Dyan pinitenah ing liyan Nora males sagung piawon sami Tembung cidra siningkiran Ukaranta pepisuh dipun sirik Ywa macangkrama piala Sagung laku tinebih saking tapi Ngraosna sagunging rasa Mung kéwala samadya angresepi Déné kosok-wangsulira Lamun sengit ge

AAK Culture Libray 20 www.alangalangkumitir.wordpress.com Sanggya reruweting laku Dèn dhepi kanthi bingah Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu Dadya daya kang santosa Piguna temah ngrampungi 112. Pamikir aywa dèn peksa Anglangkungi murwating nalarèki Kamot kinemat pan saguh Momot sagung ruhara Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh Kanthi sarèh dipun sangga Ènthèng jro nalar lan budi

113. Lamun kamu ngangsa-angsa Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani

Nguntar-untar hardanipun Nanging ingkang jinangka Nora netes kang pinanggih namung lempung Kacaryan datan kaduman Wasna kuciwa hudmani 114. Nora waspadèng wisata Datan mulur agé-agé mrepegi Dhawah wisayaning satru Jiniret tanpa daya Gung prayogi manah sarèh dipun émut Wikan dhumateng wasyasat Wismaya mamrih basuki

115. Pamikir ingkang kabranang Sring akarya pikurihaning sami

Luhung pakeken kang agung Sesumber king Hyang Suksma Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu Nenuntun gesang pakena Nugraha mangrèh hastuti 116. Tembung sarèh dèn kekuca Aywa kongsi nengenken waton muni Tan karya tabeting tatu Manjing tumrah gung jalma Dèn upaya ukara marganing sarju Sirna sedyaning sulaya Pan ayem tentrem piniji

117. Dyan pinitenah ing liyan Nora males sagung piawon sami

Tinampi éklas tan rengu Sak serik kang akarya Pinujèkna dimèn tebih king bebendu AAK Culture Libray 21 www.alangalangkumitir.wordpress.com Uning maring kaleresan Tuk pitedahing Hyang Widi

118. Tembung cidra siningkiran Ukaranta pepisuh dipun sirik

Kang temen miwah kang burus Tumus dugèng wardaya Pangèsthinya bebener ingkang tinuju Sanggya prasida tinampa Kanthi puja pangastuti 119. Laku sarèh tan gegabah Gegondhélan mring gegyan wasitadi Gibanta tinrap kang patut Mirid rèhing Sampurna Histanira sumingkir saking bebendu Nging karya harjaning jalma Mrabawa hayuning bumi

120. Ywa macangkrama piala Sagung laku tinebih saking tapi

Sannya muhung tujèng luhur Angudi kasaénan Sabar sarèh kang lepat pinaring ampun Tinuntun mring kaleresan Raras sadarum kaèsthi 121. Lumaris pan sarwi mapan Nora waton sumanggem dèn antepi Cepet kalakyan binujung Tilar waspadèng gata Pikolèhé datan sanès raos getun Luhung tinata sedyanta Pinethik amigunani

122. Ngraosna sagunging rasa Mung kéwala samadya angresepi

Rasanta aywa kaladuk Yèn bungah ngélingana Kasusahan pan asring dugi nyenyaru Mangkono menawa béla Émut gambiraning ati 123. Senenga mring samubarang Waspadakna aywa sengsem kepati Supaya tan nganti wuru Nilarken kaprayitnan Damel lupa mring kautaman sadyèku Kapéncut nora rinasa Kalépyan ugi tan risi AAK Culture Libray 22 www.alangalangkumitir.wordpress.com

124. Déné kosok-wangsulira Lamun sengit gethingnya dèn watesi

Tan ngigit-igit linangkung Mrih tan niksa wardaya Pan mangsané mbutuhken tan wirang sinu Wolak-waliking gitaya Binenci pan dèn kangeni 125. Olah pikir pan samadya Tan pineksa lwih abot dèn momoti Wèh saharsa kang satuhu Sinèlèhna yèn awrat mBaka sithik wijang-wijang dipun rampung Angkaten ingkang kuwawa Temah wèt gesang puniki

126. Andon gita kang pasaja Nora medhar kandha datanpa werdi