhung amemalahi Tan gampil mendha Lir nyirep bagaspati

183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan Nyalad adrenging karsi

Tan ana warana Nyenyingget krodhanira Temah alepas kendhali Binandhang tebya Sir wangsul datan wani 184. Donya brana myang arta asring misésa Ngrèh manu dados abdi Lamun dèn turuta mBebudhak sakarepnya Ngicalken prayitnèng budi Dadya kethaha Lingsem tinilar sami

185. Wit hartaka asih darma waged musna Tegel maring pepati

Pitenah deksura Paéka masang kala Wus tan ngéman sapadhèki Uger panjangka Kasil ginayuh yekti 186. Ya mangkana watak winengku kamurkan AAK Culture Libray 30 www.alangalangkumitir.wordpress.com Gegyan kang dèn ugemi Tan sipat prawira Lumuh wyataning dwija Pepoyan kang dèn antepi Langkung kuncara Mimpang wang kawon janmi

187. Lamun donya dadya punjer atinira Sinembah kadya Gusti

Wlasarsa pan muspra Asih nora kadarbya Tegel roganing sesami Lampah daksiya Nguber mulyaning dhiri 188. Datan lepat wasitaning Hyang Indriya Paring tuduh mring janmi Kacaryan hartana Wewijining candhala Damel risaking pamardi Pan dadya ura Jugar tatanirèki

189. Yèn ketaman branta ngempalaken brana Wuru tetandho rukmi

Angles wit kasmaran Kasulistyaning sandhangan Supé myang leresing margi Dadya kantaka Lamun panggayuh tuni 190. Samubarang kaudi cekap samurwat Dé pikantuk nglangkungi Swawi tinampia Nugrahaning Jawata Loma lila mitulungi Kang kacingkrangan Ywa nyimpen manah cethil

191. Poma-poma aywa tilar kautaman Nggegulang sasmitadi

Dohna kadurjanan Temen rèh kaprawiran Tinangsulan ing tyasrèki Aywa dèn culna Bundhelen kang permati 192. Aywa nyimpang dedalan maring pepadhang Dyan ciyut sukar rumpil Dipun tlatènana Kinanthèn sabar drana AAK Culture Libray 31 www.alangalangkumitir.wordpress.com Supayantuk kang kaèsthi Mrih tan kuciwa Pinegat tan wruh margi MEGATRUH

193. Marma iki kaping nawaning pepacuh Mirid wedhar rasa jati