Yèn kalépyan ing kalbu Datan awas waspadèng pandulu Wong kang tumindak luput Sesiliban sisipé linimput Manah meneng satuhu Eneng-ening kadidéné wiku Tumindak datan amung Ngegungaken apa kang kabujung Grusa-grusu puniku Paribasan nyaketken bebendu Sagung h

AAK Culture Libray 8 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nadyanta tan kalair ing wuwus Wasis mawas sabarang kahanan jati Waskithèng wataking diyu Sumirih miwah waspaos

39. Yèn kalépyan ing kalbu Datan awas waspadèng pandulu

Bisa klèru kalimput ing alam lungit Lelakoné dadi buntu Katilar larasing raos 40. Ing madyaning sasrawung Kudu tanggap ilapating semu Pasemoné prakara ingkang siningid Dyan tan makna ing pandulu Dineleng telenging batos

41. Wong kang tumindak luput Sesiliban sisipé linimput

Nanging baya tan bangkit ngumpetken wadi Jro panon poladanipun Tan wurung mesthi kawaos 42. Mangkono laku apus Nora makna lamun adu burus Barang barès ginawé angèl kepati Datanpa meneping kalbu Mokal lamun bisa maos

43. Manah meneng satuhu Eneng-ening kadidéné wiku

Pranyanané landhep tanggap lampah lamis Lamun dèn anggepa cubluk Dèn blithuk tetep rekaos 44. Ywa peteng ing pandulu Mawas réka rerékaning satru Satrunira tan liya laksana juti Tilar kawignyan pan lampus Winastan uripé kawon

45. Tumindak datan amung Ngegungaken apa kang kabujung

Wusanané nglirwakken kayektèn jati Tan maca kahananipun Begja-begjané ketanggor 46. Wewéka aywa samun Tinalesan driya ingkang yutun Dhéngah lampah tinimbang-timbang sayekti Maca kahanan dèn gupuh Jumangkah pan sarwi maton AAK Culture Libray 9 www.alangalangkumitir.wordpress.com

47. Grusa-grusu puniku Paribasan nyaketken bebendu

Bebenduné badan-suksma datan kèri Mrana-mréné sarwa klèru Kléléran saenggon-enggon 48. Limpad maca satuhu Tan winates kang bisa dinulu Kasasaban samubarang sarwa sisip Tundhoné tan wruh ing gati Kang pinaringken Hyang Manon

49. Sagung hawa tinutup Namung suksma ening ciptanipun

Mahas neges mangekes maring Hyang Widi Supayantuk rèh kang puput Pinaringan weruh ingong 50. Yèn wus dugi neripun Tumaratas rèh sepi asamun Suksma kéntar buntas tatas tanpa tepi Ngriku wisiking Pukulun Winedhar sajroning raos

51. Datan rumaos apun Amangerti sanggya karsanipun