Wewarah kang kaping satnya Tumrap trap-treping lampah puniki Rasa sarèh sirik serah Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit Lamun kamu ngangsa-angsa Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani Pamikir ingkang kabranang Sring akarya pikurihaning sami

AAK Culture Libray 19 www.alangalangkumitir.wordpress.com Suka tuduh tumrap kang nalisir marga

106. Katemenan dèn udiya Pinracaya sagung janmi

Makarya tinales setya Kajibah tamtu tinampi Sanggèn tan dèn sélaki Suthik cidra colong playu Milaur tinombokna Misungsung dhiri pribadi Ya mangkono watak-wantuning satriya

107. Mangkono werdi sanyata Patitising lampahrèki

Nyingkirken sagung ruhara Kang damel dhuhkitèng kalbi Sirna dhedheting ratri Gantya pepajar winantu Rumantya ri pirena Karenan rahajeng nuli Sanggya lapa siningkur tinilar samya P A N G K U R

108. Wewarah kang kaping satnya Tumrap trap-treping lampah puniki

Sarèh samadya pan kudu Dadya pandoming rasa Sumarambah olah pikir, tembung, laku Murih kasampurnanira Poma samya dipun udi 109. Lamun ngadhepi prakara Nirlupa kabidhung adrenging karsi Linimbang-limbang satuhu Pinikir ingkang prenah Tundhonipun anteng-antèr kanthi mungkul Mring panuntuné Hyang Suksma Ngéntasken sagunging karti

110. Rasa sarèh sirik serah Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit

Tan aglis mupus pan lampus Nging wantun mrantasana Sinartanan sabar titi tan kasusu Wijang rantasing ubaya Kapengkok tan mbalénjani 111. Tan gampil semplah myang wegah Sungkan kesèd luhung tinilar sami AAK Culture Libray 20 www.alangalangkumitir.wordpress.com Sanggya reruweting laku Dèn dhepi kanthi bingah Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu Dadya daya kang santosa Piguna temah ngrampungi 112. Pamikir aywa dèn peksa Anglangkungi murwating nalarèki Kamot kinemat pan saguh Momot sagung ruhara Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh Kanthi sarèh dipun sangga Ènthèng jro nalar lan budi

113. Lamun kamu ngangsa-angsa Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani

Nguntar-untar hardanipun Nanging ingkang jinangka Nora netes kang pinanggih namung lempung Kacaryan datan kaduman Wasna kuciwa hudmani 114. Nora waspadèng wisata Datan mulur agé-agé mrepegi Dhawah wisayaning satru Jiniret tanpa daya Gung prayogi manah sarèh dipun émut Wikan dhumateng wasyasat Wismaya mamrih basuki

115. Pamikir ingkang kabranang Sring akarya pikurihaning sami

Luhung pakeken kang agung Sesumber king Hyang Suksma Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu Nenuntun gesang pakena Nugraha mangrèh hastuti 116. Tembung sarèh dèn kekuca Aywa kongsi nengenken waton muni Tan karya tabeting tatu Manjing tumrah gung jalma Dèn upaya ukara marganing sarju Sirna sedyaning sulaya Pan ayem tentrem piniji

117. Dyan pinitenah ing liyan Nora males sagung piawon sami