Sesongaran pamèr darbya kaluwihan Kaya tan ana malih Nadyan rupak prananira dèn wiyarna Nora cupet ing budi Pepénginan makantar-kantar angrebda Poma dèn kemudhèni Siluk rumpil ngambah margi kaleresan Sasat tan ana gampil Dèn gegulang pamardi ingkang utama

AAK Culture Libray 27 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi Yèn mangkana sumimpang kesasar marga

167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh Ura ngambra-ambra

Pangèsthiné salah dadi Kawruh mentah datan éca dipun tedha

168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu Éman dèn tilarna

Milaur dipun prasudi Dèn èstokna dadya darma kang utama D U R M A

169. Apa baya wewarah kang kaping astha Brataning wong nenepi

Laku angupaya Mustikaning manuswa Supados amunpangati Ing samudaya Ywa muspra tanpa werdi 170. Atetarak tan muhung ing kalairan Cegah dhahar lan guling Pasa lan aderma Tlatèn maring agama Nging ati tan dèn rawati Pan nora tanja Sami kadi tyang pingging

171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan Kaya tan ana malih

Janma ingkang padha Tandhing lan kabisannya Angrèmèhken mring sesami Dadi tan guna Ngrasuk maring agami 172. Jangkepira manungku maring Jawata Kathah kang dipun sirik Nora rupa boga Dudu pranata puja Nanging sagung lampah sisip Dipun tilarna Puniku wèh hastuti

173. Nadyan rupak prananira dèn wiyarna Nora cupet ing budi

Nututi candhala AAK Culture Libray 28 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nurut hardaning hawa Nerak sarak tanpa isin Nir ing kayitnan Nalisir nyimpang margi

174. Pepénginan makantar-kantar angrebda Poma dèn kemudhèni

Pinekak ywa ndadra Pinuntu kanthi lamba Pepacuh myang wasitadi Pakekenira Pan nuntun laksitèki 175. Tindak mblasar atetawa kanikmatan Tumrap kang tan udani Tumama ing karsa Temah kayungyun godha Tan kuwagang anyingkiri Trékah sulaya Tundhoné dadya tuni

176. Siluk rumpil ngambah margi kaleresan Sasat tan ana gampil

Satuhu ing budya Sasmita dèn tilingna Sinartan antebing pikir Sirik piala Sumenggah hardèng karsi 177. Kabèh ika kalakyan lamun dèn udya Kanthi tlatèn taliti Kineker jro nala Kinemat ingecakna Kaprasudi dipun gladhi Kridhaning suksma Karèh nut ing prayogi

178. Dèn gegulang pamardi ingkang utama Datan pegat martapi

Dyan awrat sinangga Dipun embat wardaya Déné yèn wus dèn antepi Dadya kuwawa Daryana gung utami 179. Lamun léna nilaraken kaprayitnan Lumuh macala kapti Lali pariwara Lelumban madyèngkara Léngah enering paniwi Lampah sulaya AAK Culture Libray 29 www.alangalangkumitir.wordpress.com Lalis datanpa werdi 180. Muja tapa atetarak durlaksana Mungkurken sagung yogi Meleng ing karsanta Manekung pancadriya Manunggil karsèng Hyang Widi Mat kautaman Mulung myang kang pinanci

181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa Nilarna watak dhiri

Milaur prasaja Tan ngendhakken sasama Nyingkiri tumindak sisip Wisésanira Nora kanggé ngakali 182. Tinahena salir pikir tan pakena Miwah sir kang nalisir Poma dèn cegaha Ywa jinarken ngrembaka Yèn kadhung amemalahi Tan gampil mendha Lir nyirep bagaspati

183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan Nyalad adrenging karsi