Mijil saking jro telenging kalbi Rasajati ingong Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos Kawignyané wong urip puniki Yèn datan wruh sapuluh prakara Sapta

AAK Culture Libray 1 www.alangalangkumitir.wordpress.com WEWARAHING KYAI RASAJATI P U R W A K A Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan. Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara. Mugi wonten pigunanipun. Kaanggit ing Jakarta Pungkasaning taun 1995 Rasajati M I J I L

1. Mijil saking jro telenging kalbi Rasajati ingong

Nilar rupeking buwana ramé Miyak rudatin lebeting batin Wineca king gaib Ngudhar wangsityèku

2. Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho

Jibeg bebeg ati kang mangkéné Nanging paksa mèt kapti kang hening Murih waged nampi Lumunturing wahyu

3. Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo

Pan manungsa pinasti ing tembé Lamun datan luwèh ing pamisik Wedharing pangerti Gumragèh ginayuh

4. Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos

Lumintir kadi tumètèsing wé Paring wuruk mring kang ngorong nampi Kadya kang jinarwi Dhandhanggendhis nèku AAK Culture Libray 2 www.alangalangkumitir.wordpress.com DHANDHANGGULA

5. Kawignyané wong urip puniki Yèn datan wruh sapuluh prakara

Nistha kuciwa dadiné Dhihin karem ing ngèlmu Kaping kalih bisa njinarwi Ping tiga bisa maca Mring lampahing kayun Catur tanggap maring rasa Panca laku kang aris lawan patitis Sat sarèh lan samadya

6. Sapta tuhu uning mangénjali Astha brata tarak durlaksana

Tebih saking lampah séjé Dé kaping nawanipun Olah suksma bekti mring Gusti Asih maring sasama Kamot jroning kalbu Dasa pasrah myang sumarah Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi Patitis ing kamuksan

7. Mangkya kiyé babaring pamardi Kang jinarwa nut gaduking nala

Ngèsthi ana pigunané Karem ngèlmu puniku Ibaraté sangsam kang salit Ngupaya toya gesang Datan kendhatipun Dyan kudu minggaha arda Tumuruna mring jurang paparang curi Tetep dipun upaya

8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis Datan kena pinisah-pisaha

Saking siji lan sijiné Pratama nami ilmu Kanthi jarwa sarwi pangerti Mring sagung kasunyatan Sempuluring umur Minangka sanguning lana Lelananing wong urip ing alam mangkin Ywa nganti tan jinangka

9. Nadyan akèh wong mastani pingging Kanthi ilmu èsem kang katartya