Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu Gumelar kadya jaladri Ya kadyèki prana aywa gampil pugut Mupus kalamun ngadhepi Dèn tebihi watak mrahat péndah margu Sereng-buteng lir tyang pingging Rismarini pinanggya anèng Pukulun Tumrap kang maratuka Ji Kadya rawi

AAK Culture Libray 34 www.alangalangkumitir.wordpress.com Lila ngaksama atulus Seserik binuwang tebih Winengku sucining batos 218. Manah drengki tan winales dimèn tatu Nging binayar tindak becik Winungkus pangaksama gung Sinupèkna nadyan rungsit Pan mesgul datan sumiwo

219. Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu Gumelar kadya jaladri

Nadyan bengawan sadyèku Lumintir mili ngebeki Tan pisan-pisan arsa rob 220. Tanpa tepi nora jajag lebetipun Momot sagunging prakawis Sabarang kawrat tan mingkuh Rinendhem madyaning warih Nora nggresah datan kisroh

221. Ya kadyèki prana aywa gampil pugut Mupus kalamun ngadhepi

Bebahan awrat linangkung Lir langkap pinenthang tuni Lepat tan ngéntasken gatos 222. Angadhepi manéka trékahing manu Miwah wuwus kang nyakiti Pamigunanipun satru Pinggala pangucap rasmi Dharana rinaswa kamot

223. Dèn tebihi watak mrahat péndah margu Sereng-buteng lir tyang pingging

Dharaka sinantun puguh Murcita ingkang pinanggih Luhung matirta waspaos 224. Janma dhikih asring kathah godhanipun Tilar rasikaning ati Gung rusid minangka pangkur Tan panggah megeng karsèki Radyalpa ngengurung raos

225. Rismarini pinanggya anèng Pukulun Tumrap kang maratuka Ji

Kanthi tlatèn dèn maraup Pujinira ruma amrik Dadya pangabekti yektos AAK Culture Libray 35 www.alangalangkumitir.wordpress.com

226. Kadya rawi suka tuduh padhangipun Narbuka dhedheting ratri

Sanggya rastala mataun Trawaca tan ana kèri Makaten tiyang ngabektos 227. Ganaresi ingkang ajumeneng ratu Nggegurua pangrèh aji Taksaka lit wisa manjur Aywa sumelang tan dhaning Lir tatur kumambang abyor M A S K U M A M B A N G

228. Lhah puniki pawingkingipun pamardi Kang kaping sadasa

Jangkep piwucal utami Ywa nganti sinélakana

229. Pungun-pungun kalamun dèrèng udani Kuwatos miwah was

Tanpa kumandel ing Widi Nora wruh keplasing suksma

230. Titi wanci wangsul mring sangkanirèki Mesthi bakal teka

Nora kena dèn sélaki Poma tan miris ing nala

231. Yapwan janmi tan mawastu rèhing Gusti Yekti dadya susah