Jalma kang tanpa pangerti Tan naker kabisanira Rèhing rasa dèn resepi Nora samar werdining mar Rasa suka dèn watesi Mekak hawa aywa ngrebda Lamun tan waskithèng kalbi Rasanta gampil kagodha Begja janma kang patitis Ngrucat pepénginanira Kathah-kathahing p

AAK Culture Libray 11 www.alangalangkumitir.wordpress.com Seserepanira kiyé Kikuk-kidhung kang linakya Nora sumbut gunemnya Wusana jugar tan rampung Wirang mungguh rinasakna 63. Wruhanta manah kang pingging Rasa isin datan darbya Mung tembung wah pangudiné Dyan nora panggah ing karya Parandéné jumawa Tansah nggrangsang ciptanipun Ngangah-angah kadya ditya

64. Jalma kang tanpa pangerti Tan naker kabisanira

Adu wani piandelé Datan tanggap maring rasa Kang wèh wruh tatarannya Nunjang-palang tindakipun Numbuk-bentus nora tata 65. Mangkya jana sarjanadi Mulat dhiri tan durgama Ninggal sagung sembranané Mulur sempulur pangrasa Rasané sanggya rasa Sinipat jejering kayun Titis tetes temah tatas

66. Rèhing rasa dèn resepi Nora samar werdining mar

Marmané binabar kiyé Éndah èdi lir kartika Rinimat ing Hyang Suksma Mbabar waskithaning wiku Wikan jatining priyangga 67. Waskitha jatining dhiri Empan papan tumindaknya Éling wewates ugeré Nilingken sagung wewarah Pituduh myang pranatan Sirik cidra arsa unggul Nir sedya ala rinipta

68. Rasa suka dèn watesi Mekak hawa aywa ngrebda

Sesukan mung sakadaré Gampang gumun siningkiran Jer kabèh mung sandhangan AAK Culture Libray 12 www.alangalangkumitir.wordpress.com Datan langgeng wontenipun Abyor sakedhap gya muspra

69. Lamun tan waskithèng kalbi Rasanta gampil kagodha

Kayungyun ing kasukané Temah lupa sarak tata Angger-ugering gesang Kapéncut myang kapiluyu Éndah-èdining dursila 70. Tundhoné dumugèng lalis Getun keduwung pan siya Siku dhendha pinanggihé Papa cintraka kalakya Sinandhang ing jiwangga Apan émut wus kebacut Katrucut tekaning laya

71. Begja janma kang patitis Ngrucat pepénginanira

Sirik nerak sarak siré Tanggap lamun samudaya Tan langgeng ing kahana Sawatara pan wus kukut Gung kasukan sakeplasan 72. R asa dhuhkita myang branti A ywa kalantur ginarba S edyanta marlupèng raté A ngur pinupus samadya Ja sad ywa nandhang roga T inalesan manah mulung I ng pepesthèning Bathara 73. Mulata maring sasami Sadarum titahing Indra Ingaosana jejeré Ywa nganti mawang sandhangan Kang sipat kalairan Nging dugèng jatining manu Manuswa ingkang sanyata

74. Kathah-kathahing pamanggih Pandulu sulap mring gebyar

Tata lair tetalesé Ngajèni maring pepadha Nora tumus jro nala Kalenggahan bandha bandhu Kang minangka takerannya AAK Culture Libray 13 www.alangalangkumitir.wordpress.com

75. Sinten ingkang darbé aji Yèku kang mompyor wiraga