Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung Sagung kaéndahan Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum Malih pra manusa Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung Salir wewatekan Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu Salir kanugrahan Gesang namung lumingsir jroning s

AAK Culture Libray 23 www.alangalangkumitir.wordpress.com Kabisan arsa muspra Panguwasa namung sawatawis taun Tan wènten ingkang abadya Poma ywa umbag sayekti

131. Kumèrèn asoring rasa Mélik unggul pinunjul king sadyèki

Lamun nyenyalad ing kayun Kadya anelahana Sambartaka sumirat senen kekuwung Nanging sadaya tan makna Sakedhap pan musna sami 132. Langkung prayogi samadya Lenging prana tumindak mrih basuki Lila legawa winantu Lumingsir saking hawa Lamlam nala lumuyut sagunging napsu Lembita lampah utama Linumat jroning pambudi

133. Poma pacah tinuruta Pacalané kanthi meneping ati

Pranawa nulya maujud Prayitna ing satitah Paran-paran parama tyasih tinuju Parma kang bakal kadarbya Pacondhang pan dèn tebihi 134. Ruruhing rasa respatya Rerangkèné raras rinasuk ririh Rurah rusra pan riningkus Riris rumesep ing rah Rorotunggil rinakit dinadya ramu Rerenggané rasararja Rerem rumaket retnani

135. Kasengsem luhuring budya Kang karantan tangèh lamun mumpuni

Karirangga pénginipun Karuh mring kang kretarta Kadayané dèn udi kang nganti putus Katunan pan sumingkira Kawarna pucung puniki P U C U N G

136. Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung Sagung kaéndahan

AAK Culture Libray 24 www.alangalangkumitir.wordpress.com Kang pinaringken Hyang Widi Dèn resepna anèng teleng manahira

137. Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum Malih pra manusa

Miwah saisiné bumi Kanthi wijang pinaringan kaluwihan

138. Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung Salir wewatekan

Wèh resep sawiji-wiji Kawruhana ywa nganti kadamel ura

139. Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu Salir kanugrahan

Winiraos kraos èdi Temah nala ening kadereng memuja

140. Gesang namung lumingsir jroning sapangu Aywa tanpa tanja

Kélangan ingkang pangaji Silar rasa, datan wruh rèhing Hyang Suksma

141. Gung pepacuh tinungkulna ingkang mungkul Dimèn uningaa

Pangaosji mangénjali Ywa rinisak wit adrenging hardanira

142. Déné manu minangka punjering suluh Langkung kagunannya

Tinitah kanthi linuwih Rasa budya tembung lampah éndah guna

143. Jagad agung muwus mulyaning Pukulun Lamun dèn eningna

Kawuryan genging sih kang wi Karya nala ayem tentrem srah sadrema

144. Raos wardu asung warti kusung-kusung Swawi samya yitna

Kadarman tuking basuki Datan liya Ingkang Akarya Bawana

145. Kang maujud sanggya kasunyatan misud Luhuring Hyang Suksma

Gung sihé tansah ngopèni Kapranata patitis ing sapangrèhnya

146. Pan aturut mring sadya karsèng Pukulun Éndah tebanira

AAK Culture Libray 25 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nenuntun titah maniwi Angabektya lir péndah sang muniwara

147. Gung sasangkul gesang madyèng alam satu Tan ana manasya