Datan rumaos apun Amangerti sanggya karsanipun Begjané wong kang ngluru Nratas sepi nora karem turu Milaur kanthi tekun Anggegulang ngrèh lampahing kayun Luhung manah tumungkul Srah sumarah pepesthèn kang thukul Tanggap raos jarwinèki Bisa krasa lan ruman

AAK Culture Libray 9 www.alangalangkumitir.wordpress.com

47. Grusa-grusu puniku Paribasan nyaketken bebendu

Bebenduné badan-suksma datan kèri Mrana-mréné sarwa klèru Kléléran saenggon-enggon 48. Limpad maca satuhu Tan winates kang bisa dinulu Kasasaban samubarang sarwa sisip Tundhoné tan wruh ing gati Kang pinaringken Hyang Manon

49. Sagung hawa tinutup Namung suksma ening ciptanipun

Mahas neges mangekes maring Hyang Widi Supayantuk rèh kang puput Pinaringan weruh ingong 50. Yèn wus dugi neripun Tumaratas rèh sepi asamun Suksma kéntar buntas tatas tanpa tepi Ngriku wisiking Pukulun Winedhar sajroning raos

51. Datan rumaos apun Amangerti sanggya karsanipun

Mung sadrema sapira ingkang piniji Ingkang badhé dados wujud Sinélakana rekaos 52. Lamun pesthinirèku Sagung jalmi mung kudu mituhu Anampèni kalawan tulusing ati Luhung ngaturna panuwun Dé paring wedhar wigatos

53. Begjané wong kang ngluru Nratas sepi nora karem turu

Kanthi resik uripé dipun prasudi Saka karsané Pukulun Pan kepareng bisa maos 54. Poma ingkang tuwajuh Karsaning Hyang kupiya ginayuh Nanging éling ywa nganti marlupèng dhiri Yèn keblasuk dadi umuk Tan wurung dadi geguyon

55. Milaur kanthi tekun Anggegulang ngrèh lampahing kayun

AAK Culture Libray 10 www.alangalangkumitir.wordpress.com Jinumbuhna kalawan karsaning Gusti Nora mbadal dhawuhipun Manah ngenut kang sayektos 56. Aja nganti keladuk Ngangah-angah nggapé kang tan gaduk Néka-néka ngreréka wangsitirèki Ketapang angrangsang gunung Ngantya kiamat tan jégos

57. Luhung manah tumungkul Srah sumarah pepesthèn kang thukul

Pepindhané trawaca nrawang wiyati Abyoring lintang kadulu Wijanging nalar tan éwoh 58. Nyegah tutur kalantur Lantip nggraita kahanan kuwur Idhep-idhep sembur adas saupami Kaèsthi pigunanipun Kasmaran uger kang maton A S M A R A N D A N A

59. Tanggap raos jarwinèki Bisa krasa lan rumangsa

Pangertos datan talompé Mring jatinira pribadya Miwah sapadha-padha Sumrambah titah sadarum Lan saisiné buwana 60. Aja sira kumawasis Dyan wus tebih lampahira Ngudi èlmi pangertiné Awit isih ana liya Kang mesthi ngungkulana Lir wiyati èmperipun Tanpa wangenan inggilnya

61. Wong umbag kang lumuh aris Tansah rumangsa yèn bisa

Sabarang kardi ingembé Nging datan bisa rumangsa Mung samenir kawruhnya Sesongaran sarwi umuk Kaya-kaya mrantasana 62. Lamun tumanduk ing gati Briga-brigi nora pana AAK Culture Libray 11 www.alangalangkumitir.wordpress.com Seserepanira kiyé Kikuk-kidhung kang linakya Nora sumbut gunemnya Wusana jugar tan rampung Wirang mungguh rinasakna 63. Wruhanta manah kang pingging Rasa isin datan darbya Mung tembung wah pangudiné Dyan nora panggah ing karya Parandéné jumawa Tansah nggrangsang ciptanipun Ngangah-angah kadya ditya

64. Jalma kang tanpa pangerti Tan naker kabisanira