Mbabar pangerti puniku Tan kanthi durgamèng dhiri Nora namung manut umur Nanging meneping tyasrèki Nanging lamun tansah ngugung Pepénginan daging kaki Rasajati legeg lamun Ciptané pan dèn udhari Wisiking Hyang marang ulun Maca lampahing kayun Aywa namung

AAK Culture Libray 6 www.alangalangkumitir.wordpress.com Pakaryaning bangsa makna Maknané dipun udhari Tinandur thukul ngrembaka Tundhoné dadya basuki

24. Piguna padhanirèku Lamun dèn tuturna kaki

Winulangken gung sujalma Panjalmaning Suksma Jati Kang tinitah dadya duta Dinuta lampah tetèki

25. Wedharing ngèlmu satuhu Sinartan meneping ati

Tinutur kanthi tuladha Waskitha wisiking gaib Dadi paran pitakonan Wèh resep mring sapadhèki

26. Nadyan tan rumangsa unggul Ngungkuli kèhing sesami

Nanging marga olah rasa Rasajati wèh pawerti Rasanta antuk nugraha Nugrahanirèng Hyang Widi

27. Mbabar pangerti puniku Tan kanthi durgamèng dhiri

Mung mirid wisiking suksma Suksmané menep ing sepi Tan nyahak mring kang Ma Kwasa Nilingken karsaning Widi

28. Nora namung manut umur Nanging meneping tyasrèki

Nebihi hardaning hawa Tundhoné waskithèng gati Pinareng sihing Bathara Mulat kang sinengker sami

29. Nanging lamun tansah ngugung Pepénginan daging kaki

Tyas tinutup ing ruhara Tan wruh pituduh sayekti Apa manèh mbabar jarwa Mokal kalamun kuwawi

30. Rasajati legeg lamun Ciptané pan dèn udhari

Yekti tebih wangenira Mbabar sengkeraning Widi Rumasa yèn tan gaduka Prandéné mosik ing ati

31. Wisiking Hyang marang ulun

AAK Culture Libray 7 www.alangalangkumitir.wordpress.com Tan padha ciptanirèki Klawan ciptaning-Sun iya Lir bumi kalawan langit Kadya kulon klawan wétan Mokal kalamun pinanggih 32. Nanging Rasajati luhung Sira tumungkul ing bumi Ywa alit ing manahira Mara Sun paring pangerti Wacanen Kitab Waluya Bakal ntuk ngèlmu jinarwi 33. Mula dhuh sasaminingsun Jarwané ngèlmu sayekti Mung pinanggya anèng sabda Sabdané Kang Maha Suci Pan iku tinlatènana Supayantuk werdi jati 34. Lumintir lir tèsing ranu Lumintu tan kendhat yekti Madya lelananing rasa Rumesep asepé nuli Gya winedhar jroning nala Dadya wruh dununging kikis 35. Aywa kendhat dipun luru Nenuwun ing siyang-ratri Pinaringan kasagedan nJinarwa karsèng Hyang Widi Dyan sapangu gesangira Piguna harjaning jalmi 36. Rasajati gya tumungkul Rumangsa mlarating budi Krenteg nggenturken tapanya Dyan émut ringkihing dhiri Pangajab mbirat papanya Nggambuh nugrahaning Widi G A M B U H

37. Maca lampahing kayun Aywa namung kayungyun ing tembung

Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu Pan ngerti sajroning batos 38. Tan samar ing sasamun AAK Culture Libray 8 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nadyanta tan kalair ing wuwus Wasis mawas sabarang kahanan jati Waskithèng wataking diyu Sumirih miwah waspaos

39. Yèn kalépyan ing kalbu Datan awas waspadèng pandulu